Jinising Panaliten Cara Ngempalaken Data

25

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Panaliten menika kalebet panaliten ingkang ngginakaken cara panaliten kualitatif . Miturut Ratna 2007: 46, cara kualitatif inggih menika panaliten sastra katliti kanthi cara ngandharaken ngginakaken sajian ingkang awujud deskriptif. Panaliten menika kagungan ancas kangge paring andharan babagan piwulang moral, wujuding piwulang moral lan caranipun ngandharaken piwulang moral ingkang wonten ing cakepan gendhing dolanan wonten ing Buku Gendhing- gendhing Dolanan anggitanipun Sri Widodo. Buku menika kacithak dening penerbit CV. Cendrawasih wonten ing Sukoharjo-Surakarta. Kanthi ningali andharan menika kalawau saged dipunwastani bilih panaliten ingkang nliti piwulang moral wonten cakepan gendhing dolanan wonten ing Buku Gendhing- gendhing Dolanan anggitanipun Sri Widodo menika ngginakaken cara kualitatif kanthi cara deskriptif . B. Data lan Sumber Data Data wonten ing panaliten menika awujud tembung, frase lan tetembungan ing lirik utawi syair wonten ing Buku Gendhing-gendhing Dolanan anggitanipun Sri Widodo. Data ingkang sampun kapanggihaken lajeng dipunpantha dados tiga inggih menika miturut jinising piwulang moral, wujudipun piwulang moral lan cara anggenipun ngandharaken piwulang moral. Sumber data panaliten menika saking lirik utawi syair gendhing dolanan ingkang wonten ing “Buku Gendhing-gendhing Dolanan” anggitanipun Sri Widodo ingkang kacithak dening penerbit CV. Cendrawasih. Buku menika kacithak wonten ing Sukoharjo-Surakarta. Edisi ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika edisi revisi taun 2012. Saged dipunpanggihaken 117 gendhing dolanan wonten ing 107 kaca buku menika.

C. Cara Ngempalaken Data

Caranipun ngempalaken data panaliten menika kanthi cara maos makaping- kaping lirik utawi syair gendhing dolanan ingkang wonten ing Buku Gendhing- gendhing Dolanan anggitanipun Sri Widodo ingkang kacithak dening penerbit CV. Cendrawasih ingkang manggen wonten ing Sukoharjo-Surakarta taun 2012. Sasampunipun maos lajeng data dipunpadosi jinisipun piwulang moral, wujudipun piwulang moral lan anggenipun ngandharaken piwulang moral. Data ingkang sampun kapanggihaken lajeng dipungayutaken kaliyan ancasing panaliten menika. Salajengipun, data dipunpantha dados tembung, gatra utawi larikipun wonten ing pada lirik utawi syair. Panaliten menika ngginakaken reduksi data kangge ngicalaken data ingkang boten wonten gegayutanipun kaliyan ancasipun panaliten menika. Kanthi cara mekaten kaajab bilih data ingkang kapanggihaken saged awujud data ingkang trep. Salajengipun data ingkang sampun trep kalawau kalebetaken wonten ing kertu data. Kertu data menika kapantha miturut jinising piwulang moral, wujudipun piwulang moral lan cara ngandharaken piwulang moral wonten ing Buku Gendhing-gendhing Dolanan anggitanipun Sri Widodo ingkang kacithak dening penerbit CV. Cendrawasih ingkang manggen wonten ing Sukoharjo-Surakarta taun 2012.

D. Pirantining Panaliten