AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
51
50. Ing mangko wus den paeni, iya marang eHyangira, paran polah
ingsun mangko, lamun ingsun ing ngandikan iya marang Kanjeng rama, apata ingsun lumaku, paran mangke rembagira.
51. Pangran Dipanegareki, mapan aris aturira kelamun sedalu
mangke, prayogi mopo kewala, Kanjeng raja ngandika, lamun mengkono karepmu, prajurit sira pepakna.
52. Menawa eHyang ngireki, kebacut supe dukanya, iya marang
ingsun mangko, nora wurung bondayuda, Pangeran Dipanagara, wotsekar alon umatur, marma andangu kawula.
53. Dadak mampir anyrengeni, dhateng paman Jasentika, pan
sampun sedhiya mangko, gung abdi dalem sedaya, lajeng ambakon bubarna, nging kantun kang samya sepuh, lajeng mring
panepen amba.
54. Pan inggih mekaten sami, kakirah manodin lawan, ki Muhammad
Usman mangke, kaum lawan Suranata, kancanipun sedaya, pan samya sumekteng pupuh, kori sampun tinetegan.
55. Lajeng kawula srengeni, lan ingkang keti punika, ambaen bucal
tetege, mindhak karya salah nyana, Kanjeng raja duk mirsa, ature kang putra iku, dangu datan angandika.
56. Wekasan ngandika aris, paran kulup karepira, ingsun nora duga
mangko, sireki pananging juga, senadyan akulita, tembaga balung wesi ku, otot kawat sungsum gegala.
57. Mongsa ta gelar iki, mungsuh paman-pamanira, mapan ta kaliwat
akeh, Pangeran Dipanagara, pan aris aturira, nedyan mewah malih puniku, anging pangestu paduka.
58. Yen Kanjeng eHyang upami, meksa dhateng ken wesesa,
dhumateng paduka supe, kapanggiha ing kawula, samya den tingalana, sampun wonten tumut-tumut, nulya Raden Jasantika.
59. Mapan sowan tur upeksi, lamun den Sumadinngrat, lawan
Brotanusumane, ing ngutus dhateng sang nata, Kanjeng raja narendra, mapan angandika arum, Dipanagara ywa lunga.
60. Alingana wuri mami, sun undange uwakira, nulya tinambalan age,
ing wiriden Jasentika, sampun prapta ing ngarsa, Kanjeng raja ngandika rum, dika kang ngutus punapa.
61. Raden Menggung matur aris, dutus maringi uninga, mring jeng
rama tuwan katong,lan paduka ing ngandikan, Kanjeng raja ngandika, nggih kakang andika matur, kawula ing sapunika.
62. Ruhun punten jeng rama ji, mapan dereng saged soan, tan sekeca