Prinsip Penafsiran Lokal PPL
Ukara ingkang pisanan maknanipun ‘sebab’, inggih menika “skripsi banyak kekurangannya
”. Ukara menika mbetahaken ukara sanes supados mujudakaken makna ingkang padu, inggih menika ukara ingkang nedahaken
‘akibat’. Perangan ‘akibat’ wonten ing ukara salajengipun inggih menika “penulis berharap
saran...... .
”. Awit kados makaten, ukara-ukara menika mujudaken hubungan semantis
kanthi kalih perangan proposisi ingkang nerangaken proposisi sebab saha proposisi akibat. Kalih proposisi menika mujudaken keutuhan wacana.
Miturut Sudaryanto 1992: 173-174, hubungan makna sebab-akibat saha hubungan makna akibat-sebab
kalebet hubungan makna antarklausa ing ukara camboran bertingkat. Dados hubungan makna kausalitas boten namung wonten
ing antawisipun ukara utawi paragraf, ananging ugi wonten ing antawisipun klausa
. Wonten ing ukara ingkang ngewrat hubungan makna kausalitas menika
gadhah derajat pesan ingkang boten sami, tegesipun wonten pesan utama saha pesan pendukung
. Cara anggenipun mangertos klausa minangka pesan utama utawi pendukung inggih menika kanthi cara nggatosaken panganggenipun aksara
ageng saha aksara alit. Aksara ageng ingkang nedahaken pesan utama, wondene aksara alit ingkang nedahaken pesan pendukung saengga hubungan antarklausa
menika mujudaken satunggaling makna. Hubungan makna sebab-akibat
kadadosan saking kalih perangan inggih menika perangan utama minangka
‘sebab’, wondene perangan pendukung minangka
‘akibat’. Umpami, satunggal ukara ingkang nedahaken hubungan makna sebab-akibat
, mila klausa utama ingkang dados ‘sebab’ dene klausa
pendukung minangka
‘akibat’. Hubungan makna sebab-akibat wonten ing wacana sinerat mbetahaken piranti ingkang fungsinipun kangge merangkaikan proposisi
ingkang setunggal kaliyan ingkang sanesipun. Piranti ingkang dipunginakaken kangge nggayutaken proposisi setunggal kaliyan sanesipun dipunwastani
konjungsi . Konjungsi ingkang mretelakaken makna sebab-akibat menika ingkang
dipunsebut konjungsi kausalitas. Konjungsi kausalitas limrahipun dipuntengeri kaliyan piranti kohesi kados makaten:
‘nganti’, ‘dadi’, saha ‘mula’. Panganggening piranti kohesi konjungsi kausalitas saged dipunwaos ing ngandhap
menika. a Sajake sepatune wong kuwi ora tau disemir, nganti rupane kluwuk.
b Aku mau kecopetan ana sepur, dadi ora bisa tuku oleh-oleh. c Bocah kuwi nakal banget, mula kerep disrengiti wong tuwane.
Ukara a, b, saha c nedahaken bilih makna ‘sebab’ ingkang sisih kiwa, wondene makna ‘akibat’ ing sisih tengen. Titikan struktur hubungan makna
sebab-akibat inggih menika saben-saben klausa boten saged dipermutasikan,
Pre kawis menika nedahaken bilih makna ‘sebab’ ingkang dados perangan utama.
Saumpami tata letakipun dipunwalik saged nyebabaken kerusakan makna saha boten gramatikal malih, kados ing ngandhap menika.
a1 Nganti rupane kluwuk, sajake sepatune wong kuwi ora tau disemir. b1 Dadi ora bisa tuku oleh-oleh, aku mau kecopetan ana sepur.
c1 Mula kerep disrengiti wong tuwane, bocah kuwi nakal banget.
Salajengipun hubungan makna akibat-sebab menika ngandharaken perangan makna ‘akibat’ ingkang langkung dipunutamakaken, wondene perangan makna
‘sebab’ minangka pendukung. Hubungan makna akibat-sebab dipuntandhai