AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
90
59. Nulya pasang kelir sampun, ing jawi durwina sami, sagung nging putra santana tenapi kang pra Dipati, mapan samya nenayuban,
angenting kasukaneki. 60. Ing dalem ingkang winuwus, jeng ratu bendara uning, mring
semune kang atmaja, mesem angandika aris, wus kulup padha asoa, mapan ingsun arsa guling.
61. Jeng Pangran lega tyasipun, mesem angandika aris, nanging sang
lesmining pura, esmu awrat ing tyasneki, mengkana ratu bendara, kondur mring panepen dhingin.
62. Sareng kang ibu wus kondur, Jeng Pangran angarih-arih, dhumateng sang lir supadma, nulya ing ngemban sang dewi, dyah
retna datan suwala, binekta mring tilamsari. 63. Sampun prapta tilamsantun, sinareken sang retnadi, nanging tan
arsa anendra, lenggah aneng tepaswangi, kasorotan dening pandam, salira lir mas sinangling.
64. Jeng Pangeran ing tyasnya trenyuh, non mring kang sawang sasi, dadya alon angandika, dhuh mas mirah ingsun gusti, punapa tan
arsa nendra, dadya prihatining ngabdi. 65. Bendara kawulanipun, datan nedya anyidrani, nanging anrerah
kang karsa, kalamun cidra kang ngabdi, sumongga den tengerana, suka lamun den dukani.
66. Dadya nurut sang retna yu sare aneng tilamsari, nanging ing tyas tan precaya, dadya ing ngeletan guling, pan saben dalu
mengkana, jeng ratu bandara iki,. 67. Nenggani pan kalih dalu, kondur Jeng Sultan winarni, miyos
dhateng Tengalarja, bekta kasukan puniki, bedhayan kalawan beksa, enting tyas Srinarapati.
68. Riwusnya kondur sang prabu, Kanjeng Pangeran winarni,
langkung tyas dhateng kang garwa, nanging sang retnaning puri, pan dereng karsa ngandika, nanging lamun kathah jalmi.
69. Mapan langkung bangun turut, mengkana nuju marengi, sang retna jumeneng ika, aneng sangandhap kamuning, lan ngasta
sekar cepaka, sinjang prang rusak mantesi. 70. Semekanira gadhung, tinepi kadya tan jalmi, ariri mong cindhe
sekar, aneng satepining warih, balumbang ing patamanan, Jeng Pangran ngindhik-indhiki.
71. Sangking wingking sang retna, mapan dahat tan udani, jumeneng Kanjeng Pangeran wus dangu aneng ing wingking, ingkang tyas
mapan sangsaya, trenyuh denira ningali.
AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
91
72. Mring sangdyah lesmining santun, dadya kadumuk sang dewi, nolih pan lajeng ing ngaras, langkung wira ingkang mindha Sri ing
tyas mapan trerataban, deprok neng ngandhap kemuning. 73. Kanjeng Pangeran anambut, ing ngemban kang mindha sasi,
mider aneng petamanan, nging sang dyah tyas ira meksih, katongtoni wirangira, dene dangu tan udani.
74. Mring kang raka rawuhipun, dadya wepanira mijil, nulya mulat
Jeng Pangeran, laun kang rayi prihatin, binekta mring pesareyan, rinepa ing ngarih-arih.
75. Dhuh bendara pepujanku, punapa kang dados rujit, kang abdi tan ngraos dosa, nging kedhik ngaget–ageti, ing mangke mapan
sumongga, dhinendha inggih ngladosi. 76. Nging mas mirah abdenipun, nenuhun den andikani, neng
Tegalarja wus lama, pan tansah den pitambeti, pinten banggi pinaringan, esmu usadaning agering.
77. Kang abdi matur saestu, sarawuh paduka gusti, wonten nagri Tegalarja, mapan lir upamaneki, ginanjar inten kawula, saha
lamdonya puniki. 78. Marma ing mangkya budinipun, bendara tan ngraos krami, kawula
mindha ngawula, rumiyin duk aningali, gusti mring warna paduka, prapta wisma lir ngemasi.
79. Ing mangkya pan gesang sampun, satemah den pitambeti, mengkana sang dyah kusuma, sareng amiharsa iki, mring
sebdanira kang raka, dadya keh wirang kaeksi. 80. Mengkana tyasnya sang ayu, dadya ingsun iki dhingin, kaya ana
gadhang wong lanang, adol marang rupa mami, dadya adres ingkang wespa, kang jeng Pangran aningali.
81. Lamun sang murtining ing rum, sangsaya ingkang priatin, mengkana Kangjeng Pangeran, sangsaya mangarih-arih, dhuh
gusti punapa marma, kang wespa saya dres mijil. 82. Punapa gusti kaduwung, angabdekaken mringkang dasih, kawula
matur estunya, lamun tan ngapunten abdi, nah angger dhateng sumongga, ing Tegalarja puniki.
83. Pun kakang pan amit lampus, supados marganing pati, mengkana sang mindharetna, sareng miarsa tyasneki, kumepyur pan lajeng
sirna, sadaya kang dados runtik. 84. Dadya mesem ngandika rum, betah temen lamun angling, sarwi
malerok sang retna, ngendi ana wong pawestri, iya winehan nagara, bisa temen amek ati.
AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
92
85. Tur mongsa mantepa iku, mengko thithik nuli salin, kaya tan weruh le danya, Kangjeng Pangeran miyarsi, mring pangandikaning sang
retna, kumepyur tyas matur aris. 86. Sarwi mesem ngrepeku, yektos gusti duk rumiyin, ing mangke
punapa karsa, nah angger dhateng nglampahi, tanedya malih akrama, nging nuhun kang ngabdi gusti.
87. Ing sih paduka satuhu, sarwi ing ngaras sang dewi, tangkis gelung