Kang tumanceb aneng pulung ngati, pan tansah katongton, pantes

AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 84 147. Wus diwasa iku dadi ati, durung ana patot, ingkang mengku iya prayogane, lawan kappa .......mring ngibadah yekti, yen sembada ugi, aturna sinuhun. 148. Mring Jeng Sultan jodhone nak mami, Jeng Pangran tur nya lon, sarwi mesem jrih kawula mangke, lamun atur mapan sanes kardi, bilih den westani, salah kardi tuhu. 149. Kanjeng ratu ageng ngandika ris, bener gakireku, lamun sira duwe karep kuwe, anakira ngur tutura maring, bak ayunireki, ratu kencaneku. 150. Pangeran Dipanagara nulya glis, mundur sing ngarsa wus, ingkang eyang lan kang ibu mangke, ing samarga mapan mandhek nolih, kang kaesthi galih, kang neng kori iku. 151. Nyai lurah kalih matur malih, dhuh gusti kedangon, tedhak kondur salah weweng bae, pijer kori ingkang den tingali, pan wonten punapi, kalih nya gumuyu. 152. Kanjeng Pangeran mesem gya lumaris, sampun prapta mangko, ing kedhaton ngarsane sang rajeng, Kanjeng Sultan dangu ngarsi arsi, dereng ewah iki, genya lenggah wau. 153. Kanjeng Sultan atanya mring siwi, sira suwe mangko, apa baya kang rinembag kabeh, Kanjeng Pangran matur awotsari, mapan kathah ugi, Jeng eyang karsanipun. 154. Lawan Kanjeng ibu sami ugi, niskara wus katur, Kanjeng Sultan aris angandikane, iya sokur alkamdulilahi, yen ibunireki, kuwat luwih patut. 155. Nyai lurah kalihaneng wingking, pan samya geguyon, kalih pisan samya sembranane, Kanjeng Sultan sareng aningali, nulya atanya ris, pasira guguyu. 156. Nyai lurah kalih atur bekti, putranta sang katong, boten dangu soan mring kang eyang yektos, pijer salah wengweng wonten margi, wus kadugeng galih, mesem jeng sinuhun. 157. Pan tumungkul Pangran Dipanagri, nanging tyas wus yektos, kang katingal nanging kori bae, kang sinuhun mesem ngandika ris, wis ta kulup dhingin, mulih anakingsun. 158. Kanjeng Pangran wus lengser sing ngarsi, nira jeng sang katong, lajeng kondur mring Tegalarjane, sarawuhnya mapan mujung guling, nanging kang kaeksi, sang retnaning ngayu.

