Yen paduka ngantos jurit, inggih kalayan jeng eHyang, mapan Pan inggih mekaten malih, paduka wonten punika, saking Kanjeng Mapan benjing dhateng pundi, inggih bapa dhateng anak, anak Kanjeng eyang sampun galih, suwenge Pangran dipaya

AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 53 75. Kanjeng raja ngandika ris, paran adhi pikirira, Kanjeng rama owah tyase tan arsa ningali mring wang, dene pengrasaningwang, barang kinarsakaken iku, sun adhi datan suwala.

76. Kongsi cinacat wak mami, ingsun adhi mring Welonda, saking

dene wediningngong, iya marang Kanjeng rama, Pangran panengah turira, kados boten marem tuhu, yen paduka teksih nama.

77. Nenggih jeng raja puniki, lan malih kang prentahan, jeng raja

ngandika alon, apa adhi sun aturna, Pangran panengah turira, mapan langkung ewedipun, yen paduka angaturna.

78. Inggih ing kalih prakawis, boten wande yen kapiran, paduka ing

nginakake, inggih dhateng pun Welonda, sawung medhot pondhongan, punika upamenipun, inggih dinamel punapa.

79. Jeng raja ngandika aris, paran adhi kang prayoga, Pangran

panengah ature, ingkang kepanggih kawula, sanajan den pundhuta, mapan lun kekahi tuhu, nadyan praptaha ing yuda.

80. Mapan inggih lun lampahi, rumiyin pan sampun lila, lawan ingkang

ngangkat mangko, inggih gupremen Welonda, yen paduka ajriha, pan Welonda sampun tamtu, ewa dhumateng paduka.

81. Kang lamun lajeng tinampik, kados pundi temahanya, kapinten

kalih-kalihe, senadyan bonda ayuda lawan rama paduka, kang punika sababipun, kados nunten tinulungan.

82. Dhateng gupremen puniki, sabab punika kang karya, jeng raja

emeng ing tyase, nulya antun mring kang putra, Pangeran Dipanagara, paran karepira kulup apa nunggal pamanira.

83. Yen upama durung nunggil lah mara sira matura, Pangran

Dipanagarane, mapan aris aturira, pisah nunggil tyas amba, lan paman panedhah tuhu, sumongga tuwan galiha.

84. Upami sami satunggil, mapan awrat mring sudarma, lamun

Kanjeng eHyang yektos, peputra dhateng paduka, tan galih mring kang liya, mapan punika satuhu, ingkang dados kancanira.

85. Kencenging tyas amba yekti, aluhung ing ngaturena, senadyan

silih pamine, dhumatenga ing ngayuda, lamun nunggil sudarma, mengsah lan Welonda tuhu, mapan sae kang carita.

86. Yen paduka ngantos jurit, inggih kalayan jeng eHyang, mapan

ambatur sayektos, kencenge manah kawula, mapan dherek Kanjeng eHyang, milane wonten pukululun, pan inggih saking paduka.

87. Pan inggih mekaten malih, paduka wonten punika, saking Kanjeng

Hyang wijine, nanging kalamun jeng Hyang, tan galih puta liyan, nging punika mawenipun, aluhung ing ngaturena. AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 54

88. Mapan benjing dhateng pundi, inggih bapa dhateng anak, anak

mring putu tan wande, kalamun lujeng punika, pan amba mirsa warta, mapan inggih terang sampun, saking adhi Suryabrongta.

89. Kanjeng eyang sampun galih, suwenge Pangran dipaya, kang

badhe kinarsakake, gentosi, paduka, lawan ingkang pasoan, pan Mangkudinigrat tuhu, sampun dados pambag samya.

90. Nging kantun ngentosi Inggris, yen paduka ngekahana, kados

kalangkung ewede, pan Kanjeng Hyang tan sikara, dhateng nama paduka, nanging karya jangkepipun, inggih wicalan Negara.

91. Ratu mapan putraneki, nenggih Pangeran Dipatya, mekaten

samya rembage, paduka wus nama raja, mapan raja kewala, aja pecah badhenipun inggih nagari Ngayogya.

92. Lamun paduka ngekahi, datan wande bondayuda, langkung awon

pocapane, lamun tan kinekahana, mapan kelajeng benjang, marma amba kamipurun aluhung ing ngaturena.

93. Mumpung dereng ngantos ugi, kawentar mring tiyang kathah,

lingsem lan punapa mangko, pan saking karsa paduka, priyongga kang ngaturna, mapan wonten tandhanipun pejahe paman Danurja.

94. Welandi boten nulungi, tur mindhak wewah duraka, lawana tan