Fungsi Pangajeng-Ajeng Fungsi Hubungan Makna Kausalitas ing Rubrik Pangudarasa Kalawarti

saking konjungsi sebab saha konjungsi akibat. Konjungsi sebab wonten enem inggih menika merga, amarga, sebab, disebabake, awit, saha jalaran. Wondene konjungsi akibat wonten sekawan inggih menika saengga, njalari, mula, saha akibat. Asiling panaliten ngeningi pola eksplisit wonten ing Rubrik Pangudarasa Kalawarti Panjebar Semangat wedalan Januari-Juni 2014 saged dipunwaos ing ngandhap menika. 1 Konjungsi Kausalitas ‘merga’ saha ‘amarga’ Wujud konjungsi kausalitas ‘merga’ saha ‘amarga’ minangka penandha hubungan makna sebab-akibat kausalitas. Wontenipun wujud penandha kasebut ndadosaken ukara setunggal mbetahaken ukara sanes. Ukara ingkang ngewrat penandha ‘merga’ saha ‘amarga’ minangka perangan ingkang nedahaken makna sebab, lajeng perangan sanes minangka makna akibat. Salajengipun ing ngandhap menika data hubungan makna kausalitas ingkang migunakaken konjungsi kausalitas ‘merga’ 22 saha ‘amarga’ 23. 25 Kita gatekake yen persiapan kita ngadhepi SEA Games iki pas-pasan yen ora arep dikandhakake kurang banget. Jurungan dana saka pamerintah uga rendhet. Contone para pemanah kepeksa tuku dhewe peralatane panah gendhewa lsp merga dana janjine pemeritah durung mudhun. DL: 2PS 22014 Saking tiga ukara ing nginggil menika, ukara ingkang ngewrat hubungan makna kausalitas wonten ing ukara kaping tiga inggih menika ‘para pemanah kepeksa tuku dhewe peralatane panah gendhewa lsp merga dana janjine pemeritah durung mudhun’. Ukara menika karantam saking kalih klausa, klausa pisanan nedahaken makna akibat , inggih menika ‘para pemanah kepeksa tuku dhewe peralatane ’. Wondene klausa candhakipun nedahaken makna sebab , inggih menika ‘merga dana janjine pemeritah durung mudhun ’. Lajeng struktur makna ingkang dipunpanggihaken ing data kasebut inggih menika hubungan makna akibat-sebab. Wontenipun konjungsi ‘merga’ ing ukara kasebut nedahaken bilih ing salebeting ukara menika migunakaken pola eksplisit . Hubungan makna akibat-sebab ing data nginggil menika nedahaken sifat kerepetitifan ingkang asor. Tegesipun proposisi akibat saha proposisi sebab ingkang karantam ing ukara menika saged dipermutasikan tanpa ngirangi informasi ing wacana kasebut. Asiling mutasi klausa ing ukara kasebut saged dipunwaos ing ngandhap menika. 25a Kita gatekake yen persiapan kita ngadhepi SEA Games iki pas- pasan yen ora arep dikandhakake kurang banget. Jurungan dana saka pamerintah uga rendhet. Contone merga dana janjine pemeritah durung mudhun, para pemanah kepeksa tuku dhewe peralatane panah gendhewa lsp. Data salajengipun ingkang ngewrat konjungsi kausalitas ‘amarga’. 27 Amarga kampanye ngene iki, rodha ekonomi dadi mubeng luwih banter . Prodhuk-prodhuk kaya tekstil, kaos lsp laris lan okeh tambahan order. Para artis lan seniman akeh sing nanggap. Akeh baliho, atribut, spanduk, poster, stiker lsp sing dipasang, caleg padha blusukan, aweh bantuan sembako. Persewaan panggung lan sound sistem rame, sing kabeh mau mbutuhake wragad sing sakhohak saka para caleg. DL: 33PS 132014 Perangan saking data nginggil menika ingkang ngewrat hubungan makna kausalitas inggih menika ukara pisanan. Ukara menika karantam kalih klausa, klausa pisanan nedahaken makna sebab inggih menika amarga kampanye ngene iki. Wondene klausa candhakipun nedahaken makna akibat, inggih menika rodha ekonomi dadi mubeng luwih banter. Wontenipun konjungsi kausalitas ‘amarga’ ing ukara menika nedahaken bilih pola hubungan makna kausalitas ing ukara kasebut inggih menika pola eksplisit. Struktur makna ing ukara kasebut inggih menika gadhah hubungan makna sebab-akibat. Data ing nginggil ugi gadhah sifat kerepetitifan ingkang asor, saengga saben klausanipun saged dipunpindah tanpa ngirangi informasi ingkang wonten. Asiling mutasi inggih menika 27a Rodha ekonomi dadi mubeng luwih banter , amarga kampanye ngene iki. 2 Konjungsi Kausalitas ‘sebab’ saha ‘disebabake’ Sami kaliyan konjungsi kausalitas merga saha amarga ing ngingil menika bilih konjungsi kausalitas sebab saha disebabake ugi minangka penandha hubungan makna kausalitas . Proposisi ingkang ngewrat konjungsi sebab saha disebabake nedahaken makna sebab, lajeng proposisi sanes minangka makna akibat . Awit kados makaten, hubungan makna kausalitas gadhah gegayutan makna ingkang asifat timbal balik. Ing ngandhao menika badhe kaandharaken asiling panaliten ngengingi data ingkang ngewrat hubungan makna kausalitas kanthi migunakaken konjungsi sebab saha disebabake. 28 Indonesia wis kena diarani tingkat darurat pedofilia lan wis nguwatirake banget, sebab angkane tansah mundhak saben taune. Komnas perlindungan anak nyathet jenis kejahatan anak taun 2007. Saka 1992 kasus kejahatan bocah 61,8 1.160 kasus sodomi anak. Taun 2009 ana 1998 kekerasan marang anak. Taun 2010 ana 2.335 kekerasan, taun 2011 ana 2059 sing 59 minangka kekerasan seksual. Taun 2012 ana 2637 laporan, 62 kasus kekerasan seks. Taun 2013 saora-orane wis ana 1600 kasus asusila, wiwit pencabulan nganti kekerasan fisik. DL : 47 PS 202014