AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
56
114. Ajrih pan datan wineling, dhumateng ing ministernya, pan
mengkana sengadine, nanging Kanjeng Sultan ika, pan lajeng karsanira, mengkana pan sampun rampung, pepatih Kyai Danurja.
115. Anulya luwar sang aji, bubar sagung kang sewaka, ki Adipati nulya
ge, lumebet mring loji ika, lan sagung pradipatya, dene kang gentosi iku, anama Sindunagara.
116. Putranira Ki Dipati, kawarna Pangran Dipatya, kang putra kalilan
mangko, kondur marang Tegalarja, Pangran Dipanagara, datan lama praptanipun, minister Jankrepet punika.
117. Eglar sampun kesah nuli, lawan kang bala Welonda, kantun kang
merdika mangko, dadya salin ingkang jaga, nenggih nagri Ngayogya, Inggris lan Sepei iku, mengkana ingkang winarna.
118. Kanjeng Sultan mundhut iki, mring kang rayi praptanira, Pangran
Natanusumane, wau lawan ingkang putra, Raden Tumenggung Natadinngrat wewangenipun, mester nenggih aturira.
119. Jankerapet anyagahi, mapan nulya kintun surat, Minester Krepet
mangko, mring Jendral Betawi ika, anenggih namanira, Raples Botermas puniku, ingkang surat nulya prapta.
120. Datan lama nulya prapti, Pangeran Natanusuma, mapan kalawan
putrane, den menggung Natadiningrat, lajeng katur sang nata, nulya tinimbalan sampun, Pangeran Natanusuma.
121. Mapan lajeng angabekti, dhumateng Srinaranata, lawan ingkang
putra mangko, Tumengung Natadiningrat, mapan sasampunira, dumugi karsa sang prabu, kang rayi kinen kondura.
122. Marang dalemira lami, lan Raden Natadiningrat, mengkana
winarna mangko, mapan saya kathah ika, nenggih nagri Ngayogya, ingkang dados ruwedipun, sangsaya kathah kang
warta.
123. Atenapi songgarunggi, lan jegal jinegal samya, dadya tan karuwan
mangko, ingkang amrih kalujengan, mapan nagri Ngayogya, semana susah kelangkung sagung kang putra Santana.
124. Miwah kang para Dipati, mapan samya tetepangan, sasukane
dhewe-dhewe, mengkana moncanegara, ingkang gentosi ika, Raden Rongga sedanipun Pangeran Dipakusuma.
125. Mapan dados kalih iki, wedana moncanegara, Dipati baurenane,
Raden Prawirasentika, mengkana kang winarna, Kanjeng Pangran dipatyeku, mapan langkung kawelas arsa.
126. Sapraptanira puniki, Pangeran Natanusuma, sagung kang sentana
kabeh, ajrih mring Pangeran ika, nenggih Natanusuma, lawan kang tinantun-tantun, mring kang jeng Sultan punika.
AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
57
127. Marma sentana samya jrih, lawan malih sampun tepang, lan
Pangran Mangkudiningrate, lan Pangran Jayakusuma, sagah kinarya marga, lawan Inggris tepangipun, Pangeran Natanusuma.
128. Lawan Kanjeng Sultan iki, semana pan wus pracaya, mring kang
rayi jumenenge, Pangeran Mangkudinigrat, dadya tulus sang nata, kenging ing rencana tuhu, wus supe marang kang putra.
129. Kanjeng Pangran Adipati, mengkana ingkang pirembag, mapan
lagya ngecakake, linorod lawan binuwang, wong kadipaten samya mapan alit manahipun, wonten kang rayi kalihnya.
130. Nama Pangran Mangkubumi, lawan Pangran panengah, kang raka
kelangkung sihe, kang asring tinantun karya, sampun balik kalihnya, saking jrih kabar kesuwur, mengkana ingkang winarna.
131. Pangran Dipanegareki, datan arsa mirsakakena, mring sagung ing
werta kabeh, tan pantara nulya kesah, saking ing Tegalarja, ngiwa marang guwa iku ing Secang namaning guwa.
132. Kelangkung prihatineki, watos dhumateng kang rama, pan
mengkana pangesthine, Pangeran Dipanagara, muga ta Kanjeng rama, pinaringan tyase amut, tuwekal marang rencana.
133. Lawan paran polah mami, lamun tan tinulungana, paran baya
temahane, lamun prapta ing ngayuda, mapan banget sun miring, sepele ingkang rinebut, anak mungsuh lawan bapa.
134. Dadya langkung tyas ireki, Pangeran Dipanagara, nging kang