Ancasing Panaliten Paedahing Panaliten

Wedhawati 2006: 51, proposisi menika dipunwujudaken dhateng bentuk rentetan ukara ing satunggaling paragraf. Tarigan 1987: 27 ngandharaken bilih wacana adalah satuan basa terlengkap dan tertinggi di atas kalimat atau klausa dengan koherensi dan kohesi yang tinggi dan berkesinambungan erat mempunyai awal dan akhir yang nyata baik disampaikan secara lisan atau tertulis . Saking pamanggih Tarigan ing nginggil menika nedahaken bilih titikan wacana ingkang sae karantam saking unsur kohesi saha koherensi sarta gadhah gegayutan antawisipun wiwitan saha pungkasan. Tarigan ugi ngandharaken jinis wacana adhedhasar medianipun inggih menika wonten kalih, wacana lisan saha wacana sinerat. Wacana lisan inggih menika jinis wacana ingkang dipunandharaken mawi lisan utawi basa verbal, tuladhanipun sesorah, khotbah saha sanesipun. Wondene wacana sinerat inggih menika jinis wacana ingkang dipunandharaken mawi seratan. Saking pengertosan para ahli ing nginggil menika, saged dipunpendhet dudutan bilih wacana inggih menika satuan basa ingkang paling jangkep dipunwujudaken wonten ing bentuk lisan kadosta sesorah, pacelathon saha khotbah utawi wonten ing bentuk seratan kadosta cerkak, novel, buku saha layang. Wacana menika ngewrat konsep saha gagasan ingkang mujudaken keutuhan makna. Menawi dipuntingali saking strukturipun, wacana karantam saking unsur kohesi saha koherensi. Kohesi wacana minangka struktur lahir wondene koherensi wacana minangka struktur batin.

B. Keutuhan Wacana

Miturut Chaer 2007: 62-63, keutuhan wacana karantam saking unsur kohesi saha unsur koherensi. Unsur kohesi menika gayut kaliyan alat-alat kebahasaan kadosta konjungsi, pronomina persona, saha elipsis. Wondene unsur koherensi gayut kaliyan aspek semantik, kadosta hubungan pertentangan, hubungan generik spesifik , hubungan sebab-akibat saha hubungan sanesipun. Pamanggih Chaer menika dipunsengkuyung dening Mulyana 2005: 26 bilih aspek pengutuh wacana menika dipunklompokaken kalih inggih menika kohesi saha koherensi. Unsur kohesi kaperang saking aspek-aspek leksikal, gramatikal, saha fonologis wondene unsur koherensi saking aspek semantik saha aspek topikalisasi. Awit kados makaten, wacana ingkang wetah menika wacana ingkang ngewrat aspek- aspek kohesi saha koherensi. Mulyana 2006: 132 ngandharaken bilih kohesi wacana inggih menika kepaduan bentuk struktural ingkang mujudaken ikatan sintaktikal. Pamanggih menika dipunsengkuyung dening Tarigan 1987: 96 ingkang ngandharaken bilih kohesi wacana minangka organisasi sintaksis, tegesipun ukara-ukara dipunrantam kangge ngasilaken satunggaling tuturan ingkang gadhah maknanipun. Konsep kohesi wacana gayut kaliyan struktur lahir utawi segi bentuk, tegesipun satuan basa ingkang awujud tembung saha ukara dipunginakaken kangge mujudaken satunggaling wacana ingkang wetah. Antawisipun tembung utawi ukara menika kedah gegayutan supados mujudakaken makna ingkang nyawiji, menika minangka titikanipun wacana.