Jeng Sultan genira lenggah, dhateng loji methuk sapisaneki,

AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 61 12. Mengkana Jendral atanya, sapa ingkang tinuding anggenteni, jumeneng Ngayogya iku, lamun Sultan tan ana, Kanjeng Sultan nulya angandika iku, iya ki Dipati ika, nanging lamun tulus becik. 13. Jendral Botermas saurnya, becik ora dhingin katon punapi, yen mengkono ingsun jaluk, iya kang tondha asta, lawan tamtu ingya kang urupan iku, sagung bumi tanah Jipang, lawan preraHyangan iki. 14. Kanjeng Sultan angandika, mengko sore iya ingsun ngirimi, Jendral anyauri asru, mengko iki kewala, ewuh apa iya iku tandhanipun, yen tan siji karsanira, esmu lingsem Sri Bupati. 15. Nulya paring tondha asta, lawan Jendral iya nandhatangani, mengkana pan sampun rampung, lamun Pangran Dipatya, yen tan ana Kangjeng Sultan gumantya ku, lan wonten malih bicara, ning Jeng Sultan arseki. 16. Pan besuk esuk kewala, ing saiki wis banget sayah mami, Kanjeng Sultan lajeng kondur, sareng enjing winarna, Kanjeng Sultan utusan mring loji iku, ki Adipati Danurja, kang ing ngutus sampun panggih. 17. Lan Jendral mapan mengkana, sampun ewah kados adat puniki, Jendral manjinga kedhaton, lampah samanya, pan gentosan dene kang bicara agung, kepanggih wingking kewala, sabab sampun kaping kalih.

18. Jeng Sultan genira lenggah, dhateng loji methuk sapisaneki,

manggihi ping kalihipun, marma wayah paduka, mapan sanget ing pangajeng-ajengipun, Jendral Raples Abottremas, mesem sendhu denira ngling. 19. Mengkone pratelanira, lamun nora kena ginawe becik, Sultan ing saujaripun, ing wingi saguhira, mapan iki ing dina pan ayun wangsul, wekasan ingsun den undang, lah Danurja luwih becik. 20. Ing besuk-esuk kewala, ingsun manjing kedhaton iku becik, wus tutura mengkono ku, nulya Kyai Danurja, sampun mundur saking loji, prapta iku, lajeng matur mring sang nata, sagah Jendral benjing enjing. 21. Manjing mring kedhaton nulya, pukul tiga dalu Jendral puniki, budhalan sawadyanipun, mantuk kebut sedaya, nanging kantun kang jaga lir adatipun, mester Jankresrapet ika, kalawan sawadyaneki. 22. Mengkana ingkang winarna, Kanjeng Sultan saantukira iki, Jendral mapan sakelangkung, prihatin ingkang driya, nanging ingkang sinanguran jroning kalbu, kang putra Pangran Dipatya, wus dinuga tepang batin. AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 62 23. Lawan Jendral Abotremas, nanging meksih ayuda penggalihneki, dene tan ana kang patut, wong Kadipaten ika, lamun kongsi ing ngandel Welonda iku, ana siji sun kon buwang, kang liya tanana maning. 24. Mapan kinen ngupadosa, nanging repit langkung datan nyanani, dadya tan kepanggih iku, mengkana Kangjeng Sultan, mapan nemah mengsah lawan Ingris iku, den menggung Samadininggrat, ingkang binobat ing kardi. 25. Atepang lan Surakarta, nging Jeng Sunan pitajeng mring kang rayi, Pangran Mangkubumi ku, lawan ingkang papatya, den Dipati Cakranagara puniku, mapan lajeng prajangjeyan, ing benjang kalamun jurit. 26. Lawan Inggris Surakarta, mapan sagaha nyabet saking wuri, mapan samya sumpah sampun, kang sata liru patra, tondha nama wus dadya ubayanipun, mapan ing samongsa mongsa, mengkana ingkang ubanggi. 27. Enengna kang wus ubaya, Kangjeng Sultan pan kalih karsaneki, ingkang binobot puniku, dhatengaken kang karsa, rapetipun lawan Inggris malih iku, lawan tulus dadenira, nenggih Pangran Adipati. 28. Pangran Mangkudiningrat, ingkang rayi wau sampun nyagahi, Pangran Natanusumeku, mengkana karsanira, Kanjeng Sultan mring mester pamundhutipun, kang putra Pangran Dipatya, tiga sinrahakeneki. 29. Linorot lawan binucal, lan sinedan mongsa borong Inggris, punika mapan pinuju, lan Raden Jasentika, Pangran Natanusuma ing praptanipun, ing loji pan tap-untapan, nging den menggung kang rumiyin. 30. Jankrerapet mapan nulya, den Tumenggung nginggahken loteng nuli, langkung dene repitipun, mring Raden Jasentika, Pangran Natanusuma bicara iku, sebarang kang den bicara, den Jayasantika uning. 31. Mapan datan mawi taha, Pangran Natanusuma bicareki, lawan Jankresrapet iku, dinuga mongsa jalma, kang wruh nulya pinaringke iku, ingkang nuwala Jeng Sultan, barang karsa kawrat sami.

32. Kang nuwala gya binuka, sampun terang genira maos tulis,