AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
53
75.  Kanjeng raja ngandika ris, paran adhi pikirira, Kanjeng rama owah tyase  tan  arsa  ningali  mring  wang,  dene  pengrasaningwang,
barang kinarsakaken iku, sun adhi datan suwala.
76.  Kongsi  cinacat  wak  mami,  ingsun  adhi  mring  Welonda,  saking
dene  wediningngong,  iya  marang  Kanjeng  rama,  Pangran panengah  turira,  kados  boten  marem  tuhu,  yen  paduka  teksih
nama.
77.  Nenggih  jeng  raja  puniki,  lan  malih  kang  prentahan,  jeng  raja
ngandika  alon,  apa  adhi  sun  aturna,  Pangran  panengah  turira, mapan langkung ewedipun, yen paduka angaturna.
78.  Inggih  ing  kalih  prakawis,  boten  wande  yen  kapiran,  paduka  ing
nginakake,  inggih  dhateng  pun  Welonda,  sawung  medhot pondhongan, punika upamenipun, inggih dinamel punapa.
79.  Jeng  raja  ngandika  aris,  paran  adhi  kang  prayoga,  Pangran
panengah  ature,  ingkang  kepanggih  kawula,  sanajan  den pundhuta, mapan lun kekahi tuhu, nadyan praptaha ing yuda.
80.  Mapan inggih lun lampahi, rumiyin pan sampun lila, lawan ingkang
ngangkat  mangko, inggih  gupremen Welonda,  yen  paduka  ajriha, pan Welonda sampun tamtu, ewa dhumateng paduka.
81.  Kang  lamun  lajeng  tinampik,  kados  pundi  temahanya,  kapinten
kalih-kalihe,  senadyan  bonda  ayuda  lawan  rama  paduka,  kang punika sababipun, kados nunten tinulungan.
82.  Dhateng  gupremen  puniki,  sabab  punika  kang  karya,  jeng  raja
emeng  ing  tyase,  nulya  antun  mring  kang  putra,  Pangeran Dipanagara, paran karepira kulup apa nunggal pamanira.
83.  Yen  upama  durung  nunggil  lah  mara  sira  matura,  Pangran
Dipanagarane,  mapan  aris  aturira,  pisah  nunggil  tyas  amba,  lan paman panedhah tuhu, sumongga tuwan galiha.
84.  Upami  sami  satunggil,  mapan  awrat  mring  sudarma,  lamun
Kanjeng eHyang yektos, peputra dhateng paduka, tan galih mring kang liya, mapan punika satuhu, ingkang dados kancanira.
85.  Kencenging  tyas  amba  yekti,  aluhung  ing  ngaturena,  senadyan
silih  pamine,  dhumatenga  ing  ngayuda,  lamun  nunggil  sudarma, mengsah lan Welonda tuhu, mapan sae kang carita.
86.  Yen  paduka  ngantos  jurit,  inggih  kalayan  jeng  eHyang,  mapan