Dadya langkung tyas ireki, Pangeran Dipanagara, nging kang Enengna nenggih kang winarni, mapan nagari Ngayogya, Mapan sampun angsal margi, Jankrerapet ing pudhakira, encik Nenggih Pangran Adipati, Pangeran Mangkudiningrat, mapan I

AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 57

127. Marma sentana samya jrih, lawan malih sampun tepang, lan

Pangran Mangkudiningrate, lan Pangran Jayakusuma, sagah kinarya marga, lawan Inggris tepangipun, Pangeran Natanusuma.

128. Lawan Kanjeng Sultan iki, semana pan wus pracaya, mring kang

rayi jumenenge, Pangeran Mangkudinigrat, dadya tulus sang nata, kenging ing rencana tuhu, wus supe marang kang putra.

129. Kanjeng Pangran Adipati, mengkana ingkang pirembag, mapan

lagya ngecakake, linorod lawan binuwang, wong kadipaten samya mapan alit manahipun, wonten kang rayi kalihnya.

130. Nama Pangran Mangkubumi, lawan Pangran panengah, kang raka

kelangkung sihe, kang asring tinantun karya, sampun balik kalihnya, saking jrih kabar kesuwur, mengkana ingkang winarna.

131. Pangran Dipanegareki, datan arsa mirsakakena, mring sagung ing

werta kabeh, tan pantara nulya kesah, saking ing Tegalarja, ngiwa marang guwa iku ing Secang namaning guwa.

132. Kelangkung prihatineki, watos dhumateng kang rama, pan

mengkana pangesthine, Pangeran Dipanagara, muga ta Kanjeng rama, pinaringan tyase amut, tuwekal marang rencana.

133. Lawan paran polah mami, lamun tan tinulungana, paran baya

temahane, lamun prapta ing ngayuda, mapan banget sun miring, sepele ingkang rinebut, anak mungsuh lawan bapa.

134. Dadya langkung tyas ireki, Pangeran Dipanagara, nging kang

rama oneng tyase, dadya datan medal medal, aneng guwa kewala, nenuwun marang Hyang A gung, waluyane ing Ngayogya.

135. Enengna nenggih kang winarni, mapan nagari Ngayogya,

kelangkung surem cahyane, Kangjeng Sultan kawarnaha, arsa dugekaken karsa, ingkang rayi sampun saguh, Pangeran Natanusuma.

136. Mapan sampun angsal margi, Jankrerapet ing pudhakira, encik

amat kekasihe, punika ingkang ing Ngebang, ingkang kinarya marga, sarta ing ngebang Pangran puniku, Natanusuma yen dadya.

137. Nenggih Pangran Adipati, Pangeran Mangkudiningrat, mapan

kathah pangebange, dhumateng encik Amad ika, mengkana kang winarna, Kangjeng Sultan lamun rembug, lawan kang garwa kalihnya.

138. Ingkang asring angegol-agoli kang ngibu Pangran Dipatya, ratu

kedhaton namane, mengkana pan binethekan, aneng ing dalemira, datan kenging miyos iku, kawarna Pangran Dipatya. AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 58

139. Mapan sampun mirsa warti yen kang ibu kawelas arsa, esmu

bramatya manahe, lajeng kinen nimbalana, dhumateng ingkang putra, Pangran Dipanegareku, ing Tegalarja tan ana.

140. Lajeng kinen ngupadosi, kepanggih neng guwa Secang, lajeng

lancaran lampahe, tan kondur mring Tegalarja, mapan lajeng kewala, saking kuwatosing kalbu, Jeng Pangran dhateng kang rama.

141. Tan antara sampun prapti, ing kadipaten semana, mapan nuju

bakda ngisane, Pangeran Dipanagara, mapan lajeng kewala, malebet panepen iku, salat sampunira bakda.

142. Mapan lajeng den timbali, Kanjeng Pangran Adipatya, pinarak