Mapan lajeng den timbali, Kanjeng Pangran Adipatya, pinarak Kumembeng waspanya mijil, Pangeran Dipanagara, mapan ya Paran ta kulup sireki,, eHyangira kawelas arsa, kang lawang Pan kagawa ingsun yekti, wus sun duga Kanjeng rama

AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 58

139. Mapan sampun mirsa warti yen kang ibu kawelas arsa, esmu

bramatya manahe, lajeng kinen nimbalana, dhumateng ingkang putra, Pangran Dipanegareku, ing Tegalarja tan ana.

140. Lajeng kinen ngupadosi, kepanggih neng guwa Secang, lajeng

lancaran lampahe, tan kondur mring Tegalarja, mapan lajeng kewala, saking kuwatosing kalbu, Jeng Pangran dhateng kang rama.

141. Tan antara sampun prapti, ing kadipaten semana, mapan nuju

bakda ngisane, Pangeran Dipanagara, mapan lajeng kewala, malebet panepen iku, salat sampunira bakda.

142. Mapan lajeng den timbali, Kanjeng Pangran Adipatya, pinarak

neng gedhong pangkeng, Pangeran Dipanagara, pan sampun prapta ngarsa, Kanjeng Pangran sareng dulu, wau dhumateng kang putra.

143. Kumembeng waspanya mijil, Pangeran Dipanagara, mapan ya

mengkono maneh, ring sampunira atata, sakalihan kang driya, Kangjeng Pangran dipatyeku, mapan aris angandika.

144. Paran ta kulup sireki,, eHyangira kawelas arsa, kang lawang

pinepet mangko, nora kena yen manjinga, marang kedhaton ika, margane mengkono iku, kulup iya eHyangira.

145. Pan kagawa ingsun yekti, wus sun duga Kanjeng rama, marang

ingsun sida supe, pratondha iku kewala, iya marang eHyangira, paran ta kulup sireku, ingkang dadi karepira.

146. Sapira ingsun pribadi, apadene eHyangira, mapan wis wareg

rasane, kulup kamuktene donya, nadyan silih matiya, apan wus sedheng nakingsun, nanging sira kaya ngapa.

147. Lan adhi adhinireki, paran baya olahira, mengkana Pangran duk

anon, pangandikane kang rama, apan ing tyas mengkana, marmaning ana wakingsun, iya teka Kangjeng Rama.

148. Kanjeng rama ana iki, iya teka Kanjeng eyang nanging Kanjeng

eHyang mangko, mapan darbe putra liya, lan wayah, pasthi iya, dadya ngadegsuranipun, Pangeran Dipanagara.

149. Anulya matur wotsari, wau dhumateng kang rama, yen mekatenna

karsane, Kanjeng Hyang yektos punika, supe dhatengpaduka, nging amba nuwun pangestu, sasaged-saged kawula.

150. Bilih menawi marengi, wonten pitulunging suksma, Kanjeng