AAK culture library I
Javanese Manuscripts
www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library
55
101. Tan pantara nulya prapti, Nyai Riyangarsa sang nata, kang surat
wus katur mangke, dhumateng Srinaranata, mapan lajeng binuka, sampun sinukma ing kalbu, langkung suka Srinarendra.
102. Enjang nulya den timbale, jeng raja putra Nalendra, dhumateng
kang rama mangke, tan pantara nulya prapta, jeng raja ngarsa nata, Kanjeng Sultan nulya dangu, mring Kanjeng raja Nalendra.
103. Kerna sari atur tulis, nyaosaken saneskara, jaluk mulih lir maune,
jeng raja putra Nalendra, pan aris aturira, inggih saking lepat ulun, rumiyin kenging rencana.
104. Sareng sampun lami-lami, kados saru ingkang praja, mengkana
sakedhap supe, jeng Sultan mringkang ngubaya, garwa kalih mHyang putra, saking suka ing tyasipun, rinangkul raja Nalendra.
105. Ya wus eling anak mami, kalamun duwe wong tuwa, Kangjeng
Sultan anulya ge, mapan kinen nimbalana, Raden Tumenggung ika, Sumadiningrat prapta wus, lan Raden prawira nata.
106. Brongtanusuma lan carik, mapan lajeng karya surat, mring loji
paring wruh mangko yen Kanjeng raja Nalendra, ngaturken kang panguwasa, tenapi lan naminipun, saking karsanya priyongga.
107. Ingkang ing ngutus mring loji, Kyai Sindunagara, lan Raden Tumenggung mangko Danunegara punika, pan dereng karya
patya, marma kaliwon kang ngutus, mengkana pan sampun prapta.
108. Lan minister Engglar panggih mapan lajeng winertanan, ingkang
serat ijoane, lamun jeng raja Nalendra, nyaosaken kang nama, lawan parentahanipun, wit saking karsa priyongga.
109. Mapan wangsul nama lami, Kanjeng Pangran Adipatya, kalawan
ing pasoane mister langkung gegetunya, tan saged mangsulana, ingkang surat mapan sampun, linajengken marang Jendral.
110. Nanging sampun salin Inggris, surat sinamur kewala, datan