Bilih menawi marengi, wonten pitulunging suksma, Kanjeng Yen meluwa bicareki, wus mongsa bodhowa sira, nadyan silih Nanging adhinira siji, si bagus mongsa bodhoha, sun titip marang Bilih marengi dewaji, anuhun pamit kawula, mantuk mri

AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 58

139. Mapan sampun mirsa warti yen kang ibu kawelas arsa, esmu

bramatya manahe, lajeng kinen nimbalana, dhumateng ingkang putra, Pangran Dipanegareku, ing Tegalarja tan ana.

140. Lajeng kinen ngupadosi, kepanggih neng guwa Secang, lajeng

lancaran lampahe, tan kondur mring Tegalarja, mapan lajeng kewala, saking kuwatosing kalbu, Jeng Pangran dhateng kang rama.

141. Tan antara sampun prapti, ing kadipaten semana, mapan nuju

bakda ngisane, Pangeran Dipanagara, mapan lajeng kewala, malebet panepen iku, salat sampunira bakda.

142. Mapan lajeng den timbali, Kanjeng Pangran Adipatya, pinarak

neng gedhong pangkeng, Pangeran Dipanagara, pan sampun prapta ngarsa, Kanjeng Pangran sareng dulu, wau dhumateng kang putra.

143. Kumembeng waspanya mijil, Pangeran Dipanagara, mapan ya

mengkono maneh, ring sampunira atata, sakalihan kang driya, Kangjeng Pangran dipatyeku, mapan aris angandika.

144. Paran ta kulup sireki,, eHyangira kawelas arsa, kang lawang

pinepet mangko, nora kena yen manjinga, marang kedhaton ika, margane mengkono iku, kulup iya eHyangira.

145. Pan kagawa ingsun yekti, wus sun duga Kanjeng rama, marang

ingsun sida supe, pratondha iku kewala, iya marang eHyangira, paran ta kulup sireku, ingkang dadi karepira.

146. Sapira ingsun pribadi, apadene eHyangira, mapan wis wareg

rasane, kulup kamuktene donya, nadyan silih matiya, apan wus sedheng nakingsun, nanging sira kaya ngapa.

147. Lan adhi adhinireki, paran baya olahira, mengkana Pangran duk

anon, pangandikane kang rama, apan ing tyas mengkana, marmaning ana wakingsun, iya teka Kangjeng Rama.

148. Kanjeng rama ana iki, iya teka Kanjeng eyang nanging Kanjeng

eHyang mangko, mapan darbe putra liya, lan wayah, pasthi iya, dadya ngadegsuranipun, Pangeran Dipanagara.

149. Anulya matur wotsari, wau dhumateng kang rama, yen mekatenna

karsane, Kanjeng Hyang yektos punika, supe dhatengpaduka, nging amba nuwun pangestu, sasaged-saged kawula.

150. Bilih menawi marengi, wonten pitulunging suksma, Kanjeng

Pangran ngandika lon, ya kulup sakarepira, sun amini kewala, dene ingsun iki kulup, mapan Hyang wus nora kena.

151. Yen meluwa bicareki, wus mongsa bodhowa sira, nadyan silih

upamane, tumeka lara palastra, ingsun melu kewala, lan tan darbe anakingsun, saliyane nanging sira. AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 59

152. Nanging adhinira siji, si bagus mongsa bodhoha, sun titip marang

sira bae, apa ing sakarepira, ingsun pasrah kewala, Pangran Dipanegareku, mapan aris aturira.

153. Bilih marengi dewaji, anuhun pamit kawula, mantuk mring

Tegalarjane, derapon sampun kawentar, dhumateng tiyang liyan, lawan malih amba suwun, pun paman Jayasantika.

154. Kenging kawula kanthi, nulya Raden Jasantika, tinimbalan prapta

age, mapan lajeng kinawuhan, wus tepang kalihira, Kangjeng Pangran dipatyeku, wus pracaya mring kalihnya.

155. Pangran Dipanegareki, lan Raden Jayasantika, kalilan kalih wus

lengser, saking ngarsane kang rama, kondur mring Tegalarja, dadya langkung repetipun, gung rembag tan wonten nyana.

156. Kanjeng Pangran Adipati, tan owah pasoanira, mengkana winarna

mangko, den menggung Jayasantika, pan kinen lumebeta, mring Pangran Dipanegareku, mring loji pan sampun panggya.

157. Lawan Jankerrapet iki, dene kang kinarya marga, mring den

Jayasentikane, anenggih Kapitan Cina, pun Jingsing ingkang nama, nulya mretelakaken iku, Rahaden Jayasantika.

158. Ing sanes karanya sami, punapa dene kang nama, Kanjeng raja