AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
2
13. Datan tahan ingudanan mimis samya, nulya kang praDipati,
angawaki yuda, lan sagung wong Mentaram, kang dadya pangawat kering, Pangran Sumedhang, kanan Dipati Tegil.
14. Ki Mandurareja pan wus dadya dhadha, rempek pangamuk neki, wong Kumpeni tadhah, sanget pangedrelira, nanging wus datan
preduli, kang pra Dipatya, lawan wadya Mentawis.
15. Samya nusup ing kukuse kang senjata, dadya kuweling jurit, senjata wus pejah, kantun ngamuk kang pedang, nanging wus tan
miyatani, Kumpeni telas, lumayu inglang urip. 16. Ngungsi kitha wong Mentaram sampun prapta, ingkang samya
nututi, mriyem sinuledan, kang aneng luhur ika, ing beteng lir gelap swarneki, wadya Mentaram, dadya menggah pan sami.
17. Ki Mandurareja lan kang pra Dipatya, mapan rembagan sami,
kinepung kewala, kitha inten punika, derapon ngenes saiki, nulya kinepang, Kumpeni ambedhili.
18. Saking luhur ing beteng mapan kiwala, pan wus tan bisa mijil, ing tyas langkung giras, lan mega binedhilan, pan sampun miharsa
warti, Pangran Purbaya, saget ngambah wiyati. 19. Rinten dalu kang senjata berondongan, dene wadya Mentawis,
pan eca kasukan, mengkana pirembagan, Pangran Sumedhang tur neki, mring Ki Mandura, ki lurah yen suwawi.
20. Inginggahan kang kitha inten punika, saging konca Dipati, samya
nginggahana, tiyang alit sedaya, sampun wonten tutumut jurit, dugi kawula, sampun alit kang galih.
21. Sendawanya sampun tipis dugi kula, rembag kang pra Dipati,
nulya sareng mangkat, kutha inten wus prapta, tan pantaran gya rinampit, Gunadur nulya, langkung gugup ngabani.
22. Kang mariyem pan sampun sinuledan, pan anglir gelap muni,
nengah pra Dipatya, pan rempek ajengira, tan ajrih swaraning mimis, langkung gugupnya, kang neng jro beteng sami.
23. Dadya telas kang pelor tinja kinarya, mapan tepiyo sami, karya nyendhoki tinja, mengkana Ki Mandura, mapan kenging mimis
tahi, ingkang salira, mapan galuprat tahi.
24. Miwah para Dipati hiya mengkana, pan nungur nungur sami,