AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
49
25. Punika ingkang jagani, ing lebet garwa kalihnya, mapan ingkang
mothahake, Kanjeng ratu mas punika, lawan ratu kencana, marma Kanjeng Sultan iku, langkung emeng ingkang driya.
26. Enengena Ngayogya ki, kang lagya samya kengengan ing Betawi
winiraos Jendral Janseng pan tamuhan anenggih kang prang muka, Jendral Ingris wastanipun, Rafflesepe kang bala.
27. Jendral Janseng atur tulis, marang Kanjeng raja putra, Nalendra
nuhun bantune, mapan lajeng binantonan anenggih kang lumampah, mapan Rahaden Tumenggung, Danukusuma kalawan.
28. Den Menggung Danunegari, Den Menggung Wiryakusuma, dene
ingkang lebet mangke, Rahaden Riya Sindurja, lan Raden Ranawijaya, mapan kang sal kang Tumenggung, sewu cacahe
kang bala.
29. Mapan dereng ngantos prapti, Betawi pan sampun bedhah, lajeng
baris srandhole, sagung kang wadya Ngayogya, neng gembola Surakarta, pan lestari kawonipun, Welandi Jendral Binucal.
30. Janseng ingkang angrenggani, Betawi Jendral Botemas, Raffles
ingkang jujuluke, mengkana ingkang winarna, nenggih nagri Ngayogya, Kanjeng Sultan Geng tyasipun, dene Welonda wus
sirna.
31. Mapan sampun salin Inggris, pan semana rajeng Sultan, lajeng
arsa dhatengake, ingkang dadya deleng ing tyas, mengkana sampun rembag, kelawan putra katelu, sekawan kang mantu
nata.
32. Lawan ingkang ipe kalih, mapan punika sadaya, kang samya
panas manahe, dhumateng Raden Dipatya, kang mantu namanira, den Sumadiningrat, iku ipe Rana Prawiranata.
33. Prawiradiwirya iki, semana Raoden Dipatya, mapan tinimbalan
mengko, sengadinira pinirsa, Inggris ing kabarira pan sampun prapta kedhatun, cinepeng Raden Dipatya.
34. Mapan lajeng den sedani, atenapi lan kang rama, Raden
Danukusumane, mengkana ingkang winarna, Kanjeng raja Nalendra, mapan sampun tanpa bayu, dadya angles ingkang
driya.
35. Sagunging nglawang kinunci, wadya krajan sedayanya, baris
banjur andhap manko, lajeng kinen nimbalana, dhumateng ingkang putra, Pangran Dipanegareku, dhumateng ing Tegalarja.
36. Kawarna Tegalarjeki, Pangeran Dipanagara, mapan tan amirsa
watos, kalamun nagri Ngayogya, nenggih wetan punika, jinawil kang mapan iku, nenggih Pangran Natabaya.
AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
50
37. Kelangkung kaget kang galih, lan tos dhateng kang rama,