AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
74
17. Jumenengnya Pangran Dipati nulya mamayor Daltun, aparentah senjata kendele kawarna Kanjeng Pangran Dipati, wus awas
ningali, kang putra kinepung. 18. Winestanan kalamun wus sabil, sedya bela mangko lan kesawur
ing kukus petenge, saking jawi wus datan kaeksi, yen kang putra mengsih, mengkana winuwus.
19. Pangran Dipanagara ningali, mring kang rama mangko, nulya ingkang rayi lajeng kinen, Pangran Suryabrongta angaturi, lawan
atur uning, lamun sae sampun. 20. Saradhadhu ingkang ngepung sami, gya piniyak mangko, Kanjeng
Pangran Dipatya nulya ge, rawuh lawan karepit ngiring, suketaris Adim, lawan mayor Daltun.
21. Kalih pisan tanganya pan sami, cinepengan mangko, mring Pangeran Dipanagarane, sampun katur mring kang rama nuli, pan
lajeng prejangji, suketaris matur. 22. Tuwan Jendral Glaspi wonten nginggil, balereti mangko, nulya
Pangran Dipanagara ge, Jendral Glispi lajeng den purugi, pan sampun kepanggih, ngadeg ngandhapipun.
23. Ing kamuning cinandhak asteki, wus karsa Hyang Manon, Jendral Glispi eka nurut bae, mapan lajeng tanganya kinempit, nulya
binekteki, tumedhak anurut.
24. Sampun prapta ing ngarsanireki, Pangran Dipatya nom, Pangran
Dipanagara ature, mringkang rama tuwan tedhak ugi, saking ing turanggi, puniku pukulun.
25. Mapan Jendral paduka prejangji, Jeng Pangran duk anon, ing ngature ingkang putra mangke, nulya tedhak saking ing turanggi,
wus cundhuk prajangji, lan Jendral glispiku. 26. .Jendral glispi pan lajeng nyagahi, barang karsa mangko, lajeng
meling suketaris bae, mapan kinen dherekna mring loji, Jendral glispi nuli, lawan mayor Daltun.
27. Pamit lajeng sareng lampahneki, tan winarna mangko, Kanjeng Pangran Dipatya lampahe, mapan sampun prapta aneng ngloji,
Jendral Raples iki, methuk jawi plengkung. 28. Sampun cundhuk wejangan dipati, lawan Jendral mangko, mapan
lajeng kekanthen lampahe, Jendral lawan Pangran Dipati, nulya lenggah kalih, ngloji ageng iku.
29. Nulya medal Jeng Pangran sing loji, nitih kuda mangko, ki Gunawan titihan namane, sagung ngampil samya dherek sami,
ngalun-alun prapti prapti, mengkana kapethuk.
AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
75
30. Aneng kidul wringin kurung iki, lan kang eHyang mangko, Kanjeng Sultan tumungkul lampahe, ginarebeg sagung usar sami, dene
ingkang nganthi, Jankrerapet iku.
31. Dene putra kang dherek tigeki, kalih senaneku, kang Bupati
sekawan kathahe, putra Pangran Mangkudiningrati, Pangran Mertasani, Pangran Dipajayeku.
32. Kang sentana Pangran Demang iki, lan Pangran Mangku,
Sumayuda iku Bupatine, Raden Menggung Sumaduwiryeki, den Mertanegari, den Wiryatruneku.
33. Lan den menggung Yudawijayeki, mengkana duk anon, Pangran Mangkudiningrat ta mangke, mring kang putra Pangran
Dipanegari, nulya matur aris, mring jeng Sultan iku. 34. Pan punika wayah tuwan ugi, Jeng Sultan nulya non, mring kang
wayah kumembeng wepane, ris atanya kulup ana ngendi, ramanireki, Pangran duk andulu.
