Fungsi Panyaruwe Fungsi Hubungan Makna Kausalitas ing Wacana Tajuk

dening tiyang. Saking pamanggih menika saged katingal titikan wacana ingkang ngewrat pangajeng-ajeng inggih menika. 1 Tuturan ingkang ngewrat pamanggih dhateng salah satunggaling bab ingkang dipunkajengaken. 2 Wacana ingkang ngewrat pangajeng-ajeng adatipun nggambaraken pangajab dhateng kahanan ingkang langkung sae. 3 Pangajeng-ajeng menika wujud saking satunggaling bab ingkang dados pangajab saengga saged kalaksanan. Tuladhanipun. Komputerisasi iki wigati banget. Kanthi komputer sing canggih, istingarah pemilu presiden-kaya ing AS- bisa rampung lan dingerteni asile mung sajroning 24 jam sawise coblosan. PS no.1910 Mei 2014. Wacana ing inggil menika ngewrat tuturan ingkang wosipun pamanggih . pamanggih ingkng dipunandharaken ngengingi pangajeng-ajeng tumrap asiling pemilu presiden taun 2014 saged dipunmangertos kanthi wekdal 24 jam sesampunipun coblosan. Pangangen-angen menika saged kalaksanan meanwi dipunsengkuyung kaliyan sistem komputerisasi ingkang canggih.

4. Pola Hubungan Makna Kausalitas

Hubungan makna kausalitas minangka satunggaling hubungan semantik. Hubungan makna kasebut nedahaken bentuk koherensi wacana. Wonten ing struktur wacana, aspek koherensi dipunbetahaken kangge nata gegayutan batin antawisipun proposisi setunggal kaliyan proposisi sanesipun saengga mujudaken makna ingkang wetah. Wacana ingkang koheren saged katiti kanthi panganggening piranti kohesi saha tanpa piranti kohesi. Pola ingkang migunakaken piranti kohesi dipunsebut pola eksplisit. Dene pola ingkang boten ngginakaken piranti kohesi dipunsebut pola implisit. Suwadji 2001 ngandharaken hubungan makna sebab-akibat menika saged katiti kanthi panganggening konjungsi kausalitas eksplisit saha tanpa konjungsi kausalitas implisit. Konjungsi kausalitas ekslisit limrahipun dipuntengeri kaliyan piranti kohesi kados makaten: ‘nganti’, ‘dadi’, saha ‘mula’. Tegesipun implisit tanpa konjungsi menika hubungan makna dipunwujudaken kanthi satunggaling pola rantaman ukara utawa paragraf tartemtu. Sesambetan kaliyan jinis pola ing inggil menika, mila pola hubungan makna kausalitas kaperang kalih inggih menika pola eksplisit saha pola implisit. Katranganipun ing ngandhap menika.

a Pola Eksplisit

Wacana inggih menika satuan basa ingkang wetah. Keutuhan wacana menika karantam saking kohesi saha koherensi wacana. Miturut Mulyana 2001: 63 pertalian makna saged kedadosan menawi wonten alat-alat formal basa ingkang nyengkuyung dipunsebut alat kohesi. Alat kohesi menika fungsinipun minangka katalisator utawi sarana pandhapuking pola koherensi ingkang semantis . Kawontenan alat kohesi wonten ing wacana minangka titikanipun pola eksplisit . Alat kohesi wonten ing wacana ingkang ngewrat hubungan makna kausalitas migunakaken konjungsi kausalitas. Konjungsi ingkang nedahaken makna sebab inggih menika awit, jalaran, marga, merga, rehne, rehning, sebab, amarga, sarehne, sarehning, awit dene, awit saka, jalaran saka, saha saka