Ing sih paduka satuhu, sarwi ing ngaras sang dewi, tangkis gelung

AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 92 85. Tur mongsa mantepa iku, mengko thithik nuli salin, kaya tan weruh le danya, Kangjeng Pangeran miyarsi, mring pangandikaning sang retna, kumepyur tyas matur aris. 86. Sarwi mesem ngrepeku, yektos gusti duk rumiyin, ing mangke punapa karsa, nah angger dhateng nglampahi, tanedya malih akrama, nging nuhun kang ngabdi gusti.

87. Ing sih paduka satuhu, sarwi ing ngaras sang dewi, tangkis gelung

sang kusuma, kenging pamidhanganeki, malengos sang dyah ngandika, marmane gelema mami. 88. Iya gelema celathu, larangan den pengarahi, palali ujare ika, nreracak ira andadi, Kanjeng Pangeran ngandika, sarwi mesem ngastaweni. 89. Gusti sampun limrahipun, ingkang ngabdi mapan dremi, parentah Allah tangala, mergi nurunaken wiji, premila estu awisan, nging dasih wus den lilani. 90. Pan sinung wawenang sampun, kantun paduka pribadi, nah angger kang tan kalilan, marma nenuhun kang ngabdi, mugi ta linilanana, manjing jroning tamansari. 91. Lamun tan kalilan tuhu, tan wande pun kakang mati, dinukan dhateng Hyang Sukma, ing ngutusan angsal kardi, mesem sang retna ngandika, dhasar botoh bisa angling. 92. Iya sapa bisa iku, madoni wong kudu amrih, pan sampun karsaning Sukma, panggih jodho donya akhir, sampun lejar ing tyasira, sang retna wus asrah dhiri. 93. Kanjeng Pangeran andulu, mring sang dyah wus lejar tyasning, nulya sinabut sang retna, tanpa jiwa kalihneki, wus lintu asmaragama, ing ngemban sang mindhasari. 94. Pan wus karsaning Hyang Agung, panggih jodho jalu estri, dadya sami trisnanira, tan kenging benggang sanyari, mapan lir pendah mintuna, langkung remen kang ningali. 95. Aneng na kang among kayun, Kangjeng Sultan kang winarni, pan sampun karsaning sukma, grerah celeb tan punapi, pan sampun angsal sacondra, nanging miyos setu meksih. 96. Mengkana ingkang winuwus, Kanjeng Pangran amarengi, arsa soan mring kang eyang, sampun lami grerahneki, kapethuk lawan kang rama, Kanjeng Sultan pan marengi. 97. Arsa ameng-ameng iku, ningali kang baluwerti, kang dherek nging ponakawan, Kanjeng Pangran datan uning, tinerka dede kang rama, dadya tan wedhak sing wajik. AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 93 98. Tinerka kang rayi tuhu, sing tebih katingal alit, kapethuk pal kung kaputran, Jeng Pangran kagyat ningali, wau dhumateng kang rama, mesem Kangjeng Sri Bupati. 99. Lawan angandika arum, sira sengguh sapa mami, Kangjeng Pangeran aturnya, lun seguh dhimas Dipati, dadya samya ngluhur kuda, mesem sang nata nabda ris. 100. Arep mring di sira kulup, Jeng Pangran umatur aris, ayun soan Kangjeng eyang, Jeng Sultan ngandika malih, wus kulup sira banjura, nging nginepa aja mulih. 101. Sesuk seba waden esuk, aja nganti sun timbali, kaputren sesuk metuwa, sibeng apa melu iki, Kanjeng Pangeran aturnya, inggih tumut wonten wingking. 102. Kangjeng Sultan sampun laju, kur ungkuran lampahneki, ing dalu enjing winarna, ing dinten Senen marengi, Jeng Pangran ngantos ngandikan, utusan keparak kalih. 103. Nyai Amongsemiteku, lawanya isoka prapti, ngarsanya Kangjeng Pangeran, tur sembah samya turneki, gusti paduka ngabdikan, jeng rama dalem ngentosi. 104. Ngajeng-ajeng sampun dangu lenggah wonten jamban gusti, paduka kinen lajenga, Jeng Pangran nulya lumaris, mapan datan kekampuhan, kering nyai lurah kalih. 105. Miyos kaputren wus rawuh, gedhong mrerapat kang kori, ing ngajenge gedhong jamban, Kanjeng Sultan lenggah kori, sendhean korining jamban, sareng kang putra kaeksi. 106. Sampun karsaning Hyang Agung, Jeng Sultan wespanya mijil, Kanjeng Pangeran miarsa, yen kang rama wespa mijil, ingkang tyas lir binethota, nging tanbuh kang dados galih. 107. Dadya tumut mijil iku, ingkang wepa kalihneki, Jeng Sultan lan Jeng Pangeran, mengkana lurah kekalih, kelajeng tumut karuna, sareng mirsa gustineki. 108. Kekalih samya tyasipun, mengkana pitulung Widi, kalih ical kang sungkawa, emut mring purbaning Widi, manungsa yen nora bakal, Jeng Sultan ngandika aris. 109. Kulup sun undang sireku, sun iki lara sayekti, nanging tanora ngopaha, iya ing rasaning sakit, nanging tyas sun wus karasa, kaya na karsaning Widi. 110. Ing wuri wus pasrah ingsun, mongsa bodhoa sireki, kabeh adhi adhinira, ing mengko dhingin sayekti, ingsun ta ningali liyan, nanging sira anak mami. AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 94

111. Sampun karsaning Hyang Ngagung, Jeng Pangran lomba