159. Kang tumanceb aneng pulung ngati, pan tansah katongton, pantes

temen warna tenagane, pasemone tuhu mandhitani, sotyaning pawestri, baya kang tumurun. AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 85 160. Midering ngrat sun durung ningali, sesotyaning wadon, ingkang memper pan sathithik bae, leleng ing tyas datan mijil mijil, kawarna sang ngaji, aputusan iku. 161. Kanjeng ratu kancana pribadi, kang lumampah mangko, tedhak marang ing Tegalarjane, sampun prapta mapan nulya panggih, kang Pangran tinari, krama lajeng ayun. 162. Inggih lamun tinari akrami, pan selaminipun, Kanjeng Pangran mesem lon ature, salamanya dereng angsal ugi, kadang tingal yekti, dyah anglir puniku. 163. Mesem ratu kencana nulya mit kondur mring kedhaton, sampun rawuh matur ing sang rajeng, langkung suka Kanjeng Sri Bupati, lon ngandika ris, ya bener anakmu. 164. Nadyan ingsun ya durung ningali, kang memper wong wadon, lan ibune dhasar becik si beng, ing Ngayogya ana ana kekalih, lan tetekoneki, jatmika tur patut. 165. Dhasar pantes iya anderbeni, Tegalarja mangko, lan kang lanang padha tetekone, kapandhitan padha den karemi, sun duga ing ngati, wus kanthine iku. PUPUH XVIII K I N A N T H I 1. Duk ing dingin duryatipun, kala aneng ing swargadi, mengkana Srinaranata, mapan lajeng ken dhawuhi, Raden Dipati Danurjan sagung sentana sami. 2. Wulan kang Ji mapan nuju, sagunging sentana sami, tugur aneng Tegalarja, Kanjeng Pangeran Dipati, atengga dhateng kang raka, lawan Pangran Mangkubumi. 3. Pangeran ngabei iku, tan wenggan ming atuwi, Pangeran Dipanagara, apan iya nora mijil, neng Selareja kewala, kang neng dalem ingkang rayi. 4. Pangeran Dipati iku, lawan Pangran Mangkubumi, angentiaken kasukan, sedaya ingkang nyegahi, Pangeran Adinagara, lan Pangeran Suryabrangteki. 5. Pangeran Adisuryeku, sadaya pan wus wineling, wau dhumateng kang raka, sakarsa-karsanireki, anelasna kang kasukan, marma datan ta asami. 6. Ing kadhaton kang winuwus, sagung ingkang para putri, mapan pepekan sadaya, tan sanes Tegalarjeki, samya sinegah kasukan, mring Kangjeng Srinaranati. AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 86 7. Mengkana ingkang winuwus, wus prapta semayaneki, ing dinten Isnen punika, mapan nulya den timbali, Jeng Pangran Dipanagara, dhumateng Kanjeng sang ngaji. 8. Pan ing ngiringaken sagung pra putra santana sami, sampun prapta ing Ngayogya, lajeng ngandikaning puri, sampun pepak prangulama, tanapi kang pra Dipati. 9. Sadaya ngandikan sampun, ingkang ageng ageng sami, ngulama alit sadaya, tenapi Bupati alit, pan kinen kantun punika, sedaya neng Srimenganti. 10. Kangjeng Sultan lenggah sampun, aneneg ing panepen iki, lan kyai pangulu ika, tenapi kawrangu lamu, Kanjeng Pangran lenggah bangsal, ing ngandikan sampun prapti. 11. Ing panepen ngiring sagung, praputra santana sami, myang sagunging pra Dipatya, ingkang ageng ageng ngiki, Kanjeng Pangran nulya ningkah lan sang dyah retnaning puri. 12. Mapan sinaid sampun, mring sagung para ngulami, pragat denira aningkah, nulya kinen medal sami, kyai pangulu kalawan, myang sagung kang prangulami. 13. Kanjeng Sultan miyos sampun, saking ing panepen iki, angiringaken kang putra, langkung tyas marwata siwi, lenggah neng bangsal sekedhap, nimbali Raden Dipati. 14. Kalawan Raden Tumenggung, Pringgadiningrat puniki, tan tebih lawan kang putra, Pangeran Dipanagari, sinandhing ngandhap dhedhampar, lawan jeng Pangran Dipati. 15. Ingkang praputra sedarum, soan neng tratag sami, tunggil lan Raden Dipatya sang nata ngandika aris, ing mengko sore Danurja, pukul telu pepakneki. 16. Jola lan jempana iku, pepakna magangan iki, lan Pringgadiningrat sira, den pamekta kang jajari, sagung ing prajurit ika, sandika atur nyakalih. 17. Ngandika malih sang prabu, aruming Raden Dipati, lan Raden Pringgadiningrat, ing mengko tyas ingsun iki, bareng wis gelem rabiya, nakingsun Dipanegari. 18. Pan wus padhang atiningsun, tan ana ingkang sun pikir, dadya wus bersih tyasingwang, nanging keri mring Hyang Widi, ing wuri Walauaklam, wus padha mundura iki.

19. Tur sembah kalihwus mundur, kawarna jeng Sri Bupati, teksih