Rubrik Pangudarasa GEGARAN TEORI

pendukung minangka ‘akibat’. Hubungan makna sebab-akibat wonten ing wacana sinerat mbetahaken piranti ingkang fungsinipun kangge merangkaikan proposisi ingkang setunggal kaliyan ingkang sanesipun. Piranti ingkang dipunginakaken kangge nggayutaken proposisi setunggal kaliyan sanesipun dipunwastani konjungsi . Konjungsi ingkang mretelakaken makna sebab-akibat menika ingkang dipunsebut konjungsi kausalitas. Konjungsi kausalitas limrahipun dipuntengeri kaliyan piranti kohesi kados makaten: ‘nganti’, ‘dadi’, saha ‘mula’. Panganggening piranti kohesi konjungsi kausalitas saged dipunwaos ing ngandhap menika. a Sajake sepatune wong kuwi ora tau disemir, nganti rupane kluwuk. b Aku mau kecopetan ana sepur, dadi ora bisa tuku oleh-oleh. c Bocah kuwi nakal banget, mula kerep disrengiti wong tuwane. Ukara a, b, saha c nedahaken bilih makna ‘sebab’ ingkang sisih kiwa, wondene makna ‘akibat’ ing sisih tengen. Titikan struktur hubungan makna sebab-akibat inggih menika saben-saben klausa boten saged dipermutasikan, Pre kawis menika nedahaken bilih makna ‘sebab’ ingkang dados perangan utama. Saumpami tata letakipun dipunwalik saged nyebabaken kerusakan makna saha boten gramatikal malih, kados ing ngandhap menika. a1 Nganti rupane kluwuk, sajake sepatune wong kuwi ora tau disemir. b1 Dadi ora bisa tuku oleh-oleh, aku mau kecopetan ana sepur. c1 Mula kerep disrengiti wong tuwane, bocah kuwi nakal banget. Salajengipun hubungan makna akibat-sebab menika ngandharaken perangan makna ‘akibat’ ingkang langkung dipunutamakaken, wondene perangan makna ‘sebab’ minangka pendukung. Hubungan makna akibat-sebab dipuntandhai kanthi konjungsi kausalitas kados makaten ‘marga’, ‘jalaran’, ‘awit’, ‘wong’, ‘upama’, saha ‘gara-gara’. Tuladhanipun. d Suminah ora mlebu sekolah amarga ibune lagi lara. e Tomo mau tiba saka wit, awit saka kurang ngati-ati. f Dheweke disengiti kanca-kancane, jalaran omongane ora kena dipercaya. Titikan struktur hubungan makna akibat-sebab inggih menika bilih klausa nipun saged dipermutasikan tanpa ngowahi informasi ing salebetipun ukara saengga gadhah sifat kerepetitifan rendah. Babagan menika ingkang dados titikan hubungan makna akibat-sebab, saged dipuntingali saking ukara ing ngandhap menika. d1 Amarga ibune lagi lara, Suminah ora mlebu sekolah. e1 Awit saka kurang ngati-ati, Tomo mau tiba saka wit. f1 Jalaran omongane ora kena dipercaya, dheweke disengiti kanca- kancane. Saking pamanggihipun Sudaryanto ing inggil saged dipunpendhet dudutan bilih hubungan makna sebab-akibat saha hubungan makna akibat-sebab sami- sami nedahaken hubungan makna ingkang semantis, ateges ngewrat satunggaling makna ingkang wetah. Bedanipun wonten ing struktur ukaranipun, menawi hubungan makna sebab-akibat gadhah struktur ingkang sampun paten, boten saged dipunwalik amargi menawi dipunwalik ndayani risakipun makna utawi informasi ing ukara menika. Wondene struktur hubungan makna akibat-sebab saged dipermutasikan saha boten ndadosaken risakipun makna utawi informasi.