AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
76
43. Mapan anglir pendah wong angimpi, satingkahnya mangko, mapan miyak kimawon lebete, wit setinggil mapan ngantos prapti,
prabayeksa iki, kebak Inggris iku. 44. Apa dene ingkang kori-kori, wus karsa Hyang Manon, Jeng
Pangeran mapan lujeng bae, datan ana ingkang rupa kardi, wong Jawa sawiji, wus tan ana iku.
45. Ingkang lanang ki Emban winarni, wus tan saged anon, saking jrihe dadya mirembae, Kanjeng ratu sareng aningali, ingkang
wayah prapti, anulya rinangkul. 46. Sarwi muhun riwus atanya ris, ramanira mangko, ing saiki neng
ngendi enggone, Pangran Dipanagara turneki, sampun wonten ngloji kawula ing ngutus.
47. Ngupadosi mring paduka yekti, lan tur uning mangko, Kanjeng rama sapun wilujenge, sampun ngantos paduka rudatin, Jeng ratu
nulya glis, ing ngatur ran kondur.
48. Mring kang wayah Jeng ratu nuruti, sampun lenggah mangko, Pangran Dipanagara nulya ge, wonten Inggris pan litnan sawiji,
kinen tengga iki, dhumateng Jeng ratu. 49. Ris wusnya Jeng Pangran nulya mit, mring kang eHyang mangko,
nuwun wangsul dhateng ngloji maleh, ingkang eHyang pan sampun nglilani, nging adhinireki, Suryabrongta iku.
50. Kinon tunggu iya marang mami, sandika lengser wus, tan winarna loji prapta mangke, ingkang rama mapan sampun ngalih, ngloji
kebon iki, lan jumeneng sampun. 51. Ingkang rayi den Mas Ambyah iki, pan sampun gumantos, nama
Pangran Dipati ing mangke, Pangran Dipanagara apangggih neng ngajengan, ngloji, lan Raden Tumenggung.
52. Jasantika lan kapitan Jing Sing, lajeng dherek mangko, mring Pangeran Dipanagarane, nulya cundhuk kalawan sang aji, pan
wus katur sami, saneskaranipun. 53. Lawan welingira kang eHyang iki, kelamun amundhot, wayah juga
kinen tengga mangke, Pangran Suryabrangta den dhawahi, tengga kang eHyang iki, aneng kedhatun.
54. Wus lumampah pan datan winarni, pra Dipati mengko kalih dalu
antawis praptane, samya soan dhumateng ing ngloji, ngirid ki Dipati, Danurja puniku.
55. Lawan Pangran Mangkudiningrati, ing ngatur ken mangko, mring Jeng Sultan Jankrerapet rembage, Kanjeng Sultan mapan anuruti,
winedalken nuli, saking gedhong iku.
AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
77
56. Jankrerapet kang ngirid pribadi, sampun prapta mangko, Kanjeng Sultan pan aris sebdane, wus ta adhi aja keh pinikir, wus karseng
Hyang Widi barang lakon iku. 57. Mapan ingsun derma anglakoni, wus karsa Hyang Manon,
Pangran Mangkudiningrat ature, inggih lamun paduka sayekti, boten angowahi, lir nguni sedarum.
58. Dadya kanggek Jeng Sultan sayekti, lajeng kendel mangko, Pangran Dipanagara ing tyase, langkung denya bramatya miarsi,
mring ngatur tan yekti, dadya ngandika sru. 59. Mring kang paman pangucap punapi, dene lir puniku, lamun
paman meksih cuwa tyase pan sumongga samangke puniki, kawula ngladosi, nulya kesah iku.
60. Dhateng kantor ing dalu puniki, Jendral pista mangko, nging Pangeran Dipanagarane, datan tumut pista anjageni, gung rerepot
sami, nging kang rayi iku. 61. Pangran Adinagara lan sagunging, putra santana mangko,
ingkang sampun along prapta mangke, sami kinen tumut pista sami, Jendral karsaneki, lan Raden Tumenggung.
