Hubungan Makna Kausalitas Wacana Pendidikan

Ukara ing inggil menika nedahaken hubungan makna kausalitas kanthi fungsi informatif . Titikanipun ngandharaken satunggaling fakta inggih menika bebendu mledhosipun Gunung Sinabung ingkang sampun damel kapitunan tumrap warga ing sakiwatengenipun. Gunggungipun warga ingkang ngungsi 26.000 kanthi wekdal 4 sasi. Kapitunan sanesipun inggih menika kapitunan materi ingkang ngantos angka 713 milyar. Titikan sanesipun wacana menika dipunandharaken kanthi basa ingkang gampil dipunpahami.

b. Fungsi Panyaruwe

Miturut Moeliono 1988: 466 panyaruwe inggih menika tuturan ingkang dipunandharaken awujud kecaman utawi pamanggih ingkang ngewrat pertimbangan ala becikipun tumrap satunggaling karya, pamanggih saha sanes- sanesipun. Saking pamanggih menika saged kadamel titikan wacana ingkang ngewrat panyaruwe inggih menika. 1 Ngginakaken tembung-tembung ingkang asipat tegas saha ngewrat perintah ingkang kedah dipuntindakaken, tuladhanipun tembung kudu ‘kedah’. 2 Andharan menika minangka wujud koreksi ingkang gadhah makna positif utawi sae dhateng babagan tartemtu. 3 Panyaruwe menika dipunnginakaken kangge paring pertimbangan ala becikipun dhateng kahanan tartemtu. 4 Panyaruwe menika ngewrat solusi kangge cara ngrampungaken prekawis tertemtu. 5 Panyaruwe menika asipat mbangun, tegas, saha menekan dhateng prekawis ingkang saweg kalampahan, tuladhanipun. Masalah sara pancen peka sensitif. Mula yen ana isu sara, negara kudu hadir, mbelani sing minoritas, ora kok masalah ngrusak kanthi tumindak zalim marang sing minoritas. PS no. 7 15 Pebruari 2014 Wacana ing inggil menika nedahaken hubungan makna kausalitas ingkang gadhah fungsi panyaruwe. Pawadanipun inggih menika wonten ukara negara kudu hadir, mbelani sing minoritas menika nedahaken makna akibat minangka panyaruwe ingkang asipat mbangun, tegas, saha menekan dhateng prekawis SARA ingkang kadhang kedadosan ing masarakat. Ukara menika minangka wujud koreksi saking redaksi ngengingi perkawis SARA Suku, Ras, Agama ingkang mujudaken satunggaling konflik. Indonesia sajatosipun nagari ingkang kathah suku, ras, agama. Saking kathahipun SARA menika boten jarang mujudaken konflik horisontal, saengga nagari kedah ndherek ngrampungaken prekawis menika.

c. Fungsi Pamrayogi

Miturut Moeliono 1988: 784 pamrayogi inggih menika pamanggih ingkang awujud usul, anjuran, cita-cita kangge ngandharaken satunggaling pertimbangan dhateng prekawis tartemtu. Saking pamanggih menika saged kadamel titikan wacana ingkang ngewrat fungsi pamrayogi inggih menika. 1 Pamrayogi menika ngewrat pamanggih dhateng prekawis tartemtu ingkang gadhah sipat lemah. Lemah tegesipun boten meksa, pamanggih ingkang dipunandharaken boten kedah dipuntindakaken utawi dipuntampi. Tembung ingkang dipunginakaken inggih menika apike ‘saenipun’, saha becike ‘becikipun’.