Caranipun Ngempalaken Data CARA PANALITEN

wacana saha pola hubungan makna kausalitas ing Rubrik Pangudarasa wonten ing kalawarti Panyebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014. Tahap analisis deskriptif ingkang dipuntindakaken ing panaliten menika kanthi cara identifikasi, klasifikasi, tabulasi lajeng nganalisis data hubungan makna kausalitas HMK wonten Rubrik Pangudarasa kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014. Cara saha andharan anggenipun nganalisis data wonten panaliten saged dipuntingali wonten ngandhap menika: 1. Tahap identifikasi inggih menika ngidentifikasi data-data ingkang sampun dipunserat ing kertu data adhedhasar wosing prekawis inggih menika kangge manggihaken jinis wacana ingkang ngewrat hubungan makna kausalitas adhedhasar wosing wacana, fungsi wacana saha pola hubungan makna kausalitas ing Rubrik Pangudarasa wonten ing kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014. 2. Tahap klasifikasi data inggih manika data dipunpantha-pantha miturut jinis wacana HMK adhedhasar wosipun, fungsi HMK saha pola HMK Rubrik Pangudarasa. Bilih data kasebut sampun dipunpantha-pantha miturut wosing prekawis. Data ingkang boten jumbuh kaliyan wosing prekawis dipunreduksi tegesipun ngicalaken data. Data ingkang dipunanalisis inggih menika data ingkang jumbuh kaliyan wosing prekawis panaliten menika. 3. Tabulasi, tegesipun ngandharaken data ingkang jumbuh kaliyan wosing prekawis wonten ing tabel analisis data. 4. Data ingkang sampun dipunanalisis lajeng dipunandharaken, saking asiling pirembagan menika lajeng dipunpendhet dudutan. Data dipunanalisis mawi prinsip pemahaman wacana ingkang sampun kaandharaken ing gegaran teori. Prinsip pemahaman wacana mawi Prinsip Analogi PA saha Prinsip Penafsiran Lokal PPL.

F. Caranipun Ngesahaken Data

Cara ngesahaken data ing panaliten menika ngginakaken uji validitas saha uji reliabilitas . Uji validitas data ingkang dipunginakaken inggih menika validitas semantik kontekstual saha triangulasi teori. Validitas semantik inggih menika cara kangge ngukur tingkat kesensitifan makna-makna simbolik ingkang gayut kaliyan konteks Endraswara, 2003: 164. Wondene triangulasi teori inggih menika jumbuhaken data asiling panaliten kaliyan teori. Saking panaliten menika validitas ingkang dipuntindakaken inggih menika njumbuhaken data hubungan makna kausalitas ingkang sampun dipunpanggihaken kaliyan konteks ukaranipun. Aplikasi validitas semantik kontekstual ing Rubrik Pangudarasa Kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014, saged dipuntingali saking tuladha ing ngandhap menika. Mledhose G. Sinabung wis ndadekake luwih saka wong 26.000 ngungsi lawase saka 4 wulan lan kapitunan gedhe, pengaji 713 M. DL: 12 PS 5 ‘14 Data ing nginggil menika menawi dipuntegesi migunakaken validitas semantis kontekstual gadhah makna bilih Gunung Sinabung menika salahsatunggaling gunung geni ingkang taksih aktif papanipun wonten ing kabupaten Karo, Sumatra Utara. Rikala pertengahan Januari 2014, Gunung Sinabung menika mledhos, para warga masarakat ing sakiwatengenipun gunung