62. Jasantika lan kapitan Jing Sing, Krerapet nebda lon, eh sagunge ingkang pista kabeh, ngetokena Jendral karsaneki, Jasantika iki,
ing mangke jinunjung. 63. Iya mapan kinarya pepatih, kaya kang kelakon, Adipati Danurja
arane, Pangran
Mangkuningrat anuli,
kesah animbali,Gondadurwiryeku.
64. Sareng bubar pista manggon sami, Jasantika mangko, mapan nunggil lan Jing Sing pondhoke, mapan Gondaduwirya tutwuri,
nora den nyanani, lajeng dalu ngamuk. 65. Raden Jayasantika aguling, pan cinolong mangko, dhuwung
ingkang wasiyat nulyage, linarihan pan lajeng ngemasi, sambat datan mawi, Gondaduwiryeku.
66. Lajeng ngiwud denira nyuduki, dadya kathah mangko, ingkang mati kelangkung gegere, Jing Sing iya mapan sampun kanin,
Gondaduwiryeki, mapan sampun lampus. 67. Kinarubut mring sakeh Sepei, wus karsa Hyang Manon, Raden
Jayasantika praptane, jangji marga cinidreki, dadya cuwa sami, Jendral langkung bendu.
68. Mring Pangeran Mangkudiningrati, winangsulken mangko, marang gedhong tan winarna maneh, kawarnaha Kangjeng Sultan iki,
genya wonten loji, ngantos pitung dalu.
AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
78
69. Nulya kondur Kadipaten malih, tigang dina mangko, pan ngentosi kedhaton resike, sareng sampun resik mapan nuli, ngedhaton
winarni, Kanjeng Sultan sepuh. 70. Linajengken mring sabrang kang ngiring, putra kalih mangko,
Pangran Mangkudiningrat lan maleh, Pangran Martasana kang ngupati, kang lajeng sawiji, Rahaden Tumenggung.
71. Sumadiwirya sedaya pan sami, linuwaran mangko, ing ngaturken mring Jeng Sultan maleh, Pangran Natanusuma winarni, lan
saputraneki, pan kedah lumebu. 72. Dadya wong nya gupremen Inggris, tinurutan mangko, lajeng salin
ika jejuluke, Pangran Mangkualam namaneki, ingkang putra kalih, sami nama iku.
73. Raden Menggung Natadiningrati, anama mangko, Pangran Suryaningrat pan arane, Raden Mas Salya nenggih nameki,
Pangran puniki, Suryaningprang iku. 74. Sampun tata Jendral nulya mit, mring Jeng Sultan mangko,
Jendral glis pikantun ngentosake, labet pelor lengen kenging mimis, dadya antukneki, elet tigang dalu.
75. Sampun pepak wong Ngayogya sami, kang kelajeng mangko, ingkang tebih iya pangiline, Kanjeng Pangeran Arya Mangkubumi,
mapan sampun prapti, lajeng ngalih iku. 76. Dalemira lan satanahneki, ing ngurup pan mangko, mring
Pangeran Mangkualame, dadya sampun sami ngalihneki, Pangran Dipanagari nuhun pamit iku.
77. Mring Jeng Sultan arsa kondur iki, mring Tegalarjoku, ingkang rama tan nglilani mangke, dadya lami nunggil neng jro puri, ane
gedhong kuning, pesanggrahanipun. 78. Pangran Adinegara anggentosi, ing daleme mangko, ingkang
dadya wedana jro mangke, monca nagri Dipatya ing rawi, nama den paringi, Pringgadiningrat iku.
