Sampun karsaning Hyang Ngagung, Jeng Pangran lomba

AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 94

111. Sampun karsaning Hyang Ngagung, Jeng Pangran lomba

tyasneki, datan nyana lamun arsa, nenggih tinilar tumuli, wau dhumateng kang rama, mengkana atur ireki. 112. Nanging pangestu pukulun, rumiyin dalah samangkin, tan wonten ingkang suwala, dhumateng prentah bayekti, Kanjeng Sultan angandika, ya kulup pracaya mami. 113. Lah ta wis muliha kulup, metuwa ing kene becik, iya jroning prabayeksa, pelataran akeh kaki, sagung wongkang padha seba, sun pirsa wus akeh prapti. 114. Sira tan basahan iku, pan saru yen akeh uning, ingsun arsa nemonana, mring sagunging bocah Bupati, wis kulup sira muliha, Jeng Pangran lengser sing ngarsi. 115. Prapta ing keraton sampun, ngarsanya kang eyang malih jeng ratu ageng atanya, den undang apa sireki, kulup marang ramanira, Jeng Pangraan umatur aris. 116. Nanging datan weca tuhu, menawa kang eyang prihatin, sawab sawek nandhang grerah, sanget tan saged lumaris, lan malih wus sepuh marma, Jeng Pangran watosing galih. 117. Sampun lami grerahipun, mengkana aturireki, mapan tan wonten punapa, nging kangen timbalaneki, nulya pamit mring kang eyang, kondur mrig tegalarjeki. 118. Lawan sang retnaning ayu, tan kenging bengggang sanyari, langkung dening sih-sinihan, mengkana ingkang winarni, mapan wus karsaning sukma, Kanjeng Sultan prapteng jangji. 119. Nanging elet kalih dalu, lawan genira mameling, wau dhumateng kang putra, ing dinten Kemis marengi, paing nenggih pasaranya, kondur mring rahmatollahi. 120. Langkung oreg ngayojeku, surudnya Srinarapati, sab sagung kagyat samya, tan wonten nyana sayekti, Kanjeng Sultan tilar donya, kondur marang ngalam gaib. 121. Residhen garnam kelangkung, wau genira anangis, meksih enggal langkung cuwa, dhumateng Srinarapati, genira ngladosi ika, sinare jimat tan nunggil. 122. Kalawan kang eyang iku, Kanjeng Sultan Ngayogya di, ingkang Jumeneng sapisan, mengkana Pangran Dipati, datan pisah lan kang raka, jeng Pangran Dipanegari.

123. Anulya bicanten sampun, jumeneng Pangran Dipati, nanging mawi