AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
52
63. Kanjeng raja ngandika ris, mring Pangran Dipanagara, paran yen
ngandikan ingong, maneh marang eHyangira, Pangeran Dipanagara, tur sembah anulya matur, kawula mapan sumongga.
64. Kanjeng raja ngandika ris, becik ingsun yen ngandikan ewuh tan seta amangko, kalawan ta adhenira, apa during ana prapta,
Pangeran matur wotsantun, mapan sampun samya prapta.
65. Pan amba ken wangsul sami, pun adhi Adinegara, mapan amba-
amba tempahake, ngulatna dhateng pun uwa, pun adhi Suryabrongta, ngulaten paman puniku, Jayakusuma kang dadya.
66. Kekalih raosing galih,mengkana mapan antara, wonten kawandina
mangke, Kanjeng raja ing ngandikan, dhumateng Kanjeng Sultan, Nyai Riyakang ingutus, nulya Kanjeng raja soan.
67. Tan kantun kang putra iki, kinen kendel ketanggelan, jeng raja
manjing kedhaton, wus cundhuk lawan sang nata, jeng raja ngaraspada, pan samya kumembengipun, mengkana pan sampun
lenggah.
68. Kanjeng Sultan ngandika ris wau dhumateng jeng raja, ywa sira
liru mangretos, marmane iku sun buwang, benjang sapungkur ingwang, wus sun duga iku kulup, makewuhi marang sira.
69. Marmane ingsun pateni, pan ingsun iki wus tuwa, ing besuk sapa
kang duwe, tinggalane eHyangira, dadya samya pulihnya, ingkang tyas kalihanipun, nanging dereng karya patya.
70. wus tan ana walangati, saben dina ing ngandikan, jeng raja
manjing kedhaton, Pangeran Dipanagara, mapan sampun kalilan, kundur mring Tegalarjeku, mengkana pan ora lama.
71. Kanjeng Sultan kenging malih, saking agenging panggoda, ewa
mring kang putra mangko, mengkana ingkang winarna, Pangeran Suryabrongta, sowan mring kang raka iku, dhumateng ing
Tegalarja.
72. Mapan atur kabar yekti, ingkang warta sampun terang, dadya
kumepyur galihe, Pangeran Dipanagara, mengkana kang winarna, ing dina Jumungah iku, Kanjeng Sultan miyos salat.
73. Kanjeng raja dherek iki, pepak kang putra sentana, pan saben
Jumungah mangko, Kanjeng Sultan miyos salat, mengkana sampun lama, Kanjeng Sultan ewahipun, dhateng jeng raja
Nalendra.
74. Sabenda Jumungah iki, Kanjeng raja mapan nulya nimbali kang
putra mangke, Pangeran Dipanagara, lan kang rayi ika, Pangran panengahiku, kang samya tinantun karya.
AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
53
75. Kanjeng raja ngandika ris, paran adhi pikirira, Kanjeng rama owah tyase tan arsa ningali mring wang, dene pengrasaningwang,
barang kinarsakaken iku, sun adhi datan suwala.
76. Kongsi cinacat wak mami, ingsun adhi mring Welonda, saking
dene wediningngong, iya marang Kanjeng rama, Pangran panengah turira, kados boten marem tuhu, yen paduka teksih
nama.
77. Nenggih jeng raja puniki, lan malih kang prentahan, jeng raja
ngandika alon, apa adhi sun aturna, Pangran panengah turira, mapan langkung ewedipun, yen paduka angaturna.
78. Inggih ing kalih prakawis, boten wande yen kapiran, paduka ing