Pirantining Panaliten CARA PANALITEN

prinsip pemahaman wacana ingkang sampun kaandharaken ing gegaran teori. Prinsip pemahaman wacana mawi Prinsip Analogi PA saha Prinsip Penafsiran Lokal PPL.

F. Caranipun Ngesahaken Data

Cara ngesahaken data ing panaliten menika ngginakaken uji validitas saha uji reliabilitas . Uji validitas data ingkang dipunginakaken inggih menika validitas semantik kontekstual saha triangulasi teori. Validitas semantik inggih menika cara kangge ngukur tingkat kesensitifan makna-makna simbolik ingkang gayut kaliyan konteks Endraswara, 2003: 164. Wondene triangulasi teori inggih menika jumbuhaken data asiling panaliten kaliyan teori. Saking panaliten menika validitas ingkang dipuntindakaken inggih menika njumbuhaken data hubungan makna kausalitas ingkang sampun dipunpanggihaken kaliyan konteks ukaranipun. Aplikasi validitas semantik kontekstual ing Rubrik Pangudarasa Kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014, saged dipuntingali saking tuladha ing ngandhap menika. Mledhose G. Sinabung wis ndadekake luwih saka wong 26.000 ngungsi lawase saka 4 wulan lan kapitunan gedhe, pengaji 713 M. DL: 12 PS 5 ‘14 Data ing nginggil menika menawi dipuntegesi migunakaken validitas semantis kontekstual gadhah makna bilih Gunung Sinabung menika salahsatunggaling gunung geni ingkang taksih aktif papanipun wonten ing kabupaten Karo, Sumatra Utara. Rikala pertengahan Januari 2014, Gunung Sinabung menika mledhos, para warga masarakat ing sakiwatengenipun gunung sami ngungsi dangungipun 4 sasi. Kapitunan materi dumugi 713 milyar. Wonten ing data menika kaserat frasa ‘mledhose gunung sinabung’ nedahaken makna sebab , lajeng ukara s alajengipun ‘luwih saka wong 26.000 ngungsi lawase saka 4 wulan lan kapitunan gedhe, pengaji 713 M ’nedahaken makna akibat. Aplikasi triangulasi teori menika cara ngesahaken data kanthi ngginakaken perangan tartemtu minangka tetandhingan kaliyan data. Ing panaliten menika panaliti ngginakaken gegaran teori minangka pembanding. Aplikasi triangulasi teori saged dipuntingali ing ngandhap menika. Mledhose G. Sinabung wis ndadekake luwih saka wong 26.000 ngungsi lawase saka 4 wulan lan kapitunan gedhe, pengaji 713 M. DL: 12 PS 5 ‘14 Data ing nginggil menika menawi dipunjumbuhakaken kaliyan gegaran teori kalebet jinis hubungan makna kausalitas wacana sosial, amargi wosipun data kasebut ngrembag prekawis bebendu alam inggih menika mledhosipun Gunung Sinabung ing Karo, Sumatra Utara. Fungsi hubungan makna kausalitas data menika nedahaken fungsi informatif, awit ngandharaken satunggaling prekawis ingkang saestu kedadosan utawi ngandharaken satunggaling fakta. Lajeng pola ingkang dumados saking data kasebut inggih menika pola implisit. Tegesipun boten kapanggihaken konjungsi kausalitas ananging data menika sampun nedahaken hubungan makna kausalitas. Reliabilitas wonten ing panaliten menika ngginakaken reliabilitas intrarater saha reliabilitas interrater. Anggenipun nindakaken teknik reliabilitas intrarater, panaliti maos kanthi premati saha ngambali data ngantos ngasilaken data ingkang ajeg. Wondene teknik reliabilitas interrater dipuntindakaken kanthi konsultasi