AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
55
101.  Tan  pantara  nulya  prapti,  Nyai  Riyangarsa  sang  nata,  kang  surat
wus katur mangke, dhumateng Srinaranata, mapan lajeng binuka, sampun sinukma ing kalbu, langkung suka Srinarendra.
102.  Enjang  nulya  den  timbale,  jeng  raja  putra  Nalendra,  dhumateng
kang  rama  mangke,  tan  pantara  nulya  prapta,  jeng  raja  ngarsa nata, Kanjeng Sultan nulya dangu, mring Kanjeng raja Nalendra.
103.  Kerna sari atur tulis, nyaosaken saneskara, jaluk mulih lir maune,
jeng raja putra Nalendra, pan aris aturira, inggih saking lepat ulun, rumiyin kenging rencana.
104.  Sareng  sampun  lami-lami,  kados  saru  ingkang  praja,  mengkana
sakedhap  supe,  jeng  Sultan  mringkang  ngubaya,  garwa  kalih mHyang putra, saking suka ing tyasipun, rinangkul raja Nalendra.
105.  Ya  wus  eling  anak  mami,  kalamun  duwe  wong  tuwa,  Kangjeng
Sultan  anulya  ge,  mapan  kinen  nimbalana,  Raden  Tumenggung ika, Sumadiningrat prapta wus, lan Raden prawira nata.
106.  Brongtanusuma  lan  carik,  mapan  lajeng  karya  surat,  mring  loji
paring  wruh  mangko  yen  Kanjeng  raja  Nalendra,  ngaturken  kang panguwasa, tenapi lan naminipun, saking karsanya priyongga.
107.  Ingkang  ing  ngutus  mring  loji,  Kyai  Sindunagara,  lan  Raden Tumenggung  mangko  Danunegara  punika,  pan  dereng  karya
patya,  marma  kaliwon  kang  ngutus,  mengkana  pan  sampun prapta.
108.  Lan  minister  Engglar  panggih  mapan  lajeng  winertanan,  ingkang
serat  ijoane,  lamun  jeng  raja  Nalendra,  nyaosaken  kang  nama, lawan parentahanipun, wit saking karsa priyongga.
109.  Mapan  wangsul  nama  lami,  Kanjeng  Pangran  Adipatya,  kalawan
ing  pasoane  mister  langkung  gegetunya,  tan  saged  mangsulana, ingkang surat mapan sampun, linajengken marang Jendral.
110.  Nanging  sampun  salin  Inggris,  surat  sinamur  kewala,  datan
minangsulan  mangko,  awetara  pitung  dina,  Jeng  Sultan  nulya karya, pepatih Kyai Tumenggung, sindunagara punika.
111.  Mester  mapan  den  timbale,  mapan  sakit  sengidanya,  nging  wakil
letnan  Ki  Mangon,  wus  pepak  sagung  kaseba,  nuju  Isnen  kang dina, nulya miyos sang ngaprabu, nging letnan lan juru basa.
112.  Ingkang  dherek  mring  sang  ngaji,  lenggah  neng  sitinggil  ika,
Kanjeng Pangran Dipatine, wangsul palenggahan lama, mengkana mapan nulya, kang Kanjeng Sultan ngangkat sampun, mring Kyai
Sindunagara.
113.  Mapan kinarya pepatih, anama Kyai Danurja, ngestreni kabeh ika,
sagung kang putra sentana, lawan kang para punggawa, nanging letnan datan purun, kalawan kang juru basa.
AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
56
114.  Ajrih  pan  datan  wineling,  dhumateng  ing  ministernya,  pan
mengkana  sengadine,  nanging  Kanjeng  Sultan  ika,  pan  lajeng karsanira, mengkana pan sampun rampung, pepatih Kyai Danurja.
115.  Anulya luwar sang aji, bubar sagung kang sewaka, ki Adipati nulya
ge,  lumebet  mring  loji  ika,  lan  sagung  pradipatya,  dene  kang gentosi iku, anama Sindunagara.
116.  Putranira  Ki  Dipati,  kawarna  Pangran  Dipatya,  kang  putra  kalilan
mangko,  kondur  marang  Tegalarja,  Pangran  Dipanagara,  datan lama praptanipun, minister Jankrepet punika.
117.  Eglar sampun kesah nuli, lawan kang bala Welonda, kantun kang
merdika  mangko,  dadya  salin  ingkang  jaga,  nenggih  nagri Ngayogya, Inggris lan Sepei iku, mengkana ingkang winarna.
118.  Kanjeng  Sultan  mundhut  iki,  mring  kang  rayi  praptanira,  Pangran