Kanjeng Raja Ngayogya di, Kanjeng Sultan kang winarna, mapan Pangran Sontawijaneki, Jeng Sultan Mindhak sekawan, putra kang Pangran Jayakusumeki, punika ingkang taruna, dadya ewa ing Pangran Mangkudiningrati, punika kang gadhah karsa, nuhun P

AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 48

13. Inggih dhumateng ing Ngloji, kepanggih alawan Jendral jeng

Sultan tan arsa mangko, dadya langkung ayudanya, mester enggal lan wa bram, mengkana wekasanipun, Jeng Sultan wakil kewala

14. Miter kalih atureneki, katiga Raden Dipatya, kalamun wonten

kajenge, Jendral punapa wus lila, Kanjeng Sultan ngandika, iya mapan lila ingsun, marang sit hole Dipatya.

15. Mengkana Pangran Dipati, wus ing ngiden mring kang rama, kinen

mangggihi jendra le lan wus tilas welingira, nulya lengser sing dhasar, lawan mister kalihipun, mHyang sagung putra sentana.

16. Tenapi kang pradipati, lawan prajurit sedaya, sampun prapta ngloji

mangko, nulya panggih lawan Jendral, Kanjeng Pangran Dipatya, anulya ing ngakat sampun jumeneng sang raja putra.

17. Nalendra parentah iki, mring sagunge wong Ngayogya, dadya

Kangjeng Sultan mangko, mapan kendel amegawan, nanging momong kewala, dhumateng kang putra iku, wus rampung ingkang bicara.

18. Kanjeng raja kondura glis lajeng sowan mring kang rama, wus

katur sanes karane enjangira Jendral nulya, dhumateng ing kerajan, mapan lajeng pamit mantuk, enjingira nulya budhal.

19. Jenderal Daendels mring Betawi, datan lami kintun bintang,

dhumateng jeng raja mangko, pan sinami agengira, lan bintange priyongga, Jendral Dhandels puniku, nanging kantun mawi sela.

20. Pan mudhel pratondhaneki, saking ing raja Welanda, datan lami

gantos mangke, Jendral Dhandeles punika, Jendral Janseng punika, kawarnaha ing Mentarum, laminya jumeneng ika.

21. Kanjeng Raja Ngayogya di, Kanjeng Sultan kang winarna, mapan

kenging pabanguse, marang ingkang gadhah karsa, ingkang putra Priyongga, Pangran Mangkudiningratku, lan Pangran Jayakusuma.

22. Pangran Sontawijaneki, Jeng Sultan Mindhak sekawan, putra kang

diwasa mangko, kang sepuh Pangran Natabaya, anuli arinira, Pangran Slarong puniku, kuli Pangran Sontawijaya.

23. Pangran Jayakusumeki, punika ingkang taruna, dadya ewa ing

manahe, Kanjeng Sultan mring kang putra, Kanjeng raja Nalendra, pan kenging pambangusipun, dhumateng kang putra tiga.

24. Pangran Mangkudiningrati, punika kang gadhah karsa, nuhun

mring kang rata mangko, jumeneng Pangran Dipatya, ingkang rayi kalihnya, Pangran Jayakusumeku, lan Pangran Sontawijaya. AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 49

25. Punika ingkang jagani, ing lebet garwa kalihnya, mapan ingkang

mothahake, Kanjeng ratu mas punika, lawan ratu kencana, marma Kanjeng Sultan iku, langkung emeng ingkang driya.

26. Enengena Ngayogya ki, kang lagya samya kengengan ing Betawi

winiraos Jendral Janseng pan tamuhan anenggih kang prang muka, Jendral Ingris wastanipun, Rafflesepe kang bala.

27. Jendral Janseng atur tulis, marang Kanjeng raja putra, Nalendra

nuhun bantune, mapan lajeng binantonan anenggih kang lumampah, mapan Rahaden Tumenggung, Danukusuma kalawan.

28. Den Menggung Danunegari, Den Menggung Wiryakusuma, dene

ingkang lebet mangke, Rahaden Riya Sindurja, lan Raden Ranawijaya, mapan kang sal kang Tumenggung, sewu cacahe kang bala.

29. Mapan dereng ngantos prapti, Betawi pan sampun bedhah, lajeng