Welandi boten nulungi, tur mindhak wewah duraka, lawana tan Upami benjang nemahi, pinundhut salah sajuga, tan wande Paran adi massireki, umatur Pangran panengah, inggih lamun Wus padha mundura dhingin, nging Dipanagara sira, k

AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 54

88. Mapan benjing dhateng pundi, inggih bapa dhateng anak, anak

mring putu tan wande, kalamun lujeng punika, pan amba mirsa warta, mapan inggih terang sampun, saking adhi Suryabrongta.

89. Kanjeng eyang sampun galih, suwenge Pangran dipaya, kang

badhe kinarsakake, gentosi, paduka, lawan ingkang pasoan, pan Mangkudinigrat tuhu, sampun dados pambag samya.

90. Nging kantun ngentosi Inggris, yen paduka ngekahana, kados

kalangkung ewede, pan Kanjeng Hyang tan sikara, dhateng nama paduka, nanging karya jangkepipun, inggih wicalan Negara.

91. Ratu mapan putraneki, nenggih Pangeran Dipatya, mekaten

samya rembage, paduka wus nama raja, mapan raja kewala, aja pecah badhenipun inggih nagari Ngayogya.

92. Lamun paduka ngekahi, datan wande bondayuda, langkung awon

pocapane, lamun tan kinekahana, mapan kelajeng benjang, marma amba kamipurun aluhung ing ngaturena.

93. Mumpung dereng ngantos ugi, kawentar mring tiyang kathah,

lingsem lan punapa mangko, pan saking karsa paduka, priyongga kang ngaturna, mapan wonten tandhanipun pejahe paman Danurja.

94. Welandi boten nulungi, tur mindhak wewah duraka, lawana tan

pocapane, mekaten kadya paduka, upami ngekahana, kalawan ngaturna tuhu, mapan samya ewedira.

95. Upami benjang nemahi, pinundhut salah sajuga, tan wande

aprang temahe, senadyan silih reranga, lamun kalih Welonda, Kanjeng Hyang peputra tuhu, inggih dhumateng paduka. 96. Kantenan rinebet yekti, tur mindhak angsal utama, lawan saepocapane, mengkana Kangjeng raja Nalendra, karsa nurut putranipun, anulya aris ngandika.

97. Paran adi massireki, umatur Pangran panengah, inggih lamun

meksakane, nanging kula punika, tan sageda nglampahana, kados anak mas puniku, pan adhi watos kawula.

98. Wus padha mundura dhingin, nging Dipanagara sira, kariya ana

panepen, nulya mundur kalihira, nenggih Pangran panenegah, mapan sampun lajeng kondur, nging Pangran Dipanagara.

99. Meksih neng panepen iki, mengkana ta kangjeng raja, Nalendra

mapan wus kinen, nenggih akarya nuwala, tan pantara wus dadya, nulya utusan puniku, animbali Nyai Riya.

100. Suwonda segonda kalih, tan pantara sampun prapta, ngarsa

ingkang jeng raja ge, nulya jeng raja Nalendra, maringaken nuwala, Nyai Riyakang ing ngutus, ngaturken marang sang nata. AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 55

101. Tan pantara nulya prapti, Nyai Riyangarsa sang nata, kang surat

wus katur mangke, dhumateng Srinaranata, mapan lajeng binuka, sampun sinukma ing kalbu, langkung suka Srinarendra.

102. Enjang nulya den timbale, jeng raja putra Nalendra, dhumateng