11
BAB II GEGARAN TEORI
A. Wacana Kridalaksana 2008: 259 ngandharaken bilih wacana inggih menika satuan
basa ingkang paling jangkep, ing hierarki gramatikal wacana minangka satuan gramatikal
ingkang paling inggil dipunwujudaken ing bentuk paragrafkarangan utuh
saha gadhah amanat jangkep. Pamanggih menika dipunsengkuyung dening Chaer 2007: 62 ingkang ngandharaken bilih wacana adalah satuan bahasa yang
lengkap sehingga dalam hierarki gramatikal merupakan satuan gramatikal tertinggi di atas satuan kalimat.
Saking kalih pamanggih ing nginggil menika nerangaken bilih wacana minangka satuan basa ingkang paling inggil ing hierarki
gramatikal . Pramila satuan basa penyengkuyungipun kadosta fonem, morfem,
tembung, frasa, klausa, ukara, paragraf saha karangan utuh menika sedaya wonten ing wacana.
Miturut Anton M. Moeliono 1998: 334 ing salebeting buku Tata Bahasa Baku Bahasa Indonesia
, wacana adalah rentetan kalimat yang berkaitan yang menghubungkan proposisi yang satu dengan proposisi yang lain membentuk
kesatuan . Saking pangertosan menika unsur keserasian hubungan antawisipun
ukara saha keserasian makna dados titikan ingkang wigatos ing salebeting wacana. Kesatuan hubungan antawisipun ukara saha keserasian makna kasebut
kedah dipunsengkuyung kanthi wontenipun hubungan proposisi, inggih menika gegayutan makna ingkang ngandharaken wosipun komunikasi. Proposisi inggih
menika perangan saking wacana ingkang gadhah makna jangkep. Miturut
Wedhawati 2006: 51, proposisi menika dipunwujudaken dhateng bentuk rentetan ukara ing satunggaling paragraf.
Tarigan 1987: 27 ngandharaken bilih wacana adalah satuan basa terlengkap dan tertinggi di atas kalimat atau klausa dengan koherensi dan kohesi
yang tinggi dan berkesinambungan erat mempunyai awal dan akhir yang nyata baik disampaikan secara lisan atau tertulis
. Saking pamanggih Tarigan ing nginggil menika nedahaken bilih titikan wacana ingkang sae karantam saking
unsur kohesi saha koherensi sarta gadhah gegayutan antawisipun wiwitan saha
pungkasan. Tarigan ugi ngandharaken jinis wacana adhedhasar medianipun inggih menika wonten kalih, wacana lisan saha wacana sinerat. Wacana lisan inggih
menika jinis wacana ingkang dipunandharaken mawi lisan utawi basa verbal, tuladhanipun sesorah, khotbah saha sanesipun. Wondene wacana sinerat inggih
menika jinis wacana ingkang dipunandharaken mawi seratan. Saking pengertosan para ahli ing nginggil menika, saged dipunpendhet
dudutan bilih wacana inggih menika satuan basa ingkang paling jangkep dipunwujudaken wonten ing bentuk lisan kadosta sesorah, pacelathon saha
khotbah utawi wonten ing bentuk seratan kadosta cerkak, novel, buku saha layang. Wacana menika ngewrat konsep saha gagasan ingkang mujudaken
keutuhan makna. Menawi dipuntingali saking strukturipun, wacana karantam
saking unsur kohesi saha koherensi. Kohesi wacana minangka struktur lahir wondene koherensi wacana minangka struktur batin.