Nalaring Pikir GEGARAN TEORI

kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014. Pamalihing kalawarti Panjebar Semangat minangka sumbering data, awit kalawarti Panjebar Semangat gadhah wacana-wacana ingkang narik kawigatosan kangge dipuntliti. Salah satunggalipun inggih menika wacana tajuk inggih menika Pangudarasa. Rubrik Pangudarasa wosipun inggih menika artikel ingkang ngandharaken pretelan fakta saha pamanggih babagan topik tartemtu. Topik ingkang dipunserat jumbuh kaliyan prekawis ingkang saweg anget dipunrembag saha wonten gayutipun kaliyan kahanan tartemtu. Minangka wacana tajuk, Rubrik Pangudarasa gadhah ancas badhe paring pangaribawa dhateng pamaos lumantar pamanggih- pamanggih ingkang dipunandharaken. Prelu dipunmangertos bilih rubrik pangudarasa menika dipunserat dening redaksi kalawarti Panjebar Semangat. Salajengipun pamilihing wekdal panaliten saking sasi Januari dumugi Juni 2014 amargi panaliten menika dipunjumbuhaken kaliyan wekdal panyeratan skripsi panaliti. Pamilihing Rubrik Pangudarasa minangka data panaliten inggih menika minangka pirantos kangge ngandharaken pamanggih, seserepan, kapitadosan, sikap saha emosi saking redaksi dhateng pamaos ngengingi prekawis-prekawis ingkang saweg kadadosan. Sanesipun menika, Rubrik Pangudarasa dipunmahyakaken kanthi wacan ingkang jangkep, saengga pamaos saged paham ngengingi prekawis ingkang saweg kadadosan saha mangertos kadospundi pamanggih saking redaksi tumrap prekawis tartemtu. Miturut Istandiarti 2004: 39-40 teks tajuk menika ngewrat hubungan sebab- akibat antawisipun unsur. Tegesipun ing salebeting Rubrik Pangudarasa minangka wujud teks tajuk ngewrat hubungan makna sebab saha akibat. Saking pamanggih menika, pramila panaliti badhe nganalisis hubungan makna kausalitas ing salebeting Rubrik Pangudarasa kalawarti Panjebat Semangat. Pawadan ingkang pungkasan inggih menika panaliten babagan hubungan makna kausalitas tumrap wacana tajuk mliginipun Rubrik Pangudarasa dereng kanthi dipuntliti.

C. Caranipun Ngempalaken Data

Data wonten panaliten menika awujud seratan, mila cara anggenipun ngempalaken data ingkang dipunginakaken wonten panaliten inggih menika teknik maos saha teknik nyerat. Teknik maos dipuntindakaken kanthi cara maos wacana tajuk ingkang sampun dipuntemtokaken inggih menika Rubrik Pangudarasa wonten ing kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juli 2014. Salajengipun kangge mangertos wosipun Rubrik Pangudarasa menika panaliti pados saha maos artikel sanes minangka sumber referensi kangge paring informasi gayut kaliyan prekawis ingkang dipunrembag ing salebeting Rubrik Pangudarasa. Sesampunipun maos rubrik menika dipuntindakaken nyukani tandha ing salebeting rubrik kasebut ingkang ngewrat hubungan makna kausalitas minangka data panaliten. Teknik maos dipuntindakaken kanthi premati saha tliti, supados data ingkang dipunpanggihaken jumbuh kaliyan watesaning prekawis panaliten inggih menika hubungan makna kausalitas adhedhasar wosing wacana, fungsi wacana saha pola hubungan makna kausalitas wonten Rubrik Pangudarasa kalawarti Panyebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014. Cara ngempalaken data salajengipun inggih menika teknik nyerat. Miturut Sudaryanto 1993: 135 teknik nyerat dipuntindakaken kanthi cara nyerat data ingkang sampun dipunsukani tandha wonten ing kertu data. Salajengipun data menika dipunkelompokaken. Data ingkang sampun dipunserat wonten kertu data menika dipunpantha-pantha miturut wosing wacana, fungsi wacana saha pola hubungan makna kausalitas .

D. Pirantining Panaliten

Pirantining panaliten ingkang dipunginakaken kangge manggihaken data ing panaliten menika inggih menika tabel analisis data ingkang kabiyantu kertu data. Pamilihing kertu data ing panaliten menika kangge nyerat data ingkang sampun kapanggihaken saha badhe dipunanalisis. Data ingkang dipunserat wonten kertu data menika namung wacana ingkang ngandharaken bab hubungan makna kausalitas adhedhasar wosing wacana, fungsi hubungan makna kausalitas saha pola hubungan makna kausalitas ingkang dipunpanggihaken. Wondene tabel analisis data dipunginakaken kangge nganalisis data saking kertu data. Data ingkang sampun dipunanalisis kedah jumbuh kaliyan teori ingkang sampun kaandharaken ing gegaran teori. Kangge nemtokaken hubungan makna kausalitas wonten Rubrik Pangudarasa kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014 panaliti kedah mangertos gegayutan proposisi setunggal kaliyan propisisi sanesipun nedahaken hubungan makna kausalitas.