Kaum lan Suranateki, inggih lajeng dinukan, kori kinen Pan kinen mariksa nuli, wau dhateng banjar andhap, keparak ing Sareng sampun andukani, lajeng lumebet kewala, among samita Mapan lajeng den timbale, wau dhumateng kang rama, ta

AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 50

37. Kelangkung kaget kang galih, lan tos dhateng kang rama,

KLanjeng Pangran nulya kinon, angambili kang turongga, sampun mapan anulya, tinitih anander iku, datan mawi bekta bala.

38. Nanging lan gamel satunggil, neng marga kapethuk nulya, lawan

kang utusan mangko, ingkang rama Kanjeng raja, tan pantara wus prapta, ing banjar andhap puniku, Pangeran Dipanagara.

39. Kepanggih sadaya sami, ingkang wadya Kanjeng raja, Pangran

Dipanagarane, nimbali den Jasantika, punika ingkang patya, Kanjeng raja kang pinuju, mapan wus salin ping tiga.

40. Dene patih kang rumiyin, Ki Tumenggung Wiraguna, nulya tilar

sepuh mangke nulya Mas Tumenggung ika, nenggih ing Sokawatya, Kertadirja tilar sepuh nulya mas Tumenggung kapan.

41. Sumadirja ingkang wangi, mapan tilar sepuhika, nulya kekalih

patihe, westa Mas Tumenggung ika, nenggih Cakradipura, kalawan Raden Tumenggung, Jayasantika punika.

42. Nging mas Cakradipureki, tilar sait marganira, kantun satunggal

mangko, nenggih Raden Jasentika, kaduk purun kewala, sing mandura wijenipun, ingkang sentana priyongga.

43. Marma lajeng madek baris, saking prayiteng ing baya, pan lajeng

dinukan mangke, mring Pangran Dipanagara, pan kinen bubarena, nging kantuna ingkang sepuh, lurah mantri lan wedana.

44. Jeng Pangeran nulya manjing, mring panepen ika, kang kori

kinunci mangke, anenggih ingkang tengga, kirah manodin lawan, ki Muhamad Usmaniku, sami lan sakancanira.

45. Kaum lan Suranateki, inggih lajeng dinukan, kori kinen

ngengakake, mengkana ingkang winarna, Kanjeng raja Nalendra, yunyunen ing praptanipun, wau dhumateng kang putra.

46. Pan kinen mariksa nuli, wau dhateng banjar andhap, keparak ing

ngutus mangke, Rahaden Wiryapuspitra, mangsuli aturira, mapan sampun rawuh dangu, lajeng duka mring ki lurah.

47. Sareng sampun andukani, lajeng lumebet kewala, among samita

pan age, wangsul matur mring jeng raja, lajeng kinen madosa, mring ing panepen iku, jeng Pangran nulya kepanggya.

48. Mapan lajeng den timbale, wau dhumateng kang rama, tan

pantara prapta mangko, Pangeran Dipanagara, ngasanya Kangjeng raja, ing ngawe lajeng rinangkul, sarwi kumambeng kang wespa.

49. Mapan ta mangkono maning, Pangeran Dipanagara, pan inggih

medal wespane, ri sampun tata kang driya Kangjeng raja ngandika, ingsun kulup aweh weruh, pamanira Danureja. AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 51

50. Ing mangko wus den paeni, iya marang eHyangira, paran polah

ingsun mangko, lamun ingsun ing ngandikan iya marang Kanjeng rama, apata ingsun lumaku, paran mangke rembagira.

51. Pangran Dipanegareki, mapan aris aturira kelamun sedalu

mangke, prayogi mopo kewala, Kanjeng raja ngandika, lamun mengkono karepmu, prajurit sira pepakna.

52. Menawa eHyang ngireki, kebacut supe dukanya, iya marang

ingsun mangko, nora wurung bondayuda, Pangeran Dipanagara, wotsekar alon umatur, marma andangu kawula.

53. Dadak mampir anyrengeni, dhateng paman Jasentika, pan