79. Kang nggentosi mring parentahneki, ing Raden Tumenggung, Sumadiningrat kawarna ing mangko, Pangran Dipanagara wus
lami, nunggil neng jro puri, mapan sanget rikuh. 80. Nuwun kondur mring Tegal Arjeki, tan kalilan mangko, sawab dene
asanget tebihe, dadya nuhun pesanggrahan Jawi, sampun den lilani, aneng mijen iku.
81. Saung ingkang micanten ing ngloji, Kangjeng Sultan mangko, mapan sampun pitajeng putrane, Kanjeng Pangran Dipanegareki,
Kya Adipati, Danurja puniku.
AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
79
82. Lamun mentas sowan dhateng ngloji, lajeng sowan mangko mring
Pangeran Dipanagarane, pinanggih aneng mandhungan iki, lan sagung Bupati, kang ageng sedarum.
83. Bab lelintoning moncanagari, lan prahyangan mangko, Pangran Dipanagara karsane, sab sampun dados kang prejangji, lan kang
eyang rumiyin, nanging geseh tuhu. 84. Datan timbanging karsanireki, guprenemen mangko, lintonana ing
sapa medale, mring sagunge kang moncanegari, lawan bandar iki pan sareng sinuhun.
85. Pinaosan mapan saben warsi, tigang ngatus ewu mangko, pasmatika pan sampun jangjine, lan kang eHyang sareng
moncanagri, tanah jipang sami, lan prahyangan urup. 86. Ingkang bandar pan lajeng lestari, nging monca nagriku, Pangran
Dipanagara karsane, kang ulup pan iku pan tinampik, maosi puniku.
87. Pinaringken kang samya derbeni, ki Danurja mangko, nulya wangsul maring loji maneh, lawan sagung kang para Dipati,
ingkang nyepeng sami, parentah puniku. 88. Jankretapet mapan sampun panggih, ki Danurja mangko,
sakancanya amertelakake, ingkang karsa saneskara sami, dadyarenaneki, Jankrerapet iku.
89. Dadya surup mangkya amaosi, tanah Jipang mangko, sampun rampung bandar lan Jipange, Jankrerapet nulya nembung maning,
tanah Kedhu iki, tinedha puniku. 90. Serep linton bondha beyaneki, ing prang nguni mangko, yen wis
cukup iya mulih maneh, pan wus muni ing nglayang prejangji, ingkang anyaguhi, lan kang layang iku.
91. Ana Pangeran Dipanagareki, ki Danurja mangko, nulya medal sakancane kabeh, saking ngloji lajeng sowan panggih lan Jeng
Pangran nuli, sedaya wus katur. 92. Lajeng samya sowan Sri Bupati, mring kedhaton mangko, sampun
katur ing sanes karane, Sri Nalendra nyarah mring kang siwi, Pangran Dipanegari, ing Kedhu wus rampung.
93. Ki Dipati Danurja wus bali, mring loji wawertos, lamun Kedhu wus kalilan mangke, Jankrerapet langkung sukaneki, pirena tyasneki,
pan wus tan cinatur. 94. Tata tiga ing Ngayogya iki, pan wus katur mangko, Jing Sing pan
wus ginanjar namane, Raden Menggung Secadiningrati, mengkana winarni Jeng Pangeran iku.
AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
80
95. Neng Ngayogya mapan sampun lami, kalih tengah taun, nyuwun pamit mring Tegalarjane, ingkang rama lami tan nglilani, kedah
kinen iki, lajeng dalem ngriku. 96. Tegalarja karsanya sang ngaji, kinen karya kebon, Pangran
Dipangara karsane, kedah kondur mring Tegalarjeki, sabab ingkang nagri wus waluya iku.
97. Sagung bicara ingkang matosi, wus tan ana mangko, marga Kangjeng Pangeran karsane, dumugekaken genira nenepi, bolos
kondurneki, mring Tegalarjeku. 98. Kanjeng Sultan sareng miyarsi, yen kang putra bolos, meksa
kondur mring Tegalarjane, langkung cuwa ing tyasnya sang aji, gya pinupus iki, yen karsa Hyang Agung.
