Miwah para Dipati hiya mengkana, pan nungur nungur sami,

AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 2

13. Datan tahan ingudanan mimis samya, nulya kang praDipati,

angawaki yuda, lan sagung wong Mentaram, kang dadya pangawat kering, Pangran Sumedhang, kanan Dipati Tegil. 14. Ki Mandurareja pan wus dadya dhadha, rempek pangamuk neki, wong Kumpeni tadhah, sanget pangedrelira, nanging wus datan preduli, kang pra Dipatya, lawan wadya Mentawis. 15. Samya nusup ing kukuse kang senjata, dadya kuweling jurit, senjata wus pejah, kantun ngamuk kang pedang, nanging wus tan miyatani, Kumpeni telas, lumayu inglang urip. 16. Ngungsi kitha wong Mentaram sampun prapta, ingkang samya nututi, mriyem sinuledan, kang aneng luhur ika, ing beteng lir gelap swarneki, wadya Mentaram, dadya menggah pan sami.

17. Ki Mandurareja lan kang pra Dipatya, mapan rembagan sami,

kinepung kewala, kitha inten punika, derapon ngenes saiki, nulya kinepang, Kumpeni ambedhili. 18. Saking luhur ing beteng mapan kiwala, pan wus tan bisa mijil, ing tyas langkung giras, lan mega binedhilan, pan sampun miharsa warti, Pangran Purbaya, saget ngambah wiyati. 19. Rinten dalu kang senjata berondongan, dene wadya Mentawis, pan eca kasukan, mengkana pirembagan, Pangran Sumedhang tur neki, mring Ki Mandura, ki lurah yen suwawi.

20. Inginggahan kang kitha inten punika, saging konca Dipati, samya

nginggahana, tiyang alit sedaya, sampun wonten tutumut jurit, dugi kawula, sampun alit kang galih.

21. Sendawanya sampun tipis dugi kula, rembag kang pra Dipati,

nulya sareng mangkat, kutha inten wus prapta, tan pantaran gya rinampit, Gunadur nulya, langkung gugup ngabani. 22. Kang mariyem pan sampun sinuledan, pan anglir gelap muni, nengah pra Dipatya, pan rempek ajengira, tan ajrih swaraning mimis, langkung gugupnya, kang neng jro beteng sami. 23. Dadya telas kang pelor tinja kinarya, mapan tepiyo sami, karya nyendhoki tinja, mengkana Ki Mandura, mapan kenging mimis tahi, ingkang salira, mapan galuprat tahi.

