Ruhun punten jeng rama ji, mapan dereng saged soan, tan sekeca Kanjeng raja ngandika ris, mring Pangran Dipanagara, paran yen Pan amba ken wangsul sami, pun adhi Adinegara, mapan amba- Kekalih raosing galih,mengkana mapan antara, wonten kawandina Ta

AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 51

50. Ing mangko wus den paeni, iya marang eHyangira, paran polah

ingsun mangko, lamun ingsun ing ngandikan iya marang Kanjeng rama, apata ingsun lumaku, paran mangke rembagira.

51. Pangran Dipanegareki, mapan aris aturira kelamun sedalu

mangke, prayogi mopo kewala, Kanjeng raja ngandika, lamun mengkono karepmu, prajurit sira pepakna.

52. Menawa eHyang ngireki, kebacut supe dukanya, iya marang

ingsun mangko, nora wurung bondayuda, Pangeran Dipanagara, wotsekar alon umatur, marma andangu kawula.

53. Dadak mampir anyrengeni, dhateng paman Jasentika, pan

sampun sedhiya mangko, gung abdi dalem sedaya, lajeng ambakon bubarna, nging kantun kang samya sepuh, lajeng mring panepen amba.

54. Pan inggih mekaten sami, kakirah manodin lawan, ki Muhammad

Usman mangke, kaum lawan Suranata, kancanipun sedaya, pan samya sumekteng pupuh, kori sampun tinetegan.

55. Lajeng kawula srengeni, lan ingkang keti punika, ambaen bucal

tetege, mindhak karya salah nyana, Kanjeng raja duk mirsa, ature kang putra iku, dangu datan angandika.

56. Wekasan ngandika aris, paran kulup karepira, ingsun nora duga

mangko, sireki pananging juga, senadyan akulita, tembaga balung wesi ku, otot kawat sungsum gegala.

57. Mongsa ta gelar iki, mungsuh paman-pamanira, mapan ta kaliwat

akeh, Pangeran Dipanagara, pan aris aturira, nedyan mewah malih puniku, anging pangestu paduka.

58. Yen Kanjeng eHyang upami, meksa dhateng ken wesesa,

dhumateng paduka supe, kapanggiha ing kawula, samya den tingalana, sampun wonten tumut-tumut, nulya Raden Jasantika.

59. Mapan sowan tur upeksi, lamun den Sumadinngrat, lawan

Brotanusumane, ing ngutus dhateng sang nata, Kanjeng raja narendra, mapan angandika arum, Dipanagara ywa lunga.

60. Alingana wuri mami, sun undange uwakira, nulya tinambalan age,

ing wiriden Jasentika, sampun prapta ing ngarsa, Kanjeng raja ngandika rum, dika kang ngutus punapa.

61. Raden Menggung matur aris, dutus maringi uninga, mring jeng

rama tuwan katong,lan paduka ing ngandikan, Kanjeng raja ngandika, nggih kakang andika matur, kawula ing sapunika.

62. Ruhun punten jeng rama ji, mapan dereng saged soan, tan sekeca

awakingong, pun kaka dika matura, dhumateng Kanjeng rama, nulya den Tumenggung mundur, kalawan Brongtanusuma. AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 52

63. Kanjeng raja ngandika ris, mring Pangran Dipanagara, paran yen

ngandikan ingong, maneh marang eHyangira, Pangeran Dipanagara, tur sembah anulya matur, kawula mapan sumongga. 64. Kanjeng raja ngandika ris, becik ingsun yen ngandikan ewuh tan seta amangko, kalawan ta adhenira, apa during ana prapta, Pangeran matur wotsantun, mapan sampun samya prapta.

65. Pan amba ken wangsul sami, pun adhi Adinegara, mapan amba-

amba tempahake, ngulatna dhateng pun uwa, pun adhi Suryabrongta, ngulaten paman puniku, Jayakusuma kang dadya.

66. Kekalih raosing galih,mengkana mapan antara, wonten kawandina

mangke, Kanjeng raja ing ngandikan, dhumateng Kanjeng Sultan, Nyai Riyakang ingutus, nulya Kanjeng raja soan.

67. Tan kantun kang putra iki, kinen kendel ketanggelan, jeng raja

manjing kedhaton, wus cundhuk lawan sang nata, jeng raja ngaraspada, pan samya kumembengipun, mengkana pan sampun lenggah.

68. Kanjeng Sultan ngandika ris wau dhumateng jeng raja, ywa sira

liru mangretos, marmane iku sun buwang, benjang sapungkur ingwang, wus sun duga iku kulup, makewuhi marang sira.

69. Marmane ingsun pateni, pan ingsun iki wus tuwa, ing besuk sapa

kang duwe, tinggalane eHyangira, dadya samya pulihnya, ingkang tyas kalihanipun, nanging dereng karya patya.

70. wus tan ana walangati, saben dina ing ngandikan, jeng raja