35. Mring kang eHyang langkung kawlas-asih, pan meh supe mangko, mring pratingkah kang kelakon kabeh, nanging enget punika kang
wiji, ngadeg ing tyasneki, pan arsa rinebut. 36. Nulya wonten pitulung Hyang Widi, Pangran nulya emot, mring
kang rama yen wus neng nglojine, lan wus dadya sagung kang prejangji, datan wande ugi, samya risak ipun.
37. Nanging teksih ketawis netyeki, nulya matur alon, mring kang eHyang kawula yektose, pan binandhang dhateng tiyang Inggris
jeng rama tan uning arsa tedhak iku. 38. Saking kuda Mayor Daltun nuli, apitutur alon, sampun tedhak
saking turanggane, mapan tuhu wong tuwa puniki, nging cilaka ugi, nging sampun tan patut.
39. Dadya Pangran tan saged ningali, mring kang eHyang mangko, mapan nulya nyumethi kudane, nander wangsul dhateng ngloji
malih, kebon kang winarni, Kanjeng Sultan sampun. 40. Manjing ngloji ageng kang winarni, mengkana pan sampun,
Pangran Dipanagara karsane, dumugeken denira ngulati, mring kang eHyang malih, nanging dharat iku.
41. Ingkang ngering nanging pan satunggil, ki Surajayaku, sampun prapta kedhaton lampahe, Pangran Dipanagara wus panggih, lan
kang eHyang iki, lenggah ngandhap anggur. 42. Pan rinubung mring Inggris Sepei, gya piniyak mangko, mring
Pangeran Dipanagarane, langkung elok kodrating Hyang Widi, pan mengkana maning, Pangran lebetipun.
AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
76
43. Mapan anglir pendah wong angimpi, satingkahnya mangko, mapan miyak kimawon lebete, wit setinggil mapan ngantos prapti,
prabayeksa iki, kebak Inggris iku. 44. Apa dene ingkang kori-kori, wus karsa Hyang Manon, Jeng
Pangeran mapan lujeng bae, datan ana ingkang rupa kardi, wong Jawa sawiji, wus tan ana iku.
45. Ingkang lanang ki Emban winarni, wus tan saged anon, saking jrihe dadya mirembae, Kanjeng ratu sareng aningali, ingkang
wayah prapti, anulya rinangkul. 46. Sarwi muhun riwus atanya ris, ramanira mangko, ing saiki neng
ngendi enggone, Pangran Dipanagara turneki, sampun wonten ngloji kawula ing ngutus.
47. Ngupadosi mring paduka yekti, lan tur uning mangko, Kanjeng rama sapun wilujenge, sampun ngantos paduka rudatin, Jeng ratu
nulya glis, ing ngatur ran kondur.
48. Mring kang wayah Jeng ratu nuruti, sampun lenggah mangko, Pangran Dipanagara nulya ge, wonten Inggris pan litnan sawiji,
kinen tengga iki, dhumateng Jeng ratu. 49. Ris wusnya Jeng Pangran nulya mit, mring kang eHyang mangko,
nuwun wangsul dhateng ngloji maleh, ingkang eHyang pan sampun nglilani, nging adhinireki, Suryabrongta iku.
50. Kinon tunggu iya marang mami, sandika lengser wus, tan winarna loji prapta mangke, ingkang rama mapan sampun ngalih, ngloji
kebon iki, lan jumeneng sampun. 51. Ingkang rayi den Mas Ambyah iki, pan sampun gumantos, nama
Pangran Dipati ing mangke, Pangran Dipanagara apangggih neng ngajengan, ngloji, lan Raden Tumenggung.
52. Jasantika lan kapitan Jing Sing, lajeng dherek mangko, mring Pangeran Dipanagarane, nulya cundhuk kalawan sang aji, pan
wus katur sami, saneskaranipun. 53. Lawan welingira kang eHyang iki, kelamun amundhot, wayah juga
kinen tengga mangke, Pangran Suryabrangta den dhawahi, tengga kang eHyang iki, aneng kedhatun.
54. Wus lumampah pan datan winarni, pra Dipati mengko kalih dalu