24. Miwah para Dipati hiya mengkana, pan nungur nungur sami,

dadya undurira, sedaya dening tinja, dadya mesanggrahan malih, pan samya siram, henengena ingkang winarni. 25. Kangjeng Sultan animbali mring kang uwa, Pangran Purbaya prapti, jeng Sultan ngandika, wus sampeyan pirsa, tangled tiyang mentawis, pan sampun lama, tan wonten wartineki. AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 3 26. Kangjeng Pangran Purbaya matur sendika, nulya selamun nuli, wus lengser sing ngarsa, datan ambekta bala, nging ponakawan kekalih, ngampil ganthennya, lan pakecohaneki. 27. Sampun prapta jeng Pangran nitih bahita, pecala bahita lit, ran Ki Kaladuta, wus lepas lampahira, aneng satengah jeladri, kapethuk nulya, bahita kapal iki. 28. Mapan bantu saking nagari Walonda, pan lajeng amriyemi, nging Ki Kaladuta, tan kendel lampahira, mergi kapal Kumpeni, dadya grahita, sagung wadya Kumpeni. 29. Baya iki wong Jawa kang wus kacrita, saka nagara mami, kang aran Pangeran, Purbaya duganingwang, dene teka bahita lit, kang tinunggangan, bisa nengah jeladri. 30. Datan gawa rewang mung loro ika, pan padha lare cilik, ya bilahi sira, dene kepasang yogya, nulya ngedrel lan mriyemi, Ki Kaladuta, akas lampah lir angin. 31. Wus kaliwat pelore ingkang senjata, nulya ambetus sami, lir gelap swaranya, mapan samya bahita, rempu kapaling Kumpeni, kerem anulya, wonten kang nunggang sami. 32. Pan sekawan anenggih prahu penJawat, lumajeng den tututi, mring Ki Kaladuta, kacandhak binentusan, rempu sedaya pan sami, kerem palastra, tan ana kari siji. 33. Pitung atus winetara kathahira, telas tanana keri, lajeng Kaladuta, tan pantara wus prapta, anenggih nagari Betawi, kang pra Dipatya, langkung gugup tyas neki. 34. Mulat lamun Kangjeng Pangran Purbaya, rawuh dhateng Betawi, sagung pra Dipatya, rumahos tampi duka, Ki Mandurarejo nuli, nembang tengara, loji renempid malih. 35. Kangjeng Pangran Purbaya aris ngandika, padha menenga dhingin, ingsun iki prapta, tan kinen ngadu yuda, nging kinen mariksa iki, marang ing sira, lawan pan margoki. 36. Nora sira bedhah iya betengika, yen tan kelar sireki, nora tur uninga, tumungkul ki Dipatya, tan saged matura sami, Kangjeng Pangeran, nulya ngandika malih. 37. Alah payo ingsun sira tuduhena, aja na gawa jalmi, marang ingkang aran, kutha inten yun wikan, sendika kang pra Dipati, samya kapalan, wolung dasa wetawis. 38. Prapta pinggir beteng nulya geger samya, mariyem den suledi, lan ngedrel senjata, mesem Pangran Purbaya, sarta angandika aris, eh si Welonda, dene kepati pati. AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 4 39. Ngendelake iya iku bedhilira, lawan betengireki, nulya tinudingan, benteng bedhah sekala, mapan iya sedheng jalmi, saya gegernya, kuwur tyasnya Kumpeni. 40. Kangjeng Pangran nulya wangsul mesanggrahan, sineba pra Dipati, nulya ris ngandika, paman Mandurareja, lan sagung kang pra Dipati, padha kariya, lan aja magut jurit. 41. Mapan ingsun ayun mulih mring Mentaram, pada barisa sami, aja magud yuda, kelamun durung ana, utusan teka Mentawis, kang pra Dipatya, sandika aturneki. 42. Kangjeng Pangran nulya kondur nitih palwa, Ki Kaladuta iki, rikat lampahira, datan winarneng marga, jeng Pangran mapan wus prapti, Kanjeng Pangran, kondur dhateng Mentawis. 43. Sampun prapta lajeng sohan mring kang putra, Kangjeng Sultan wus panggih, lajeng Jawat asta, Sri Nalendra ngandika, atanya marang kang uwa aris, kados punapa, wertine ing Betawi. 44. Kangjeng Pangran mapan alon aturira, dene inggih Betawi, mapan sampun risak, ing loji dereng bedhah, kelamun dipun bantoni, sepisan engkas, kados bedhah kang loji. 45. Kangjeng Sultan mapan aris angandika, sampun karsaning Widi, pan punika uwa, benjing sapengker kula, dados kanthi ingkang wingking, turun kawula, punika kang ngembani. 46. Sampun pesthi kersane Allah Tangala, kapir jaler ing jurit, ing sapengker kawula, uwa kapir punika, mapan inggil jurit neki, neng Tanah Jawa ngantos tri atus warsi. 47. Yen wus jangkep tigang atus warsa uwa, kapir neng Tanah Jawi, pan lajeng misesa, ngakon ratuning Jawa, punika uwa ing benjing, pan wonten uga, uwa karsaning Widi. 48. Kang nandhingi yudane kapir punika, mapan risak kang benjing, nging waluhu alam, uwa lestarinira, marmane uwa ing mangkin, kajeng kawula, kang baris ing Betawi. 49. Mapan ayun kawula unduraken uwa, nanging inggih pun kapir, tinantun kewala, punapa ta puruna, teluk lawan bataneki, Pangran Purbaya, kasinggihan tur neki. 50. Kangjeng Sultan nimbali Ki Wiraguna, pan sampun prapta ngarsi, jeng Sultan ngandika, ya sira Wiraguna, ing mengko sira sun tuding, sekancanira, maranga ing Betawi. 51. Anusula lakune Mandurareja, wus padha konen mulih, nanging si Welanda, iku sira tariya, konen atur bulu bekti, marang Mentaram, wus ta mangkata nuli. AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 5 52. Atur sembah Ki Tumenggung Wiraguna, wus lengser saking ngarsi, gya nembang tengara, mangkat sakancanira, datan winarna ing margi, Betawi prapta, Ki Mandura wus panggih. 53. Lan Pangeran Sumedhang sakancanira, sagung kang pra Dipati, samya salamun, lan Kyai Wiraguna, sedaya sampun weradin, Ki Wiraguna, nulya dhawuhken iki. 54. Ing timbalanira Kangjeng Sri Nalendra, marang Ki Mandura iki, lan sagung Dipatya, samya tumungkul ika, tan wonten saged mangsuli, rumahos tiwas, henengena ingkang winarni. 55. Kutha Inten anenggih Gurnadur Jendral, pan sampun miharsa warti, bantu ageng prapta, tindhihnya Pangran Purbaya, lan miharsa warta malih, yen bantunira, telas aneng jeladri. 56. Pan kapethuk kalawan Pangran Purbaya, lan wus wikan pribadi, mring Pangran Purbaya, yen kutha tinudingan, kewala bedhah ing mangkin, lawan wus telas, nenggih kang obat mimis. 57. Dadya telas tyas sira Gurnadur Jendral, rumahos tumpes sami, pan ayun teluka, tan angsal pados marga, dadya langkung tyas sireki, dennya sungkawa, henengna gentya winarni.

58. Ki Tumenggung Wiraguna pirembagan, lan sagung pra Dipati, pan