bukunipun Sri Widodo amargi buku menika
menarik
lan dereng nate dipunteliti sakderengipun. Sapangertosan paneliti, panaliten ngengingi
piwulang moral wonten ing gendhing dolanan namung nliti gendhing- gendhing ingkang misuwur kemawon. Dene panaliten babagan gendhing
dolanan wonten ing setunggal buku dereng nate dipunlampahi.
B. Underaning Perkawis
Saking ningali dhasaring panaliten ing nginggil, saged kapanggihaken underaning perkawis kadosta wonten ing ngandhap menika
1. Mlebetipun media
modern
ingkang boten dipunsaring njalari ewahing moral.
2. Daya pangaribawa tiyang sepuh tumrap mindhakipun
moral lare. 3.
Gendhing dolanan wonten ingkang ngawrat piwulang moral. 4.
Wujudipun piwulang moral wonten ing cakepan gendhing dolanan wonten ing buku gendhing-gendhing dolanan anggitanipun Sri Widodo.
5. Jinising piwulang moral wonten ing cakepan gendhing dolanan wonten
ing buku gendhing-gendhing dolanan anggitanipun Sri Widodo. 6.
Cara ngandharaken piwulang moral wonten ing cakepan gendhing dolanan wonten ing buku gendhing-gendhing dolanan anggitanipun Sri
Widodo.
C. Watesaning Perkawis
Saking ningali watesaning panaliten wonten ing nginggil, saged kapanggihaken underaning perkawis kadosta wonten ing ngandhap menika.
1. Wujudipun piwulang moral wonten ing cakepan gendhing dolanan
wonten ing buku gendhing-gendhing dolanan anggitanipun Sri Widodo. 2.
Jinising piwulang moral wonten ing cakepan gendhing dolanan wonten ing buku gendhing-gendhing dolanan anggitanipun Sri Widodo.
3. Cara ngandharaken piwulang moral wonten ing cakepan gendhing
dolanan wonten ing buku gendhing-gendhing dolanan anggitanipun Sri Widodo.
D. Wosing Perkawis
Kanthi ningali watesaning perkawis wonten ing nginggil, saged kapanggihaken wosing perkawisipun panaliten kadosta wonten ing ngandhap
menika. 1.
Kados pundi wujudipun piwulang moral wonten ing cakepan gendhing dolanan wonten ing buku gendhing-gendhing dolanan anggitanipun Sri
Widodo? 2.
Menapa kemawon jinising piwulang moral wonten ing cakepan gendhing dolanan wonten ing buku gendhing-gendhing dolanan anggitanipun Sri
Widodo?
3. Kadospundi cara ngandharaken piwulang moral wonten ing cakepan
gendhing dolanan wonten ing buku gendhing-gendhing dolanan anggitanipun Sri Widodo?
E. Ancasing Panaliten