Hubungan Makna Kausalitas Wacana Militer

g. Hubungan Makna Kausalitas Wacana Olahraga saha Kasarasan

Wacana olahraga saha kasarasan menika wacana ingkang wosipun ngengingi samubarang ingkang gayut kaliyan olahraga saha kasarasan. Pamilihing diksi utawi istilah ingkang mligi saha gadhah makna tartemtu gayut kaliyan olahraga saha kasarasan nedahaken wacana menika kalebet wacana olahraga saha kasarasan. Dados, HMK wacana olahraga saha kasarasan inggih menika wacana ingkang ngewrat gegayutan makna sebab-akibat wonten ing wacana olahraga saha kasarasan, tuladhanipun ing ngandhap menika. Kita gatekake yen persiapan kita ngadhepi SEA Games iki pas-pasan yen ora arep dikandhakake kurang banget. Jurungan dana saka pamerintah uga rendhet. Contone para pemanah kepeksa tuku dhewe peralatane panah gendhewa lsp merga dana janjine pemeritah durung mudhun. PS no.211 Januari 2014 Hubungan Makna Kausalitas wacana ing inggil menika saged dipunpriksani saking ukara ‘para pemanah kepeksa tuku dhewe peralatane panah gendhewa lsp merga dana janjine pemeritah durung mudhun .’ Ukara menika kaperang saking kalih klausa inggih menika para pemanah kepeksa tuku dhewe peralatane panah gendhewa lsp minangka unsur akibat, lajeng klausa candhakipun merga dana janjine pemeritah durung mudhun minangka unsur sebab. Kalih klausa menika ngginakaken piranti kohesi minangka konjungsi kausalitas kanthi tembung ‘merga’. Wosipun wacana ing inggil menika ngandharaken kirangipun persiapan Indonesia minangka peserta Sea Games Myanmar taun 2014. Kekirangan ingkang paling cetha wonten ing dana kangge para atlet ingkang rendhet. Ing wacana menika ugi dipunandharaken bilih para pemanah kita kapeksa njangkepi kabetahan pirantinipun mawi dana pribadhi amargi dana saking pamerintah dereng cair. Saking andharan wosipun wacana ing inggil menika nedahaken bilih wacana menika kalebet jinis wacana olahraga saha kasarasan amargi ngrembag prekawis ing bidang olahraga.

h. Hubungan Makna Kausalitas Wacana Pendidikan

Miturut KBBI 2008: 326, pendidikan adalah proses pengubahan sikap dan tata laku seseorangkelompok dalam usaha mendewasakan manusia melalui upaya pengajaran dan pelatihan, proses, cara, perbuatan mendidik . Wacana pendidikan inggih menika wacana ingkang ngewrat samubarang ingkang wonten gayutipun kaliyan bidang pendidikan. Dados, HMK wacana pendidikan inggih menika wacana ingkang gadhah hubungan makna sebab-akibat saha gayut kaliyan prekawis pendidikan, tuladhanipun ing ngandhap menika. Sistem unas iki wis dadi momok sing diwedeni banget. Wali murid, guru, sekolah, kepala dinas, bupati, wali kota nganti menteri kabeh kepengin siswa-siswane lulus. Emane, bab iki njalari akeh sing banjur ora perduli carane, kalebu cara haram supaya bisa lulus. PS no. 237 Juni 2014 Saking andharan ing inggil menika saged dipunmangertos bilih sistem unas utawi ujian nasional dados prekawis ingkang paling dipunajrihaken dening sedaya pihak. Awit siswa kawastanan kasil nggayuh pendidikan kanthi predikat lulus. Bab menika ndayani sedaya pihak ingkang gayut kaliyan bidang pendidikan sami memikir kadospundi caranipun siswa-siswinipun nggayuh kelulusan saha sukses ing ujian nasional. Kathah cara dipuntindakaken dumugi cara-cara ingkang awon.