ingkang  sampun  dipunsukani  tandha  wonten  ing  kertu  data.  Salajengipun  data menika dipunkelompokaken. Data ingkang sampun dipunserat wonten kertu data
menika  dipunpantha-pantha  miturut  wosing  wacana,  fungsi  wacana  saha  pola hubungan makna kausalitas
.
D. Pirantining Panaliten
Pirantining panaliten ingkang dipunginakaken kangge manggihaken data ing panaliten menika inggih menika tabel analisis data ingkang kabiyantu kertu data.
Pamilihing  kertu  data  ing  panaliten  menika  kangge  nyerat  data  ingkang  sampun kapanggihaken  saha  badhe  dipunanalisis.  Data  ingkang  dipunserat  wonten  kertu
data menika  namung  wacana  ingkang  ngandharaken  bab  hubungan  makna
kausalitas adhedhasar  wosing  wacana,  fungsi  hubungan  makna  kausalitas  saha
pola hubungan makna kausalitas  ingkang dipunpanggihaken.
Wondene  tabel  analisis  data  dipunginakaken  kangge  nganalisis  data  saking kertu  data.  Data  ingkang  sampun  dipunanalisis  kedah  jumbuh  kaliyan  teori
ingkang sampun kaandharaken ing gegaran teori.  Kangge nemtokaken hubungan makna  kausalitas
wonten  Rubrik  Pangudarasa  kalawarti  Panjebar  Semangat wedalan  Januari-Juni  2014  panaliti  kedah  mangertos  gegayutan  proposisi
setunggal kaliyan propisisi sanesipun nedahaken hubungan makna kausalitas.
Tabel 1. Format Kertu Data No. Data
2 Edisi
No. 2 11 Januari 2014 Data
Kita  gatekake  yen  persiapan  kita  ngadhepi  SEA Games iki pas-pasan  yen ora arep dikandhakake
kurang  banget.  Jurungan  dana  saka  pamerintah uga  rendhet.  Contone  para  pemanah  kepeksa
tuku  dhewe  peralatane  panah  gendhewa  lsp merga  dana  janjine  pemerintah  durung
mudhun.
Jinis HMK Olahraga
Fungsi HMK
Informatif Pola
HMK eksplisit
Katrangan: No. Data
: Urutaning data Edisi
: Nomer wedalan Kalawarti Panjebar Semangat Data
: Data ingkang dipunpanggihaken Jinis HMK
: PolitikSosialEkonomiBudayaMiliterHukum saha KriminalitasOlahraga
saha KasarasanPendhidhikan. Fungsi
HMK : Fungsi InformasiPanyaruwePamrayogiPangajeng-ajeng.
Pola HMK
: Pola Hubungan Makna Kausalitas eksplisitimplisit.
E. Caranipun Nganalisis Data
Analisis data ingkang dipunginakaken inggih menika analisis deskriptif. Cara menika kangge nggambaraken, ngandharaken saha mahyakaken asiling panaliten
kanthi  menapa  wontenipun.  Analisis  deskriptif  dipunginakaken  kangge ngandharaken  hubungan  makna  kausalitas  adhedhasar  wosing  wacana,  fungsi
wacana saha pola hubungan makna kausalitas ing Rubrik Pangudarasa wonten ing kalawarti Panyebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014.
Tahap  analisis  deskriptif  ingkang  dipuntindakaken  ing  panaliten  menika kanthi  cara  identifikasi,  klasifikasi,  tabulasi  lajeng  nganalisis  data  hubungan
makna  kausalitas HMK  wonten  Rubrik  Pangudarasa  kalawarti  Panjebar
Semangat wedalan Januari-Juni 2014. Cara saha andharan anggenipun nganalisis
data wonten panaliten saged dipuntingali wonten ngandhap menika:
1. Tahap  identifikasi  inggih  menika  ngidentifikasi  data-data  ingkang  sampun
dipunserat ing kertu data adhedhasar wosing prekawis inggih menika kangge manggihaken  jinis  wacana  ingkang  ngewrat  hubungan  makna  kausalitas
adhedhasar  wosing  wacana,  fungsi  wacana  saha  pola  hubungan  makna kausalitas
ing Rubrik Pangudarasa wonten ing kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014.
2. Tahap  klasifikasi  data inggih  manika  data  dipunpantha-pantha miturut jinis
wacana  HMK  adhedhasar  wosipun,  fungsi  HMK  saha  pola  HMK  Rubrik Pangudarasa. Bilih data kasebut sampun dipunpantha-pantha miturut wosing
prekawis. Data ingkang boten jumbuh kaliyan wosing prekawis dipunreduksi tegesipun  ngicalaken  data.  Data  ingkang  dipunanalisis  inggih  menika  data
ingkang jumbuh kaliyan wosing prekawis panaliten menika. 3.
Tabulasi,  tegesipun  ngandharaken  data  ingkang  jumbuh  kaliyan  wosing prekawis wonten ing tabel analisis data.
4. Data  ingkang  sampun  dipunanalisis  lajeng  dipunandharaken,  saking  asiling
pirembagan  menika  lajeng  dipunpendhet  dudutan.  Data  dipunanalisis  mawi