Fungsi Pamrayogi Fungsi Hubungan Makna Kausalitas ing Rubrik Pangudarasa Kalawarti

Wacana ing inggil menika nedahaken hubungan makna kauslitas ingkang gadhah fungsi pangajeng-ajeng. Titikanipun inggih menika makna sebab saged dipuntingali saking tuturan ‘yen transportasi massal kaya sepur bisa kita garap ,’ lajeng makna akibatipun inggih menika ‘lalu lintas penumpang lan barang dadi saya lancar utamane ing luar jawa saengga perekonomian kita bakal saya maju kanthi signifikan .’ Saking tuturan ingkang ngewrat makna akibat salebeting wacana nginggil menika gadhah fungsi pangajeng-ajeng, inggih menika lalu lintas penumbang saha barang saged saya lancar mliginipun ing luar Jawa saha saged paring pangaribawa tumrap perekonomian kita. Data salajengipun saged dipunwaos ing ngandhap menika. 26 Lagi wae kita nyathet yen taun 2013 wingi kita kasil swasembada beras. Lan kita rada ayem, sawetara ora perlu impor beras. Nanging Jebul ing wulan Januari kita kebyukan bencana: banjir bandhang, gunung mbledhos lan lindhu. Musibah mau njalari kapitunan sing ora baen-baen. Sawah-sawah sing kelem nganti atusan hektar, sebagian gedhe pusa. Petani tuna nganti milyaran lan padha ngarep- ngarep bantuan pamerintah wujud winih lan modhal kanggo ngolah sawah meneh. DL: 21PS 82014 Data ing nginggil menika ngewrat hubungan makna kausalitas kanthi fungsi pangajeng-ajeng. Makna sebab saking data kasebut saged dipuntingali wonten ing ukara kaping tiga ingkang ngandharaken bilih bebendu ingkang saweg dumados ing sasi januari menika inggih menika banjir bandhang, gunung mbedhos saha lindhu. Lajeng perangan ingkang nedahaken makna akibat wonten ing ukara candhakipun inggih menika ‘musibah mau njalari kapitunan sing ora baen-baen. Ukara candhakipun ugi awujud akibat ingkang dipuntuwuhaken saking wontenipun bebendu menika, inggih menika ‘sawah- sawah sing kelem nganti atusan hektar, sebagian gedhe pusa. Petani tuna nganti milyaran lan padha ngarep-ngarep bantuan pamerintah wujud winih lan modhal kanggo ngolah sawah meneh ’. Salahsatunggaling wujud akibat saking data ing nginggil menika wonten perangan ingkang ngandharaken fungsi pangarep- arep, inggih menika ‘petani padha ngarep-ngarep bantuan pamerintah wujud winih lan modhal kanggo ngolah sawah meneh ’. Wontenipun tembung ‘ngarep-ngarep’ menika ingkang dados titikanipun fungsi pangarep-arep. Ingkang dipunarep-arep saking petani inggih menika bantuan pamerintah ingkang awujud winih saha modhal kangge ngolah sabin malih.

3. Pola Hubungan Makna Kuasalitas ing Rubrik Pangudarasa Kalawarti

Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014 Pola hubungan makna kausalitas ingkang dipunpanggihaken ing Rubrik Pangudarasa Kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014 wonten kalih, inggih menika pola eksplisit saha pola implisit. Asiling panaliten kasebut badhe kaandharaken ing ngandhap menika.

a. Pola Eksplisit

Pola eksplisit inggih menika pola wacana ingkang ngewrat hubungan makna kausalitas kanthi migunakaken alat bantu kohesi, tegesipun wonten konjungsi ingkang dipunginakaken minangka sarana pandhapuking wacana. Konjungsi ingkang dipunmaksud inggih menika konjungsi kausalitas. Wonten ing Rubrik Pangudarasa Kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014, konjungsi kausalitas ingkang dipunpanggihaken wonten 10 kaperang saking konjungsi sebab saha konjungsi akibat. Konjungsi sebab wonten enem inggih menika merga, amarga, sebab, disebabake, awit, saha jalaran. Wondene konjungsi akibat wonten sekawan inggih menika saengga, njalari, mula, saha akibat. Asiling panaliten ngeningi pola eksplisit wonten ing Rubrik Pangudarasa Kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014 saged dipunwaos ing ngandhap menika. 1 Konjungsi Kausalitas ‘merga’ saha ‘amarga’ Wujud konjungsi kausalitas ‘merga’ saha ‘amarga’ minangka penandha hubungan makna sebab-akibat kausalitas. Wontenipun wujud penandha kasebut ndadosaken ukara setunggal mbetahaken ukara sanes. Ukara ingkang ngewrat penandha ‘merga’ saha ‘amarga’ minangka perangan ingkang nedahaken makna sebab, lajeng perangan sanes minangka makna akibat. Salajengipun ing ngandhap menika data hubungan makna kausalitas ingkang migunakaken konjungsi kausalitas ‘merga’ 22 saha ‘amarga’ 23. 25 Kita gatekake yen persiapan kita ngadhepi SEA Games iki pas-pasan yen ora arep dikandhakake kurang banget. Jurungan dana saka pamerintah uga rendhet. Contone para pemanah kepeksa tuku dhewe peralatane panah gendhewa lsp merga dana janjine pemeritah durung mudhun. DL: 2PS 22014 Saking tiga ukara ing nginggil menika, ukara ingkang ngewrat hubungan makna kausalitas wonten ing ukara kaping tiga inggih menika ‘para pemanah kepeksa tuku dhewe peralatane panah gendhewa lsp merga dana janjine pemeritah durung mudhun’. Ukara menika karantam saking kalih klausa, klausa pisanan nedahaken makna akibat , inggih menika ‘para pemanah