Hubungan Makna Kausalitas Wacana Hukum saha Kriminalitas

kabetahan pirantinipun mawi dana pribadhi amargi dana saking pamerintah dereng cair. Saking andharan wosipun wacana ing inggil menika nedahaken bilih wacana menika kalebet jinis wacana olahraga saha kasarasan amargi ngrembag prekawis ing bidang olahraga.

h. Hubungan Makna Kausalitas Wacana Pendidikan

Miturut KBBI 2008: 326, pendidikan adalah proses pengubahan sikap dan tata laku seseorangkelompok dalam usaha mendewasakan manusia melalui upaya pengajaran dan pelatihan, proses, cara, perbuatan mendidik . Wacana pendidikan inggih menika wacana ingkang ngewrat samubarang ingkang wonten gayutipun kaliyan bidang pendidikan. Dados, HMK wacana pendidikan inggih menika wacana ingkang gadhah hubungan makna sebab-akibat saha gayut kaliyan prekawis pendidikan, tuladhanipun ing ngandhap menika. Sistem unas iki wis dadi momok sing diwedeni banget. Wali murid, guru, sekolah, kepala dinas, bupati, wali kota nganti menteri kabeh kepengin siswa-siswane lulus. Emane, bab iki njalari akeh sing banjur ora perduli carane, kalebu cara haram supaya bisa lulus. PS no. 237 Juni 2014 Saking andharan ing inggil menika saged dipunmangertos bilih sistem unas utawi ujian nasional dados prekawis ingkang paling dipunajrihaken dening sedaya pihak. Awit siswa kawastanan kasil nggayuh pendidikan kanthi predikat lulus. Bab menika ndayani sedaya pihak ingkang gayut kaliyan bidang pendidikan sami memikir kadospundi caranipun siswa-siswinipun nggayuh kelulusan saha sukses ing ujian nasional. Kathah cara dipuntindakaken dumugi cara-cara ingkang awon. Tuladha wacana pendidikan ing inggil menika gadhah unsur sebab-akibat. Unsur ‘sebab’ kasebut inggih menika ‘wali murid, guru, sekolah, kepala dinas, bupati, wali kota nganti menteri kabeh kepengin siswa- siswane lulus’. Dene unsur akibat inggih menika ‘akeh sing banjur ora perduli carane, kalebu cara haram supaya bisa lulus ’. Kalih unsur ing inggil menika dipungayutaken kaliyan tembung ‘njalari’ minangka konjungsi kausalitas.

3. Fungsi Hubungan Makna Kausalitas ing Wacana Tajuk

Fungsi hubungan makna kausalitas inggih menika kangge nggayutaken proposisi ingkang nedahaken makna sebab kaliyan proposisi ingkang gadhah makna akibat, saengga kalih proposisi menika ingkang mujudaken wacana utuh. Pramila, keutuhan wacana dipuntingali saking wontenipun proposisi. Proposisi inggih menika perangan wacana ingkang mujudaken makna. Hubungan makna ing wacana minangka hubungan ingkang asipat semantis, awit kados makaten hubungan makna kausalitas ingkang kaperang saking makna sebab saha makna akibat sifatipun sami gegayutan. Proposisi sebab mesthi mbetahaken proposisi sanes minangka akibat. Hubungan makna kausalitas ing satunggaling wacana sinerat ingkang jinisipun wacana tajuk gadhah fungsi wacananipun. Kados ingkang sampun dipunandharaken ing inggil bilih wacana tajuk inggih menika artikel pokok ing media massa cetak ingkang wosipun ngengingi fakta saha pamanggih redaksi satunggaling media massa cetak tumrap topik saha prastawa ingkang saweg kadadosan. Wonten ing teks tajuk menika dipunsameptakaken informasi, fakta aktual , penegasan wigatosing perkawis, pamanggih ngengingi prekawis tartemtu saged awujud pamrayogi, panyaruwe, saha pangajeng-ajeng saking redaksi media massa cetak . Adhedhasar andharan ing inggil menika, mila fungsi hubungan makna kausalitas wonten ing wacana tajuk saged nedahaken 1 fungsi informatif, 2 fungsi panyaruwe, 3 fungsi pamrayogi, 4 saha fungsi pangajeng-ajeng. Fungsi hubungan makna kausalitas kasebut badhe kaandharaken ing ngandhap menika.

a Fungsi Informatif

Arifin 2000: 19 fungsi informasif inggih menika fungsi basa ingkang langkung nengenaken maknanipun. Fungsi menika dipunginakaken kangge paring informasi , umpaminipun nglapuraken saha ngandharaken bab tartemtu. Ing salebeting KBBI 2008: 432 informatif adalah pemberitahuan, kabar atau berita tentang sesuatu, keseluruhan makna yang menunjang amanat yang terlihat . Saking andharan menika saged kademel titikan wacana ingkang ngewrat fungsi informatif kados makaten. 1 Ngandharaken satunggaling informasi. 2 Informasi ingkang dipunmahyakaken boten dipundamel-damel tegesipun menapa wontenipun. 3 Padatanipun ngginakaken basa ingkang gampil dipunpahami. Tuladhanipun. Mledhose Gunung Sinabung wis ndadekake luwih saka wong 26.000 ngungsi lawase saka 4 wulan lan kapitunan gedhe, pengaji 713 m. PS no.51 Pebruari 2014