Tur sembah kalihwus mundur, kawarna jeng Sri Bupati, teksih

AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 86 7. Mengkana ingkang winuwus, wus prapta semayaneki, ing dinten Isnen punika, mapan nulya den timbali, Jeng Pangran Dipanagara, dhumateng Kanjeng sang ngaji. 8. Pan ing ngiringaken sagung pra putra santana sami, sampun prapta ing Ngayogya, lajeng ngandikaning puri, sampun pepak prangulama, tanapi kang pra Dipati. 9. Sadaya ngandikan sampun, ingkang ageng ageng sami, ngulama alit sadaya, tenapi Bupati alit, pan kinen kantun punika, sedaya neng Srimenganti. 10. Kangjeng Sultan lenggah sampun, aneneg ing panepen iki, lan kyai pangulu ika, tenapi kawrangu lamu, Kanjeng Pangran lenggah bangsal, ing ngandikan sampun prapti. 11. Ing panepen ngiring sagung, praputra santana sami, myang sagunging pra Dipatya, ingkang ageng ageng ngiki, Kanjeng Pangran nulya ningkah lan sang dyah retnaning puri. 12. Mapan sinaid sampun, mring sagung para ngulami, pragat denira aningkah, nulya kinen medal sami, kyai pangulu kalawan, myang sagung kang prangulami. 13. Kanjeng Sultan miyos sampun, saking ing panepen iki, angiringaken kang putra, langkung tyas marwata siwi, lenggah neng bangsal sekedhap, nimbali Raden Dipati. 14. Kalawan Raden Tumenggung, Pringgadiningrat puniki, tan tebih lawan kang putra, Pangeran Dipanagari, sinandhing ngandhap dhedhampar, lawan jeng Pangran Dipati. 15. Ingkang praputra sedarum, soan neng tratag sami, tunggil lan Raden Dipatya sang nata ngandika aris, ing mengko sore Danurja, pukul telu pepakneki. 16. Jola lan jempana iku, pepakna magangan iki, lan Pringgadiningrat sira, den pamekta kang jajari, sagung ing prajurit ika, sandika atur nyakalih. 17. Ngandika malih sang prabu, aruming Raden Dipati, lan Raden Pringgadiningrat, ing mengko tyas ingsun iki, bareng wis gelem rabiya, nakingsun Dipanegari. 18. Pan wus padhang atiningsun, tan ana ingkang sun pikir, dadya wus bersih tyasingwang, nanging keri mring Hyang Widi, ing wuri Walauaklam, wus padha mundura iki.

19. Tur sembah kalihwus mundur, kawarna jeng Sri Bupati, teksih

lenggah aneng bangsal, lan sagung pra putra sami, Kanjeng Sultan angandika, mring Pangran Dipanagari. AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 87 20. Wus sira banjura kulup, marang ing karaton becik, metuwa kene kewala, keputren dandana iki, ing daleme eyangira, tur bekti mundur sing ngarsi. 21. Ing ngiring kang rayi sagung ing kreraton sampun prapti, jeng ratu ageng winarna, mapan lagya grerah iki, marma tan saged tumuta, nenggani kang wayah krami. 22. Kanjeng Pangran ngandika rum, dhumateng kang rayi katri, Pangeran Adinagara, lan Pangeran Suryabrangti, tiga Pangran Adisurya, wis padha mulih adhingin. 23. Mring Tegalarja katelu poma aja angling semi, katiga matur sandika, nulya lengser saking ngarsi, kang kantun ngladosi ika, kang rayi Pangran Dipati. 24. Lawan ingkang rayi sagung, ingkang meksih timur sami, ri sampunira busana, mengkana ingkang winarni, sang retna sekaring pura, neng kedhaton mapan sami. 25. Binusanan kang pra ibu, sagung ratu pepak sami, tanapi putri sadaya, sang dyah tan lengganeng kapti, pan bangun turut kewala, Kanjeng Sultan anenggani. 26. Ri sampun busana iku, tan kena winarneng tulis, kadya murca kedhepena, tuhu piturun sing swargi, musthikaning tanah Jawa, keh pawestri lengleng brangti. 27. Senadyan kang para ratu, sedaya pandung ningali, tan ana tetundhanira, sagung putri tanah jawi, Kanjeng Sultan pan mengkana, wus bekjane anak mami. 28. Pinaringan ing Hyang Ngagung, jodho punjul tanah Jawi, derma ratu Maduretna, anglairaken puniki, mendah dene menangana, ibu lan ramane iki. 29. Mengkana Jeng Sultan sampun, lenggah bangsal kencana di, ing ngayap sagung biyada, sang retna gya den timbali, tedhak saking prabayeksa, jeng ratu bandara ngiring. 30. Lawan sagung ratu ratu, tenapi kang para putri, angayap mring sang kusuma, lir esri tedhak sing swargi, ngiring sagung widadara, Dewi Uma ingkang ngirid. 31. Ratih lan Supraba iku, Wilutama pamineki, kang para putri sadaya, pra putri lir widadari, Kanjeng Sultan lir utama, Hyang Jagadnata mantesi. 32. Lenggah Jonggring Selakeku, sang pinenganten wus prapti, lenggah andher neng teratag, mengkana Srinarapati, aputusan Nyai riya, animbali mring kang siwi. AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 88 33. Lan sagung parekan iku, Nyai Riyasampun prapti, ngarsanya Kanjeng Pangeran, Dipanagara lumaris, ing ngayap sagung parekkan, lan Kanjeng Pangran Dipati. 34. Lan kang rayi rayi sagung, ingkang meksih timur sami, miyos ing kaputren ika, lir Bethara Wisnumurti, tedhak saking Suralaya, wus prapta ngarsa sang ngaji.

35. Kinen lenggah jajar sampun, anglir Wisnu lawan Sri, kathah