AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
9
104. Yen mengkana pa yo kulup wus den lagar, iya praja Mentawis, wus ilang banthengnya, iku Pangran Purbaya, tan ana boboting
malih, nadya akeha, pan wus nora wigati. 105. Prabu Trunajaya wus nembang tengara, budhal saking Kedhiri, lan
Pangran Kajoran, arsa nglagar Mentaram, prapta ing Demung wus panggih, lawan kang putra, Raja Galongsong nenggih.
106. Nulya lajeng samya mangkat mring Mentaram, henengna ingkang winarni, wadya ing Mentaram, ingkang samya kaplajar, sampun
katur mring sang aji, lamun ingkang wa, sampun kesabut ing jurit. 107. Lawan malih wadya ing bang wetan ika, mapan samya nututi,
mengkana sang nata, langkung ngunguning nala, kalamun kang wa kajodi, karsaning sukma, lan nuju grerah aji.
108. Ingkang putra Kangjeng Pangeran Dipatya, pan sampun dhawuhi,
kinen methuk yuda, lan sagung wong Mentaram, kinrerig sedaya sami, nembang tengara, wus budhal gunging jalmi.
109. Tan petungan datan kawarna ing marga, nulya kapethuk margi, lan wadya bang wetan, nulya tangled sakedhap, mengkana wadya
Mentawis, karsaning sukma, manahe samya alit. 110. Nora kena tinata mundura kewala, wus karsaning Hyang Widi,
magul magul kontal, wong bang wetan punika, dhasar mentas angsal ati, bereg kewala, prapta Prambanan nuli.
111. Helet empak mengkana pinanggulan, marang Jeng Pangran Dipati, meksa nora kena, wus kathah ingkang prapta, anenggih
Palered nagri, pan sedyanira, angrebat anak rami. 112. La kagyat Kangjeng Pangran Puger ika, lajeng manjing mring puri,
ngrebut mring kang rama, mapan ngaturi nulya, lolos Kangjeng Sri Bupati, lan nuju gerah, sanget Jeng Sunan iki.
113. Lawan sampun pirsa mring gaibing sukma, nulya nurut mring siwi, lajeng lolos nata, anitih tandhu ika, Pangran puger kang
ngampingi, dhateng kang rama, lestari kang winarni. 114. Kangjeng Pangran Dipatya pan jeng ngajengan, lawan prabu
Kadhiri, let empak kewala, nulya na atur uninga, yen sampun lolos sang aji, saking negara, Palered pan wus sepi.
115. Langkung kewran tyasira Pangran Dipatya, dadya yan toleh nagri, nging tresna sudarma, nulya nyamethi kuda, nander nusul
kersaneki, dhateng kang rama, wus tan toleh wadyeki. 116. Dadya budhal barisnya wadya Mentaram, sedya ngrebat nak rabi,
supe suba sita, dadya mawus sedaya, Mekasar sampun nututi, brereg kewala, wus bubar wadya Mentawis.
AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
10
117. Tan winarna niskara, sang Trunajaya, sampun manjing ing puri, sagung wong bang wetan, mapan samya ajejarah, dadya Palered
wus kendhih, mring bang wetan, henengna gentya winarni. 118. Sri Nalendra rarendhonan lampah ira, saking kathah pawestri, lan
rare lit ika, dadya rubet samarga, miyos urut sewu aji, datan winarna, toya mas sampun prapti.
119. Nulya kendel sang nata amesanggrahan, aneng toya mas nenggih, ngasokaken salira, lan sanget grerah ira, mengkana
ingkang winarani, Pangran Dipatya, prapta lajeng nungkemi. 120. Padanira kang rama sarwi karuna, Sunan ngandika ris, wus kulup
menenga, paran mengko wertanya, tan saget matur sang siwi, nata wus duga, nulya ngandika malih.
121. Paran mengko yen nora sira rebuta, nagrinira nak mami, menawa kalunta, kancikan mring wong liya, Jeng Pangran matur wot sari,
manah kawula, pan dereng gadhah kapti. 122. Pejah gesang mapan yun dherek kewala, Jeng Sunan ngandika
ris, apa sira nyawa, wus lila nagrinira, Jeng Pangran aris tur neki, mapan samangkya, sumongga karsa aji.
123. Sri Nalendra nulya nantun mring kang putra, Pangeran Puger nuli, paran karsanira, apa sira kaduga, angrebut nagri nireki, aris
aturnya, Pangran Puger ngabekti. 124. Pan kewala sumongga karsa Nalendra, kalawan ingkang ngidi,
putranta kakang mas, mapan dermi lumapah, ing ngayahan kang sayekti, nata ngandika, marang Pangran Dipati.
125. Paran sira kulup Dipati ku iya, ature ring rineki, Jeng Pangran