Panaliten Ingkang Jumbuh GEGARAN TEORI

45

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Panaliten menika ngginakaken jinis panaliten deskriptif. Miturut Mulyana 2005: 83 panaliten deskriptif inggih menika panaliten ingkang dipunginakaken kangge ngandharaken fenomena objek panaliten. Arikunto Mulyana, 2005: 83 ngandaraken bilih data utawi objek panaliten ingkang ngginakaken pendekatan deskriptif badhe dipunandharaken kanthi natural, objektif saha faktual kados wontenipun. Panaliti ngginakaken jinis panaliten deskriptif kangge ngandharaken data ingkang awujud ukara saha paragraf. Data ing panaliten menika ngewrat hubungan semantik mliginipun hubungan makna kausalitas ingkang dipunpanggihaken wonten ing Rubrik Pangudarasa Kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014. Asiling panaliten ingkang badhe dipunandharaken jumbuh kaliyan watesaning prekawis inggih menika hubungan makna kausalitas adhedhasar wosing wacana, fungsi hubungan makna kausalitas saha pola hubungan makna kausalitas wonten ing Rubrik Pangudarasa kalawarti Panyebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014.

B. Data Saha Sumbering Data

Data wonten panaliten menika wujudipun ukara, saha paragraf ingkang kapendhet saking wacana tajuk inggih menika Rubrik Pangudarasa ingkang ngewrat hubungan makna kausalitas. Dene sumbering data inggih menika kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014. Pamalihing kalawarti Panjebar Semangat minangka sumbering data, awit kalawarti Panjebar Semangat gadhah wacana-wacana ingkang narik kawigatosan kangge dipuntliti. Salah satunggalipun inggih menika wacana tajuk inggih menika Pangudarasa. Rubrik Pangudarasa wosipun inggih menika artikel ingkang ngandharaken pretelan fakta saha pamanggih babagan topik tartemtu. Topik ingkang dipunserat jumbuh kaliyan prekawis ingkang saweg anget dipunrembag saha wonten gayutipun kaliyan kahanan tartemtu. Minangka wacana tajuk, Rubrik Pangudarasa gadhah ancas badhe paring pangaribawa dhateng pamaos lumantar pamanggih- pamanggih ingkang dipunandharaken. Prelu dipunmangertos bilih rubrik pangudarasa menika dipunserat dening redaksi kalawarti Panjebar Semangat. Salajengipun pamilihing wekdal panaliten saking sasi Januari dumugi Juni 2014 amargi panaliten menika dipunjumbuhaken kaliyan wekdal panyeratan skripsi panaliti. Pamilihing Rubrik Pangudarasa minangka data panaliten inggih menika minangka pirantos kangge ngandharaken pamanggih, seserepan, kapitadosan, sikap saha emosi saking redaksi dhateng pamaos ngengingi prekawis-prekawis ingkang saweg kadadosan. Sanesipun menika, Rubrik Pangudarasa dipunmahyakaken kanthi wacan ingkang jangkep, saengga pamaos saged paham ngengingi prekawis ingkang saweg kadadosan saha mangertos kadospundi pamanggih saking redaksi tumrap prekawis tartemtu. Miturut Istandiarti 2004: 39-40 teks tajuk menika ngewrat hubungan sebab- akibat antawisipun unsur. Tegesipun ing salebeting Rubrik Pangudarasa minangka wujud teks tajuk ngewrat hubungan makna sebab saha akibat. Saking pamanggih