99. Yen kang putra tanremene nagri, wus karsa Hyang Manon, nanging pendhak garebeg sowane, lawan lamun wonten kang
prakawis, ingkang amatosi, tinimbalan iku. 100. Lamun kathah ruweding nagari, lajeng datan kondur, nunggil
aneng jroning pura bae, lamun kedhik ingkang rama asring, mapan mikawoni, Kangjeng Sultan iku.
101. Tedhak marang Tegalarjeki, mengkana winuwus, Jankrerapet anuwun gantine, ingkang patih Kangjeng Sultan yekti, kyai Adipati,
Danurja wus sepuh. 102. Sringkalan tubarang bicareki, Jankrerapet watos, bokmenawa
amemecahake, Kanjeng Sultan pan maksih predongdi, lan kang putra iki, karsa dereng ngumpul.
103. Kanjeng Pangran Dipanegareki, kang pinilih mangko, nenggih Pangran Dipakusumane, ingkang rama Kangjeng Sultan iki, datan
arsa iki, angandika arum. 104. Mring kang putra Pangran Dipanagri, kulup ingsun sungwroh,
uwakira Dipakusumane, pan wus akeh iya cacatneki, lan kambine maning, maksih anggoniku.
105. Nanging iya ming kari sathithik, lan pepatih mangko, dene ingkang wus dadi karepe, Jankrerapet uwakira iki, Prigadiningrati, Jeng
Pangran umatur. 106. Mapan sanget amba mopo yekti, mring punika mangko, pan
kelangkung inggih pakewede, dadya lami kendel datan kardi, mengkana winarni, Jankrerapet iku.
107. Kedah nedha gentose pepatih, Cadiningrat mangko, kang kinenken mring Tegalarjane, Kanjeng Pangran Dipanegareki,
lagya grerah iki, Cadiningrat cundhuk.
AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
81
108. Mapan ngiras juru basa iki, juru basa mangko, penggarapan sampun boten kangge, mring jeng Pangran aris aturneki, kula
ngutus gusti, dhumateng sang prabu. 109. Lawan saudara tuwan gusti, Jankrerapet mangko, estu nyuwun
pepatih gentosa, Kanjeng rama tuwan Sri Bupati, nanging nrerah pribadi mring paduka tuhu.
110. Pan kekalih rancangan pepatih, ingkang sampun dados, Pangran Dipakusuma tan kangge, kang punika pundi tuwan pilih,
Pringgadiningrati, Sumadipureku. 111. Kanjeng Pangran angandika aris, lamun wis mangkono,
Sadiningrat Jeng rama karsane, lan sibapak Jankrerapet iki, iya kang sun pilih, Somadipureku.
112. Nanging ingsun durung bisa iki, aseba ing mangko Cadiningrat matur mengkono, wus muliha Cadiningrat nuli, lengser saking
ngarsi, mapan lajeng pangguh. 113. Jankrerapet sampun den werteni, ing karsa sang anom, lamun
mas Tumenggung ing Japane, kang pinilih mring Jeng Pangran yekti, Jankrerapet aglis soan mring sang prabu.
114. Cadiningrat mapan datan kari, wus manjing kedhaton, sampun cundhuk lan jeng Sultan mangke, Jankrerapet nulya matur aris,
yen pareng sang aji, inggih sampun tamtu. 115. Ingkang dados sumedi pureki, Jeng Sultan nebda lon iya uwis
besuk senen bae, ingsun mapan yun temu pribadi, mring Tegalarjeki, Jankrerapet wus mantuk.
116. Kanjeng Sultan sampun tedhak nuli, mring Tegalarja mangko, sampun panggih lan kang putra mangke, Kanjeng Pangran
Dipanegareki, Jeng Sultan nebda ris, paran sira kulup.
117. Teka dhemen sumadi pureki, ku uga wong anom, lan wong desa