Wacana Kridalaksana 2008: 259 ngandharaken bilih wacana inggih menika satuan

Anton M. Moeliono lumantar Mulyana, 2005: 26 ngandharaken wacana ingkang sae saha wetah kedah mensyaratkan ukara-ukara ingkang kohesif. Kohesi wacana kaperang kalih aspek, inggih menika kohesi gramatikal saha kohesi leksikal . Kohesi gramatikal antawisipun referensi, substitusi, elipsis, saha konjungsi wondene ingkang mlebet ing kohesi leksikal inggih menika sinonim, repetisi , saha kolokasi. Hubungan kohesif wonten ing wacana asring dipuntengeri kaliyan pemarkah penandha khusus ingkang asifat lingual-formal, tegesipun ukara-ukara menika dipunrantam migunakaken pemarkah utawi penandha khusus kangge ngasilaken tuturan ingkang wetah. Wonten ing kahanan tartemtu, unsur-unsur kohesi dados faktor ingkang wigatos kangge mujudaken wacana ingkang koheren Halliday saha Hasan lumantar Mulyana, 2005: 30. Ananging prelu dipungatosaken bilih unsur-unsur kohesi kasebut boten kedah dipunginakaken kangge mujudaken wacana ingkang wetah saha koheren, amargi panganggenipun piranti-piranti kohesi ing salebeting teks boten langsung ngasilaken wacana ingkang koheren Anton M Moeliono lumantar Mulyana, 2005: 30. Tegesipun, struktur wacana saged dipunbangun tanpa migunakaken piranti-piranti kohesi. Ananging, saenipun wacana ingkang wetah gadhah syarat-syarat kohesi saha koherensi. Aspek pengutuh wacana salajengipun inggih menika koherensi. Miturut Sudaryat 2008: 152 koherensi inggih menika unsur isi wonten ing wacana. Wosipun wacana minangka organisasi semantis, tegesipun gagasan-gagasan ingkang badhe dipunserat lajeng dipunrantam kanthi urutan ingkang logis supados nggayuh maksud saha tuturan ingkang dipunkarepaken. Mulyana 2005: 30 ngandharaken bilih koherensi gadhah teges pertalian. Lajeng Tarigan 1987: 32 nambahaken bilih koherensi inggih menika pertalian makna utawi wosipun ukara. Pertalian makna nedahaken wonten gegayutan isi ing salebeting ukara. Wacana ingkang koheren gadhah rantaman ukara ingkang teratur saha gadhah amanat ingkang rapi, saengga maknanipun saged diinterpretasikaken dening pamaos utawi pamireng. Salebeting struktur wacana, aspek koherensi wigatos sanget kangge nata gegayutan batin antawisipun proposisi setunggal kaliyan proposisi sanesipun supados manggihaken makna ingkang wetah. Proposisi menika perangan saking wacana ingkang gadhah makna jangkep. Hubungan antarproposisi ingkang saged mujudaken keutuhan wacana. Dados, keutuhan wacana ingkang koheren saged dipunmangertos bilih menawi wonten hubungan-hubungan makna antar unsur kanthi semantis. Peran semantik ing salebeting wacana wigatos sanget, awit kangge manggihaken makna wacana. prelu dipunmangertos hubungan antarproposisi kasebut kadhang migunakaken alat bantu kohesi, ananging kadhang kala tanpa migunakaken alat bantu kohesi. Ateges sinaosa wacana ingkang dumados migunakaken alat bantu kohesi utawi tanpa alat bantu kohesi, tetep wacana ingkang sae menika kedah mujudaken koherensi. Kridalaksana lumantar Mulyana, 2005: 32 ngandharaken hubungan koherensi wacana sajatosipun minangka hubungan makna. Tegesipun ing antawisipun proposisi setunggal kaliyan propisisi sanes gadhah makna ingkang nyawiji. Lajeng hubungan antarproposisi wonten ing wacana ingkang koheren kaperang saking mapinten-pinten jinis. Miturut Lubis 1991: 100-110 hubungan semantis makna antawisipun ukara kaperang wolu inggih menika 1 hubungan sebab-akibat , 2 hubungan perbandingan, 3 hubungan parafrastis, 4 hubungan amplikatif , 5 hubungan aditif, 6 hubungan identifikasi, 7 hubungan generik-spesifik , 8 hubungan penunjukanreferensi. Hubungan makna antawisipun proposisi nedahaken keutuhan koherensi. Aspek koherensi boten namung wonten ing teks, ananging ugi dipuntingali saking kemampuan pamaos utawi pamireng nggayutaken makna saha mengintrepretasikan satunggaling bentuk wacana saengga mangertos informasi ingkang dipunandharaken. Kajian koherensi wacana minangka bab ingkang paling dhasar saha paling wigatos. Saking wigatosipun kajian koherensi dados prekawis pokok ing wacana ingkang ngandharaken hubungan-hubungan rasional saha kaidah-kaidah kangge mujudaken tuturan-tuturan ingkang koheren. Reroncening ukara kedah gramatikal ingkang gadhah gegayutan ingkang asifat logis kontekstual, tegesipun saged dipunnalar dening tiyang sanes saengga saged mangertos informasi ingkang kaandharaken ing salebeting ukara menika. Awit kados makaten, analisis wacana ugi minangka analisis ketuntutan saha kelogisan berfikir.

C. Prinsip Pemahaman Wacana

Wosipun wacana minangka satunggaling bab ingkang wigati, amargi tiyang saged mangertos informasi ingkang kaandharaken mawi wacana kasebut. Kangge manggihaken informasi ingkang wetah, pamaos utawi pamireng kedah ngginakaken kemampuan saha cara tartemtu. Kemampuan menika gayut kaliyan kawruh umum satunggaling tiyang kangge nganalisis wacana. Gegayutan kaliyan