Hubungan Makna Kausalitas Wacana Politik

kapitunan ingkang ageng kalebet tuna materi saha nyebabaken korban jiwa. Prekawis bebendu alam ingkang saweg kedadosan ing nagari kita menika kalebet wacana sosial. Titikanipun ngandharaken kahanan sosial gesang masarakat ingkang saweg nandhang duhkita amargi bebendu alam, banjir bandhang saha gunung meletus. .

c. Hubungan Makna Kausalitas Wacana Ekonomi

Wacana ekonomi inggih menika wacana ingkang ngrembag prekawis ing salebeting bidang ekonomi. Wacana ekonomi gadhah istilah-istilah khusus ingkang kawentar ing donya bisnis saha ekonomi. Istilah-istilah ekonomi ingkang asring dipunmirengaken kadosta produksi, konsumsi, ditribusi, inflasi, devaluasi, saha panganggening barang-barang kabetanan pokok. Dados, HMK wacana ekonomi inggih menika wacana ingkang ngewrat hubungan makna kausalitas ingkang wosipun ngengingi prekawis utawi prastawa ing bidang ekonomi. Tuladha HMK wacana ekonomi ing ngandhap menika. Beras selundupan iki kalebu kwalitas medium lan asor sing regane murah, luwih murah 30 tinimbang beras lokal sing kwalitase padha. Beras iki ana 156.000 ton, mlebu liwat Medan lan Jakarta. Lan kedadeyan ngene iki sebenere wis ping bola-bali lan nyata ngrusak rega pasaran beras kita. Sing dirugikake ya petani kita sing uripe wis pas-pasan. PS no. 822 Pebruari 2014 Ukara pisanan nedahaken kahanan wos selundupan ingkang kwalitasipun medium saha asor, reginipun ugi mirah malah langkung mirah 30 tinimbang beras lokal. Ukara ingkang kalih ngandharaken gunggungipun beras selundupan menika saha caranipun mlebet dhateng Indonesia inggih menika liwat Medan saha Jakarta. Lajeng ukara kaping tiga ngandharaken akibat ingkang dipunsebabaken dening kedadosan mlebetipun beras selundupan inggih menika ngrisak regi beras lokal saha ingkang paling dipunrugikaken kerja kerasipun para petani kita saking wiwit tandur dumugi panen malah regi berasipun kalah saking regi beras impor. Hubungan makna kausalitas wonten ing wacana menika saged dipunmangertos bilih unsur sebab inggih menika kedadosan mbeletipun beras selundupan dhateng Indonesia . Lajeng unsur akibat ingkang dipuntuwuhaken ngrisak regi beras lokal ing pasaran saha para tani ingkang sampun nyambut damel wiwit tandur dumugi panen malah regi berasipun langkung mirah tinimbang beras impor ingkang selundupan menika .

d. Hubungan Makna Kausalitas Wacana Budaya

Istilah ‘budaya’ KBBI, 2008: 214 menika gadhah pangertosan 1 pikiran, akal budi saha asil, 2 samubarang ingkang sampun dados kebiasaan saha angel dipunewahi. Wacana budaya menika gayut kaliyan aktivitas kabudayan. Aktifitas kabudayan minangka kebiasaan ingkang asring dipuntindakaken dening masarakat, wonten wujud tradisinipun, adat, sikap hidup ingkang wonten sambung rapetipun kaliyan gesang padintenan masarakat tartemtu. Dados, HMK wacana budaya inggih menika wacana ingkang nedahaken hubungan makna sebab -akibat ngengingi kabiasaan masarakat utawi budaya tartemtu. Tuladha HMK wacana budaya ing ngandhap menika. Kaya taun sing uwis-uwis utamane ing kutha-kutha gedhe kaya Jakarta lan Surabaya, akeh bocah-bocah remaja ABG sing kebut-kebutan ing dalan gedhe nganggo sepedha motor tanpa helm, knalpot brong, karo ngunekake terompet ngganggu pengendhara liyane, ana sing nyumet kembang api kanthi ugal-ugalan ing tengah dalan gedhe. PS No. 14 Januari 2014 Wacana inggil menika karantam saki setunggal ukara. Ukara menika ngandharaken kebiasaan masarakat wonten ing pengetan warsa enggal ing kutha-