AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
59
152. Nanging adhinira siji, si bagus mongsa bodhoha, sun titip marang
sira bae, apa ing sakarepira, ingsun pasrah kewala, Pangran Dipanegareku, mapan aris aturira.
153. Bilih marengi dewaji, anuhun pamit kawula, mantuk mring
Tegalarjane, derapon sampun kawentar, dhumateng tiyang liyan, lawan malih amba suwun, pun paman Jayasantika.
154. Kenging kawula kanthi, nulya Raden Jasantika, tinimbalan prapta
age, mapan lajeng kinawuhan, wus tepang kalihira, Kangjeng Pangran dipatyeku, wus pracaya mring kalihnya.
155. Pangran Dipanegareki, lan Raden Jayasantika, kalilan kalih wus
lengser, saking ngarsane kang rama, kondur mring Tegalarja, dadya langkung repetipun, gung rembag tan wonten nyana.
156. Kanjeng Pangran Adipati, tan owah pasoanira, mengkana winarna
mangko, den menggung Jayasantika, pan kinen lumebeta, mring Pangran Dipanegareku, mring loji pan sampun panggya.
157. Lawan Jankerrapet iki, dene kang kinarya marga, mring den
Jayasentikane, anenggih Kapitan Cina, pun Jingsing ingkang nama, nulya mretelakaken iku, Rahaden Jayasantika.
158. Ing sanes karanya sami, punapa dene kang nama, Kanjeng raja
narendrane, marma cinaosken ika, sabab kathah rubeda, Jankerapet terang sampun, sagung kasturi Ngayoja.
159. Pan samya sukareneki, Jankreapet denya sobat, lan den
Jayasantikane, nanging langkung repitira, yen wis prapta ing wisma, lajeng atur surat iku, dhumateng ing Tegalarja.
160. Mabarang bicara sami, mapan ajrih ngrampungana, Raden
Jayasantikane, sengadi atur uninga, mengkana ingkang winarna, Jankrerapet mapan sampun, tur surat dhateng Jeng Sultan.
161. Anyereg mabarang iki, sagung ingkang karya susah, Kanjeng
Pangran Dipatine, mengkana wangsulanira, Kanjeng Sultan punika, eh Yankrerapetsireku aja ta salah karya.
162. Nadyan ingsun srengen iki, marang sithole Dipatya, mapan
putraningsun dhewe, lan ratu kedhaton ika, garwaningsun priyongga, mengkana wangsulanipun, mester Lir Yudakenaka.
PUPUH XVI YUDAKENAKA
1. Jankrerapet sareng mirsa,k ang wangsulan Kanjeng Sultan puniki,
kalangkung bramatyanipun, kang jaja lir medaldahananya, nulya malih karya iku, kang surat uni mengkana, dhumateng Kangjeng
sang aji.
AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
60
2. Yen tan kenging ing ngewahan, tanpa karya kawula jaga nagri,
aneng Ngayogya puniku, punapa kinen jaga, asu gancet kimawon jaga puniku, mapan amrih wilujengnya, samya ecane kang galih.
3. Ing titiyang sanegara, dadya nurut Jeng Sultan saha turneki,
mester Jankresrapet iku, nanging meksih kang driya, denya ngangkah kang putra panglungsuripun, mengkana pan datan
lama, Jendral Raples prapteneki.
4. Nenggih negari Ngayogya, Kanjeng Pangran Dipatya methuk iki,
aneng ing Kalasan iku, aneng gowok Kanjeng Sultan, nulya Jendral prapta ing kalasan iku, wus pangggih Pangran Dipatya,
lajeng nitih kreta nunggil.
5. Jendral lan Pangran Dipatya, neng jro kreta Jendral ngajak
ubanggi, sami nunggil kareh tuhu, nanging Pangran Dipatya, kendel datanya uloni Jendral iku, mengkana pan sampun prapta,
ing Gowok Jendral wus panggih.
6. Nenggih kelawan Jeng Sultan, lajeng mangkat tan arsa nunggil
nenggih, Jendral nging piyambak iku, aneng ngajeng kang kareta, Kanjeng Sultan lawan mister puniku, Kanjeng Pangran Dipatya,
lawan suketaris Adim.
7. Tan pantara sampun prapta, loji kebon kang palenggahan iki, pan
sampun tinata iku, kursi ageng kalihnya, nging Jeng Sultan tan arsa lenggah puniku kedah dhampar ken ngajengna, nging Jendral
tan suka iki.
8. Pan lajeng selayanira, Jendral Raples nyandhak Krerangireki, ing
pedhang arsa den unus, Kanjeng Sultan mengkana, kang curiga ing ngasta lan dheyanipun, sagung kang putra santana, tenapi
kang pradipati.
9. Pan sampun ngadeg sedaya, kang pra upsir kang baris malebet
sami, dadya jejel kantor iku, mapan pipit-pipitan, yen lajeng ngaprang kados tan saged iku angempakena gegaman, pedhang
atenapi kreris.
10. Sagung kang putra santana , mHyang upsir Bupati carup sami, mengkana ing kang winuwus, Kanjeng Pangran Dipatya, aneng
tengah anapih kaliyanipun, ingkang rama lawan Jendral, lawan Jankrerapet iki.
11. Mapan marmaning Hyang Suksma, pan rahayu sadaya datan nganti, nibakaken gamanipun, lajeng sareh kalihnya, Jendral
ngawon Kangjeng Sultan sampun tamtu, alenggah aneng dhedhampar, Jendral lenggah aneng kursi.
AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
61
12. Mengkana Jendral atanya, sapa ingkang tinuding anggenteni, jumeneng Ngayogya iku, lamun Sultan tan ana, Kanjeng Sultan
nulya angandika iku, iya ki Dipati ika, nanging lamun tulus becik. 13. Jendral Botermas saurnya, becik ora dhingin katon punapi, yen
mengkono ingsun jaluk, iya kang tondha asta, lawan tamtu ingya kang urupan iku, sagung bumi tanah Jipang, lawan preraHyangan
iki.
14. Kanjeng Sultan angandika, mengko sore iya ingsun ngirimi, Jendral anyauri asru, mengko iki kewala, ewuh apa iya iku
tandhanipun, yen tan siji karsanira, esmu lingsem Sri Bupati. 15. Nulya paring tondha asta, lawan Jendral iya nandhatangani,
mengkana pan sampun rampung, lamun Pangran Dipatya, yen tan ana Kangjeng Sultan gumantya ku, lan wonten malih bicara, ning
Jeng Sultan arseki.
16. Pan besuk esuk kewala, ing saiki wis banget sayah mami, Kanjeng Sultan lajeng kondur, sareng enjing winarna, Kanjeng Sultan
utusan mring loji iku, ki Adipati Danurja, kang ing ngutus sampun panggih.
17. Lan Jendral mapan mengkana, sampun ewah kados adat puniki, Jendral manjinga kedhaton, lampah samanya, pan gentosan dene
kang bicara agung, kepanggih wingking kewala, sabab sampun kaping kalih.
18. Jeng Sultan genira lenggah, dhateng loji methuk sapisaneki,