Prinsip Analogi PA Prinsip Pemahaman Wacana

ingkang saweg anget ing masarakat kadosta topik pemilu, kasarasan, olahraga, pendidikan , kebijakan nasional saha sanesipun. Wacana tajuk inggih menika wacan ingkang ngandharaken kasunyatan saha pamanggih. Pamanggih menika dipunandharaken kanthi cekak, logis saha gadhah ancas kangge paring pangaribawa dhateng pamaos tumrap topik ingkang saweg dipunrembag Dr. Lyle Spencer, Assegaff lumantar Soeharno, 1990: 47. Teks tajuk dipunsebut teks editorial Arifin, 1995: 3, tegesipun artikel ingkang ngandharaken pendirian editor utawi pemimpin redaksi tumrap prekawis ingkang saweg anget dipunrembag saha ancasipun paring pangaribawa dhateng pamaos.

E. Hubungan Makna Kausalitas HMK

1. Pangertosan Hubungan makna Kausalitas HMK

Mulyana 2005: 147 ngandharaken bilih hubungan makna kausalitas inggih menika hubungan sebab-akibat antawisipun ukara utawi paragraf. Dados ukara utawi paragraf menika gadhah gegayutan timbal balik, ateges perangan ingkang dados sebab mbetahaken perangan sanes ingkang nedahaken akibat. Saha sewangsulipun, nalika wonten perangan akibat mesthi bakal dipunandharaken perangan sebab saengga mujudaken kepaduan makna ingkang wetah saha jangkep. Tuladhanipun. Penulis menyadari skripsi ini masih banyak kekurangannya. Untuk itu, penulis berharap saran, kritik dan masukan yang konstruktif demi perbaikan selanjutnya. Ukara ingkang pisanan maknanipun ‘sebab’, inggih menika “skripsi banyak kekurangannya ”. Ukara menika mbetahaken ukara sanes supados mujudakaken makna ingkang padu, inggih menika ukara ingkang nedahaken ‘akibat’. Perangan ‘akibat’ wonten ing ukara salajengipun inggih menika “penulis berharap saran...... . ”. Awit kados makaten, ukara-ukara menika mujudaken hubungan semantis kanthi kalih perangan proposisi ingkang nerangaken proposisi sebab saha proposisi akibat. Kalih proposisi menika mujudaken keutuhan wacana. Miturut Sudaryanto 1992: 173-174, hubungan makna sebab-akibat saha hubungan makna akibat-sebab kalebet hubungan makna antarklausa ing ukara camboran bertingkat. Dados hubungan makna kausalitas boten namung wonten ing antawisipun ukara utawi paragraf, ananging ugi wonten ing antawisipun klausa . Wonten ing ukara ingkang ngewrat hubungan makna kausalitas menika gadhah derajat pesan ingkang boten sami, tegesipun wonten pesan utama saha pesan pendukung . Cara anggenipun mangertos klausa minangka pesan utama utawi pendukung inggih menika kanthi cara nggatosaken panganggenipun aksara ageng saha aksara alit. Aksara ageng ingkang nedahaken pesan utama, wondene aksara alit ingkang nedahaken pesan pendukung saengga hubungan antarklausa menika mujudaken satunggaling makna. Hubungan makna sebab-akibat kadadosan saking kalih perangan inggih menika perangan utama minangka ‘sebab’, wondene perangan pendukung minangka ‘akibat’. Umpami, satunggal ukara ingkang nedahaken hubungan makna sebab-akibat , mila klausa utama ingkang dados ‘sebab’ dene klausa