Caranipun Nganalisis Data CARA PANALITEN

sami ngungsi dangungipun 4 sasi. Kapitunan materi dumugi 713 milyar. Wonten ing data menika kaserat frasa ‘mledhose gunung sinabung’ nedahaken makna sebab , lajeng ukara s alajengipun ‘luwih saka wong 26.000 ngungsi lawase saka 4 wulan lan kapitunan gedhe, pengaji 713 M ’nedahaken makna akibat. Aplikasi triangulasi teori menika cara ngesahaken data kanthi ngginakaken perangan tartemtu minangka tetandhingan kaliyan data. Ing panaliten menika panaliti ngginakaken gegaran teori minangka pembanding. Aplikasi triangulasi teori saged dipuntingali ing ngandhap menika. Mledhose G. Sinabung wis ndadekake luwih saka wong 26.000 ngungsi lawase saka 4 wulan lan kapitunan gedhe, pengaji 713 M. DL: 12 PS 5 ‘14 Data ing nginggil menika menawi dipunjumbuhakaken kaliyan gegaran teori kalebet jinis hubungan makna kausalitas wacana sosial, amargi wosipun data kasebut ngrembag prekawis bebendu alam inggih menika mledhosipun Gunung Sinabung ing Karo, Sumatra Utara. Fungsi hubungan makna kausalitas data menika nedahaken fungsi informatif, awit ngandharaken satunggaling prekawis ingkang saestu kedadosan utawi ngandharaken satunggaling fakta. Lajeng pola ingkang dumados saking data kasebut inggih menika pola implisit. Tegesipun boten kapanggihaken konjungsi kausalitas ananging data menika sampun nedahaken hubungan makna kausalitas. Reliabilitas wonten ing panaliten menika ngginakaken reliabilitas intrarater saha reliabilitas interrater. Anggenipun nindakaken teknik reliabilitas intrarater, panaliti maos kanthi premati saha ngambali data ngantos ngasilaken data ingkang ajeg. Wondene teknik reliabilitas interrater dipuntindakaken kanthi konsultasi dhateng dosen pembimbing ngengingi asiling panaliten menika. kanthi nindakaken diskusi saha konsultasi menika dipunajab panaliten menika saged leres saha manggihaken keabsahan data. 54

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN

A. Asiling Panaliten Panaliten kanthi irah-irahan

“Hubungan Makna Kausalitas ing Rubrik Pangudarasa Kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014 ” menika minangka panaliten deskriptif. Pramila, ing panaliten menika badhe ngandharaken jinis hubungan makna kausalitas adhedhasar wosing wacana, fungsi, saha pola hubungan makna kausalitas ing Rubrik Pangudarasa Kalawarti Panyebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014. Asiling panaliten menika manggihaken 63 data ingkang jumbuh kaliyan wosing panaliten ing nginggil. Panaliti anggenipun ngrembag mendhet tuladha sawetawis data kasebut. Data menika makili data sanes ingkang kaliyan wosing panaliten menika. Data-data ingkang dipunmaksud, saged dipuntingali wonten tabel ing ngandhap menika. Tabel 2. Jinising HMK adhedhasar wosing wacana, fungsi, pola saha indikator HMK ing Rubrik Pangudarasa Kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014. No. Jinising HMK adhedhasar wosing wacana Fungsi HMK Pola HMK Indikator 1 2 3 4 5 1. HMK Wacana Politik Informatif Eksplisit Pemilu taun 2014 iki secara umum bisa kita anggep sukses, senajan ana uga kekurangane-kekurangane. Katone ora ana kekisruhan sing berarti. Ing sawetara panggonan ana sing kepeksa dianakake pemungutan suwara ulang, merga surat suwarane ketuker, ana uga sing surat suwarane rusak. DL: 42PS 172014 Panyaruwe Eksplisit Tokoh spiritual saha agama kaya Nabi Muhammad SAW, Nabi Isa, Sidharta