Hubungan Makna Kausalitas Wacana Ekonomi

kapal-kapal asing ingkang mlebet tanpa surat-surat resmi. Mlebetipun kapal-kapal asing menika kangge nyolong iwak ing samudra Indonesia. Tindakan pencurian ikan menika sampun damel kapitunan tumrap nagari dumugi triliyunan rupiyah saben taun. Saking andharan wosing wacana menika saged dipunmangertos bilih unsur sebab wacana inggih menika amarga para nelayan ing kapal asing iku wis nindakaken pencurian ikan sing wis gawe rugi triliyunan rupiyah saben taun tumrap nagari kita . Lajeng unsur akibat ingkang sampun dipunandharaken ing wacana inggih menika TNI AL kapeksa ngelemake kapal-kapal asing tanpa surat- surat sing wis mlebu kawasan teritorial Indonesia . Wontenipun unsur utawi proposisi ingkang ngandharaken sebab saha akibat ing wacana inggil menika saengga mujudakaken kepaduan makna.

f. Hubungan Makna Kausalitas Wacana Hukum saha Kriminalitas

Istilah ‘hukum’ saha ‘kriminalitas’ gadhah gegayutan inggih menika kriminalitas kalebet prekawis ingkang nglanggar ukum, ugi sewangsulipun hukum menika ngewrat kriminal. Menawi dipuntingali saking tegesipun tembung, ‘hukum’ inggih menika peraturan atau adat yang secara resmi dianggap mengikat, yang dikukuhkan oleh penguasapemerintah , undang-undang, peraturan dsb untuk mengatur pergaulan hidup masyarakat . KBBI, 2008: 510. Wondene kriminalitas inggih menika perangan-perangan ingkang sipatipun kriminal ; tumindak ingkang nglanggar ukum saha wonten gayutipun kaliyan kejahatan saha kedah dipunukum miturut undang-undang tartemtu. Tumindak ingkang nglanggar ukum kadosta korupsi, teroris, pembunuhan, saha sanesipun. HMK wacana hukum saha kriminalitas inggih menika wacana ingkang ngewrat hubungan makna kausalitas saha gegayutan kaliyan prekawis hukum saha kriminalitas, tuladhanipun ing ngandhap menika. Manut KPK, sasuwene iki wis ditemokake yen korupsi paling gedhe kedadeyan ing sektor minyak lan gas bumi. Tindak pidana korupsi ing kono wis ndadekake kapitunaning negara nganti triliunan rupiah saben taune. PS no. 2124 Mei 2014 Ukara pisanan nerangaken bilih KPK Komisi Pemberantasan Korupsi sampun manggihaken praktek korupsi ingkang paling ageng wonten ing sektor minyak saha gas bumi. Lajeng ukara kaping kalih nerangaken kapitunaning nagari Indonesia dumugi angka triliyunan rupiyah saben taun ingkang dipunsebabaken praktek korupsi ing kalih sektor menika. Saking kalih ukara menika gadhah hubungan makna kausalitas inggih menika makna sebab wonten ing ukara pisanan manut KPK, sasuwene iki wis ditemokake yen korupsi paling gedhe kedadeyan ing sektor minyak lan gas bumi . Makna akibat dipunterangaken saking ukara kaping kalih inggih menika tindak pidana korupsi ing kono wis ndadekake kapitunaning negara nganti triliunan rupiah saben taune . Wacana hukum saha kriminalitas ing inggil menika ngandharaken satunggaling tindakan pelanggaran hukum inggih menika korupsi. Miturut KPK. korupsi paling ageng ing sektor minyak saha gas bumi. Korupsi ing kalih sektor menika ndadosaken kapitunan triliunan rupiah saben taun tumrap negari kita.