Satriya Wujudipun Piwulang Moral

moral kangge manungsa supados ampun sembrana wonten ing pagesangan saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika. Rujak pace jo sembrono . SW, 2012 : 31-32 Konteks rujak pace menika negesi kaliyan sedaya kemawon ingkang ndadosaken raosipun manungsa menika boten sekecapait. Amargi pace menika salahsatunggalipun jinis woh-wohan ingkang raosipun boten sekeca, menapa malih menawi dipunrujak. Lajeng jo sembrana ngemu teges bilih manungsa menika anggenipun nglampahi pagesangan kedahipun saged nebihi sembrana. Menawi kekalih teges menika kalawau dipungayutaken saged kaandharaken bilih sembrana menika saged ndadosaken raosipun manungsa menika boten sekeca. Kanthi ningali andharan wonten ing nginggil saged dipunpundhut dudutanipun, bilih manungsa wonten ing donya menika kedah nebihi sembrana. Amargi menawi sampun dipungadhahi, boten gampil dipunicali. Tiyang ingkang remen sembrana wonten ing pagesanganipun saged damel bebaya dhirinipun piyambak lan tiyang sanesipun. Gendhing Ima-ima menika ngawrat piwulang moral ampun sembrana, katitik saking cakepan rujak pace jo sembrono, saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti ingkang leres kangge dhirinipun piyambak.

s. Satriya

Satriya tegesipun inggih menika tiyang utawi prajurit ingkang luhur. Dene tiyang ingkang dipunarani satriya saged dipunwastani tiyang ingkang kagungan watak satriya, watak satriya menika antawisipun kendel lan utama. Kendel wonten ing mriki kendel wonten ing babagan kabecikan, boten wonten ing babagan kalepatan. Dados menawi badhe mbelani dhateng kabecikan kedah kendel. Perkawis menika jumbuh kaliyan tetembunganipun tiyang jawi menawi kendel ampun wedi wedi, menawi wedi ampun wani wani. Sasampunipun ningali andharan wonten ing nginggil, manungsa kedahipun saged satriya anggenipun nglampahi pagesangan. Panaliten menika manggihaken tuladha piwulang moral supados manungsa saged satriya anggenipun nglampahi pagesangan. Cakepan gendhing dolanan saklebetipun buku anggitanipun Sri Widodo ingkang ngandharaken wigatinipun piwulang moral satriya kapanggihaken wonten ing gendhing dolanan kanthi irah-irahan Kembang Jagung. Cakepan gendhing Kembang Jagung ingkang ngawrat piwulang moral kangge manungsa supados satriya wonten ing pagesangan saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika. Iki lho dhadha satriya iki lho dhadha Janaka . SW, 2012 : 33-34 Cakepan wonten ing nginggil negesi wonten satunggaling manungsa ingkang saweg nandang bebaya. Ananging manungsa menika kendel boten wedi kanthi ngendika iki lho dhadha satriya. Iki lho dhadha satriya menika ngemu teges bilih tiyang menika boten purun selak lan malah ngendelaken sipat satriyanipun, perkawis menika saged dipuntingali saking perangan ukara salajengipun iki lho dhadha Janaka. Janaka wonten ing pewayangan inggih menika panengahe pandhawa ingkang gadhah sipat satriya ingkang sampun misuwur wonten ing jagad menika. Kanthi mekaten, nedahaken bilih tiyang menika boten ajrih lan kendel ngadhepi bebaya ingkang wonten ing sangajengipun. Wigatinipun sipat satriya kangge tiyang kangge ngadhepi perkawis utawi pacoban wonten ing donya menika ndadosaken sipat menika kedah dipungadhahi dening manungsa. Kanthi ningali andharan wonten ing nginggil saged dipunpundhut dudutanipun bilih sipat satriya menika wigati kangge dhirinipun manungsa piyambak kangge ngadhepi perkawis utawi pacoban wonten ing donya menika. Gendhing Kembang Jagung menika ngawrat piwulang moral satriya, katitik saking cakepan iki lho dhadha satriya iki lho dhadha Janaka, saged dados tetimbangan pamireng anggenipun tumindak kanthi akhlak saha budi pakerti ingkang leres kangge dhirinipun piyambak.

t. Empan Papan